Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 13 Kitab Sutji (JAV)

1. Saupama ing tengahmu ana nabi utawa wong olah impen kang muncul lan aweh pratandha utawa mukjijat,

2. mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,

3. pangajake nabi utawa wong olah inpen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.

4. Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.

5. Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.

6. Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,

7. iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,

8. iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;

9. nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.

10. Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.

11. Ing kono wong Israel kabeh bakal padha krungu temah padha wedi, temah bakal ora ana wong kang duwe pokal dursila kaya mangkono iku ana ing tengahmu.

12. Saupama ana ing salah sijine kutha kang bakal diparingake Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokenggoni, kowe krungu warta mangkene:

13. Ana wong dursila kang padha jumedhul saka ing antaramu kang wus padha nasarake wong-wong ing kuthane, kalawan pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi,

14. iku nuli titi-priksanen, satitekna lan takok-takokna kalawan tliti. Manawa jebul bener lan wus nyata ana kakadean mangkono ing satengahmu,

15. poma wong isine kutha iku banjur padha patenana kalawan landheping pedhang; kutha iku lan saisine kabeh dalah kewane kasirnakna.

16. Kabeh barang jarahan kaklumpukna ana ing tengah alun-alun, nuli kutha dalah jarahane kabeh obongen nganti entek, minangka kurban obaran kang ganep sumaos marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Kabeh iku bakal tetep dadi gempuran ing salawase, aja nganti dibangun maneh.

17. Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.

18. Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”