Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 19 Kitab Sutji (JAV)

Kutha-kutha pangungsen

19:1-13

1. “Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes bangsa-bangsa kang nagarane diparingake marang kowe dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe wus ngejegi wilayahe lan padha ngenggoni kutha-kuthane lan omah-omahe,

2. kowe banjur miliha kutha telu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang kokejegi iku.

3. Dalane tetepna dohe, lan tlatahe tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadia darbekmu iku perangen dadi telu, supaya saben wong kang gawe pati bisaa ngungsi mrono.

4. Anadene mungguh wong gawe pati kang ngungsi mrono supaya bisaa lestari urip, iku pathokane mangkene: Wong kang njalari patine pepadhane tanpa kajarag, lan ora duwe sengit marang wong mau ing sadurunge,

5. kayata: Ana wong lumebu ing alas karo kancane arep negor kayu, nalika tangane mbabitake wadunge arep negor kayu, wesine wadung mlesat saka ing garane, ngenani kancane, temah mati; iku nuli ngungsia menyang salah sijine kutha iku mau kareben tetep urip.

6. Supaya waris pulih getih iku ing sajrone panas atine, anggone mburu marang wong kang gawe pati mau arep dicekel lan dipateni aja nganti ketututan, marga lete adoh, mangka kang gawe pati mau ora sapatute nampani paukuman pati, marga mau-maune pancen ora nduweni rasa sengit.

7. Mulane kowe dakprentahi mangkene: Mijekna kutha telu.

8. Karodene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar jajahanmu, kaya kang wus dadi prasetyane kanthi supaos marang para leluhurmu, sarta kowe wus diparingi sakehe tanah kang wus diprasetyakake marang para leluhurmu iku mau;

9. -- anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe --, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,

10. supaya aja ana getihe wong kang resik kawutahake ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi darbekmu, temah kowe dadi kapotongan getih.

11. Balik manawa ana wong kang sengit marang pepadhane, sarta dhedhemitan ngenteni kang disengiti iku, wasana kelakon ditempuh lan dikepruk nganti mati, sawuse mangkono nuli lumayu ngungsi menyang salah sijine kutha iku mau,

12. ing kono para tuwa-tuwane nagara kongkonana nyekel wong mau saka ing kono, banjur dipasrahna marang tangane si waris pulih getih supaya kapatenana.

13. Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”

Larangan ngelih pathok wates tanah

19:14

14. “Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”

Bab seksi

19:15-21

15. “Seksi iku manawa mung siji ora kena kanggo nggugat marang wong bab prakara kaluputan apa bae utawa dosa kapriye bae kang bokmanawa dilakoni. Bisane prakara dianggep sah mung landhesan ature seksi loro utawa seksi telu.

16. Saupama ana seksi cidra ndakwa marang wong bab salah sawijining panerak,

17. wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.

18. Para hakim mau banjur niti-priksaa kang tliti, dene saupama katitik paseksine iku palsu lan pandakwane goroh marang sadulure,

19. wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

20. Supaya wong-wong liyane kang padha krungu wartane padha wedi, temah sabanjure ora nganti ana maneh kang nglakoni kadursilan kaya mangkono iku ana ing tengahmu.

21. Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”