Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 11 Kitab Sutji (JAV)

Keluhuraning Pangeran Yehuwah

11:1-7

1. “Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.

2. Saiki kowe padha sumurup -- kang daktuturi iku dudu anak-anakmu, kang padha ora ngerti lan padha ora weruh marang pamerdine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu --, kaluhurane astane kang rosa lan lengen kang kaulukake,

3. pratandha lan pakaryane kang ditindakake ana ing Mesir marang Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir lan marang ing saindenging nagarane,

4. uga kang ditandukake marang wadya-bala Mesir dalah jaran lan kretane, yaiku anggone Panjenengane damel klelebe banyune sagara Teberau, nalika padha nututi kowe, banjur padha katumpes dening Sang Yehuwah kanggo ing salawase.

5. Mangkono uga apa kang ditandukake marang kowe ana ing pasamunan, nganti satekamu ing panggonan iki,

6. sarta maneh kang ditandukake marang Datan lan Abiram, anake Eliab, turune Eyang Ruben, nalika bumi ngangapake cangkeme nguntal wong-wong mau sabrayate dalah tarub-tarube apadene kabeh kang padha ngeloni wong-wong mau ana ing satengahe wong Israel saumat kabeh.

7. Mripatmu dhewe rak padha weruh sakehe pandamele Pangeran Yehuwah kang linuwih kang katindakake.”

Pambangun-turut nekakake berkah, ora nurut nuwuhake pangipat-ipat

11:8-32

8. “Mulane padha netepana sakehe angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya kowe padha kaconggaha lumebu lan ngejegi nagara kang kok parani lan bakal kokenggoni,

9. sarta supaya kowe padha kaparingana umur dawa ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu kalawan supaos, yen bakal kaparingake marang para leluhurmu lan marang turune, sawijining nagara kang luber puwan lan madu.

10. Sabab nagara kang kokparani arep kokejegi iku kaanane ora kaya tanah Mesir kang wus koktinggal lunga, kang sawuse koksebari wiji, banjur kudu koksirami banyu kanthi ngrekasa, patrape kaya nggarap pakebonan janganan.

11. Balik nagara kang kokparani arep kokejegi iku wujud gunung-gunung lan lebak-lebak, oleh banyu udan saka ing langit;

12. nagara kang diopeni dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nagara kang tansah dipirsani ing tingale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing wiwitaning taun nganti tumeka ing wekasaning taun.

13. Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,

14. mesthi Panjenengane bakal maringi udan ing tanahmu ing saben mangsane, iya udan wiwitan lan udan kang wekasan, satemah kowe bakal nglumpukake gandummu, anggurmu lan lengamu;

15. sarta Panjenengane bakal maringi suket ana ing pangonan kanggo kewanmu, sarta kowe bakal bisa mangan nganti wareg.

16. Padha ngati-atia, supaya atimu aja kena ing godha, temah kowe padha nyimpang sarana ngabekti lan sujud marang allah liya-liyane.

17. Yen kaya mangkono, bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe sarta langit bakal kainebake, temah ora ana udan lan bumi ora aweh pametu, sarta kowe enggal padha tumpes sirna saka ing nagara kang becik peparinge Pangeran Yehuwah marang kowe.

18. Mulane pituturku iki padha simpenen ana ing atimu lan ing nyawamu, sarta padha talenana minangka pratandha ing tanganmu, padha dadia tenger ana ing sela-selane mripatmu.

19. Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;

20. padha tulisana ana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuraning kuthamu;

21. supaya dawaa umurmu lan umure anak-anakmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu, yen bakal kaparingake, sasuwene langit mayungi bumi.

22. Sabab manawa kowe padha temen-temen netepi surasane angger-angger kang dakluntakake marang kowe supaya padha koklakoni iku, sarta tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumaku ing sakehing dalan kang ditedahake, apadene rumaket marang Panjenengane,

23. Pangeran Yehuwah masthi bakal nundhungi sakehe bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe bakal padha ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang luwih gedhe lan luwih rosa tinimbang kowe.

24. Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.

25. Bakal ora ana kang kuwat nandhingi marang kowe, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ndadekake sakehing nagara kang kokambah, wonge padha giris lan wedi marang kowe, kaya kang kajanjekake dening Sang Yehuwah marang kowe.

26. Lah ing dina iki kowe padha dakkon milih, berkah apa laknat.

27. Berkah, manawa kowe padha ngestokake pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;

28. lan laknat, manawa kowe padha ora ngestokake pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nyleweng saka ing dalan kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, tuwin ngetut-buri marang allah liyane kang ora kokweruhi.

29. Dadi samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid lakumu lumebu ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi, kowe kudu ngucapake berkah ana ing gunung Gerizim lan laknat ana ing gunung Ebal.

30. Karo-karone rak kaprenah ana ing sakulone bengawan Yarden, ing saburine dalan gedhe ing sisih surupe srengenge, ana ing nagarane wong Kanaan kang manggon ana ing Araba-Yordan, ing penere Gilgal, cedhak wit elon ing More?

31. Sadhela engkas kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden, lumebu lan ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe; dene samangsa nagara iku wus kelakon padha kokenggoni lan kokebeki,

32. kowe padha nglakonana sakehe katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”