Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 28 Kitab Sutji (JAV)

Bab berkah

28:1-14

1. “Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.

2. Manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kowe bakal ketekan sakehing berkah kang bakal dadi pandumanmu.

3. Kowe bakal kaberkahan ana ing jero kutha lan kaberkahan ana ing pategalan.

4. Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu.

5. Bakal binerkahan kranjangmu lan wadah jladrenmu.

6. Bakal binerkahan samangsa kowe lumebu lan bakal kaberkahan samangsa metu.

7. Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu.

8. Sang Yehuwah bakal ndhawuhake berkah tumrap ing lumbungmu lan tumrap samubarang kang koktandangi; kowe bakal kaberkahan ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

9. Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.

10. Para bangsa ing salumahing bumi banjur bakal padha weruh yen asmane Sang Yehuwah kasebut tumrap kowe, temah bakal padha ering marang kowe.

11. Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing taja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe.

12. Sang Yehuwah bakal mbikak pasimpenaning kamirahane kang luber, yaiku langit, supaya tanahmu kaparingan udan ing kala mangsane lan mberkahi sakehe pagaweanmu, temah kowe bakal ngutangi marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal utang.

13. Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen;

14. apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”

Bab laknat

28:15-46

15. “Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:

16. Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan.

17. Bakal kena ing laknat kranjangmu lan wadhah jladrenmu.

18. Bakal kena ing laknat wohing wetenganmu lan pametuning palemahanmu, anak-anake sapimu lan wetengane wedhusmu.

19. Kowe bakal kena ing laknat samangsa lumebu, lan kena ing laknat samangsa metu.

20. Sang Yehuwah bakal ndhatengake laknat, dahuru lan bebendu ana ing antaranira tumrap sakehe pagawean kang sira tandangi, nganti sira tumpes lan sirna kanthi enggal, marga saka panggawenira kang ala, anggonira mungkur ninggal marang Ingsun.

21. Sang Yehuwah bakal ndhatengake pageblug pes marang kowe, nganti kowe kasirnakake saka ing tanah kang kokparani lan kokenggoni.

22. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara watuk getih, panastis, panas kang nganti nggosongake awak, tatu kang mbebayani apadene mangsa ngerak, ama lan lelara gandum, kabeh iku bakal nempuh marang kowe nganti satumpesmu.

23. Langit kang ana ing sadhuwure sirahmu bakal dadi kaya tembaga lan tanah kang kokambah bakal dadi kaya wesi.

24. Sang Yehuwah bakal nurunake udan awu lan bledug ing nagaramu, kabeh mau bakal nibani kowe saka ing langit nganti tumeka ing satumpesmu.

25. Sang Yehuwah bakal marengake kowe kagecak kabeh dening mungsuhmu. Anggonmu nglurug bakal ngambah ing dalan siji, nanging anggonmu keplayu saka ing ngarepe bakal metu ing dalan pitu; nganti kowe nukulake rasa girise sakehe karajan ing bumi.

26. Jisimmu bakal dadi memangsane sarupane manuk ing awang-awang lan beburon ing bumi, sarta bakal ora ana kang nggusahi.

27. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan memala wudun ing Mesir, kalawan plentung, bengkoyok lan kadhas-kudhis, kang nganti ora bisa mari.

28. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara edan, wuta sarta bubrah ing nalar,

29. temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi.

30. Kowe bakal pepacangan karo wong wadon, nanging wong liya kang bakal ngewori turu. Kowe bakal gawe omah, nanging ora bakal kokenggoni. Kowe bakal gawe pakebonan anggur, nanging ora bakal ngrasakake wohe.

31. Sapimu bakal disembeleh ana ing ngarepmu, nanging kowe ora bakal mangan daginge; kuldimu bakal dirampas saka ing ngarepmu, lan ora bakal dibalekake marang kowe. Wedhusmu bakal padha kaulungake marang mungsuhmu, mangka bakal ora ana kang teka mitulungi kowe.

32. Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa.

33. Sawijining bangsa kang ora kokwanuhi kang bakal mangan pametuning lemahmu lan sakehe wohe kangelanmu; kowe tansah bakal ditindhes lan dikaniaya.

34. Kowe bakal dadi owah engetan marga saka sesawangan kang kokdeleng.

35. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan tatu kang mandi ana ing dhengkul lan pupumu sarta mremen saka dlamakan tumeka ing cumplungmu, kang ora bakal bisa mari.

