Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 21 Kitab Sutji (JAV)

Bab nganakake pirukun marga saka anane raja-pati kang samar

21:1-9

1. “Saupama ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu, ana wong mati marga dipateni ana ing ara-ara, tanpa kaweruhan sapa kang mateni,

2. ing kono para tuwa-tuwamu lan para hakimmu padha metua sarta ngukur dohe panggonaning pepati mau tekan ing kutha-kutha saubenge.

3. Kutha kang nyata cedhak dhewe karo panggonane pepati mau, para tuwa-tuwane kutha iku njupuka sapi wadon nom siji, kang durung tau dimagawekake, iya durung tau nggered kalawan dietrapi pasangan.

4. Sapi iku banjur digawaa dening para tuwa-tuwa mau menyang sawijining lebak kang tansah ana banyune, kang durung tau digarap utawa disebari; sapi nom mau tumuli ditugela cengele ana ing kono, ana ing lebak kono.

5. Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.

6. Sakehe para tuwa-tuwane kutha kang cedhak dhewe karo panggonane pepati iku tumuli padha wisuha tangane ing sadhuwure sapi kang katugel cengele ana ing lebak mau,

7. sarta padha nglairna katrangan mangkene: Sanes tangan kawula ingkang ngwutahaken rah punika, saha mripat kawula boten nyumerepi.

8. Paduka mugi karsaa ngawontenaken pirukun kangge umat Paduka Israel, ingkang sampun Paduka tebus punika; dhuh Yehuwah, umat Paduka Israel mugi sampun ngantos Paduka dhawahi rahipun tiyang ingkang boten lepat. Margi saking rah punika lajeng sampun dipun wontenaken pirukun kangge tiyang-tiyang punika.

9. Kaya mangkono anggonmu mbirat getihe wong kang ora salah saka ing tengahmu, marga srana patrap mangkono kowe nglakoni kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.”

Tawanan wadon kang diepek bojo

21:10-14

10. “Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, sarta iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan kokdadekake tawanan,

11. mangka ing antarane wong-wong mau kowe weruh ana wong wadon kang ayu rupane, temah kowe kepengin arep ngepek wong wadon iku dadi somahmu,

12. wonge banjur gawanen lumebu ing omahmu, wong wadon iku tumuli nyukura rambute lan ngethokana kukune,

13. cuculana sandhangane kang dianggo nalika katawan, banjur manggona ana ing omahmu kalawan nangisi bapa-biyunge sasasi lawase. Sawuse mangkono lagi kena kokcedhaki, temah kowe dadi bojone lan wong wadon iku dadi bojomu.

14. Anadene samangsa wong wadon mau wus ora koksenengi, nuli lilanana lunga ing sasenenging atine; poma aja kokedol nganggo bayaran dhuwit, iya ora kena kokrengkuh kayadene batur, marga wong iku wus kokpeksa.”

Bab wewenanging pambarep

21:15-17

15. “Saupama ana wong kang duwe rabi loro, kang siji ditresnani, sijine ora ditresnani, mangka karo-karone padha nglairake anak lanang, yaiku wong wadon kang ditresnani lan kang ora ditresnani, mangka kang pambarep iku patutan karo kang ora ditresnani,

16. nalika wong mau andum warisan marang anak-anake, ora kena menehake wewenanging anak pambarep marang anake somah kang ditresnani, marga manawa mangkono iku bakal ngrugekake anake somah kang ora ditresnani awit iku kang pambarep.

17. Anake somah kang ora ditresnani kang dadi pambarep iku diakonana lan kudu dipandumi warisan rong bagean saka saduweke kabeh, awitdene iku kang dadi wiwitaning kakuwatane, iya kang kebener nduweni wewenang pembarep.”

Bab anak kang duraka

21:18-21

18. “Manawa ana wong kang duwe anak lanang wangkal lan wangkot kang ora mbangun-turut marang pituture bapa lan biyunge, sanadyan wus dipethes, iya meksa ora ngrewes,

19. bocah iku diladekna dening bapa-biyunge marang para tuwa-tuwane kutha kono ana ing gapuraning papan panggonane,

20. banjur padha matura marang tuwa-tuwane kutha: Anak kula punika wangkal lan wangkot, boten ngrewes dhateng tembung-tembung kula, tansah mbruwah sarta remen endem-endeman.

21. Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”

Bab pangubure wong kang kaukum pati

21:22-23

22. “Manawa ana wong nglakoni dosa kang kebener kaukum pati, sarta kelakon dipateni, nuli kokgantung ing saka,

23. jisime aja nganti nginep gumantung ing saka mau, nanging poma kakubura ing dina iku uga; awitdene wong kang kagantung iku kena ing laknate Gusti Allah; kowe aja nganti najisake tanah kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi duwekmu.”