Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 17 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggonmu nyaosake kurban sapi utawa wedhus marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja kang ana cacade, utawa apa bae kang ala, awit iku jember kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Paukuman pati tumrap wong kang nyembah brahala

17:2-7

2. “Saupama ing antaramu, ing salah sawijining panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ketemu ana wong lanang utawa wadon kang duwe pokal ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, nerak ing prasetyane,

3. yaiku lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, utawa marang srengenge, rembulan utawa marang sakehe wadya-bala ing langit, kang wus daklarang,

4. lan manawa prakara iku dikandhakake marang kowe utawa kokrungu wartane, iku nuli titi-priksanen kang tliti, saupama nyata lan genah ana kadadean mangkono, dadi jejember iku mau wus kelakon ana ing antarane wong Israel,

5. wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.

6. Kang kaukum pati iku kudu wewaton ature seksi loro utawa seksi telu; aja nganti kaukum pati mung marga saka ature seksi siji.

7. Tangane seksi iku kang miwitana gumrageh mateni wong iku, sawuse banjur wong sabangsa kabeh. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.”

Pangadilan kang dhuwur dhewe

17:8-13

8. “Saupama ana sawijining prakara kang kokrasa angel banget pamutuse, upamane: bab raja-pati, bab gugat-ginugat, bab raja-tatu, -- prakara pandakwa ing panggonanmu --, nuli kowe sebaa menyang ing papan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;

9. yaiku marang para imam wong Lewi lan marang hakim kang ana ing wektu iku lan nyuwuna putusan. Iku kang bakal padha mratelakake putusaning hakim marang kowe.

10. Kowe iya tumuli nglakonana apa kang dadi putusane, saka ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah. Kowe nglakonana kalawan setya sakehe pituduhe marang kowe.

11. Kowe tumindaka manut pituduh kang diwenehake marang kowe lan manut putusan kang dikandhakake marang kowe; aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen saka putusan kang diwenehake marang kowe.

12. Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.

13. Wong sabangsa kabeh bakal padha krungu bab iku, satemah padha wedi lan ora bakal kumawani maneh.”

Bab kawajibane para ratu

17:14-20

14. “Besuk samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing saubengku,

15. kang kokadegake dadi ratu ngamungna kang kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kang kokadegake dadi ratumu iku kudu saka ing satengahe para sadulurmu, ora kena wong bangsa liya kang dudu sadulurmu, kang kokadegake dadi ratu mengku kowe.

16. Ratu iku aja nganti ngingu jaran akeh-akeh lan aja mbalekake bangsa iku menyang ing tanah Mesir supaya oleh jaran akeh, awitdene wus ana dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe: Ing tembe sira aja bali ngliwati dalan iki maneh.

17. Karomaneh garwane iya aja nganti akeh-akeh, supaya atine aja nyleweng; iya aja banget-banget anggone kasengsem marang emas lan salaka.

18. Samangsa wus kelakon lenggah ing dhamparing keprabon, banjur gawea layang turunane angger-angger iki, miturut kitab kang kadarbe dening para imam lan wong Lewi.

19. Iku tansah anaa ing sandhinge, sarta diwaosa ing salawase sugenge, supaya sianua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, netepi lan nglampahi angger-angger lan pranatan iki kabeh,

20. supaya aja nganti ngluhurake awake dhewe ngungkuli para sadulure, aja nyleweng saka pepakon, manengen utawa mangiwa, supaya suwe anggone mrentah, iya dheweke dhewe lan anak-putune ana ing satengahe wong Israel.”