36. Sang Yehuwah bakal ngulungake kowe dalah rajamu kang kokadegake supaya mengku kowe, marang salah sawijining bangsa kang ora kokwanuhi, lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu; ana ing kana kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang rupa kayu lan watu.

37. Kowe bakal dadi bab kang marakake kaebatan, dadi pocapan lan pepoyokane para bangsa, ana ing wewengkon anggonmu bakal disingkirake dening Sang Yehuwah.

38. Pategalanmu bakal koksebari wiji akeh, nanging anggonmu ngundhuhi mung sathithik, marga bakal dipangani walang.

39. Kowe bakal gawe lan nanduri pakebonan anggur, nanging kowe ora bakal ngombe utawa nandho anggur, marga bakal dipangan uler.

40. Kowe bakal nduweni wit jaitun ana ing sawratane dhaerahmu, nanging kowe ora bisa nglengani awakmu, marga wohe jaitunmu bakal padha gogrog.

41. Kowe bakal duwe anak lanang lan wadon, nanging iku ora bakal padha dadi duwekmu, marga bakal padha dadi tawanan.

42. Sakabehe wit-witanmu lan pametune palemahanmu bakal diebroki grombolan walang.

43. Wong manca kang ana ing tengahmu bakal sangsaya dhuwur ngluwihi kowe, nanging kowe sangsaya keplorod.

44. Bangsa liya mau bakal ngutangi marang kowe, nanging kowe ora bakal ngutangi; iku bakal dadi sirah, nanging kowe bakal dadi buntute.

45. Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe;

46. iku mau kabeh bakal dadi pratandha lan mukjijat ana ing antaramu lan ing antarane turunmu ing salawase.”

Paprangan lan pambuwangan kang bakal dialami

28:47-68

47. “Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,

48. mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.

49. Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane;

50. bangsa kang pasemone sumengit, ora mawang marang wong tuwa lan ora melasi marang bocah;

51. kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu.

52. Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

53. Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

54. Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,

55. nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu.

56. Wong wadon ing antaramu kang ringkih lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane, kang sikile ora tau ngambah lemah awit saka anggone seneng ngumbar kekarepane lan ringkih mau, iku bakal ewa marang bojone dhewe sarta marang anake lanang lan wadon;

57. marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.

58. Manawa kowe ora nglakoni kanthi tumemen sakehe pangandika ing angger-anggering Toret kang katulisan ana ing kitab iki, lan kowe ora gelem ngajeni Asma kang mulya lan nggegirisi iki, yaiku marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

59. Sang Yehuwah bakal ndhatengake wewelak kang elok marang kowe lan marang turunmu; wewelak kang nggegirisi lan suwe lan lelara mbebayani tur suwe.

60. Panjenengane iya bakal ndhatengake sakehe memala Mesir kang kokwedeni, kabeh iku bakal padha tumemplok ing awakmu,

61. uga sarupane lelara lan sarupane wewelak kang ora katulisan ana ing kitab Toret iki, iku bakal ditekakake dening Sang Yehuwah marang kowe nganti satumpesmu.

62. Temah kekarenmu mung sathithik, mangka maune cacahmu iku kaya lintang ing langit; mulane mangkono awit kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

63. Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni.

64. Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.

65. Ana ing antarane para bangsa iku kowe ora bakal oleh katentreman, sarta dlamakanmu bakal ora oleh aso; malah ing kono kowe bakal kaparingan ati kang semplah, mripat kang kebak rasa kangen sarta nyawa kang nggrantes.

66. Uripmu bakal kompal-kampul, awan lan bengi tansah was-was lan nguwatirake uripmu.

67. Ing wayah esuk pangucapmu: Bok iya enggal bengi; lan ing wayah bengi pangucapmu: Bok iya tumuli esuk; marga atimu kebak rasa giris marga saka sesawangan kang koksipati.

68. Sang Yehuwah bakal mangsulake kowe menyang ing tanah Mesir kalawan nunggang prau, metu ing dalan kang wus Sunpangandikakake marang sira: Sira ora bakal ndeleng iku maneh. Ana ing kono sira bakal nawakake awakira marang mungsuhmu dadi batur tukon lanang lan wadon, nanging bakal ora ana kang tuku.”