Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 33 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Musa mberkahi taler-taler Israel

33:1-29

1. Iki berkah kang kaparingake dening Nabi Musa abdine Gusti Allah marang wong Israel sadurunge seda;

2. pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.

3. Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, -- punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.

4. Anggon kita padha kaparingan angger-anggering Toret iku lumantar Nabi Musa, iku dadi darbeke pasamuwane Rama Yakub.

5. Panjenengane dadi ratu ana ing Yesyurun, nalika para panggedhene bangsa padha nglumpuk bebarengan, yaiku sakehe talere Israel.

6. Kareben Ruben urip, aja mati, nanging wonge cikben sathithik cacahe.”

7. Lan iki kang tumrap Yehuda, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi miyarsakaken unjukipun Yehuda, saha mugi Paduka wangsulaken dhateng bangsanipun, asta Paduka mugi nyarirani perangipun, saha Paduka mugi karsaa mitulungi nglawan mengsahipun.”

8. Tumrap Lewi, unjuke:“Tumim saha Urim Paduka punika dadosa gadhahanipun tiyang ingkang Paduka kasihi, ingkang sampun Paduka cobi wonten ing Masa saha ingkang sampun Paduka pabeni wonten ing sacelakipun tuk ing Meriba;

9. ingkang ngucap bab bapa-biyungipun: Aku ora mreduli; saha ingkang boten purun tepang kaliyan para sadherekipun sarta boten mreduli dhateng anak-anakipun. Awitdene tiyang-tiyang Lewi punika sami ngestokaken dhawuh Paduka saha netepi prajanjian Paduka.

10. Sami mulangaken pranatan Paduka dhateng Yakub, saha angger-angger Paduka dhateng Israel; sami kekutug wangen-wangen wonten ing ngarsa Paduka saha nyaosaken kurban ingkang kabesmi sadaya wonten ing misbyah Paduka.

11. Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa mberkahi kakiyatanipun, saha pedalemanipun mugi ndadosna ing kaparenging panggalih Paduka. Tiyang ingkang sami nglawan tuwin nyengiti mugi Paduka remuk bangkekanipun, ngantosa sami boten saged ngadeg malih.”

12. Tumrap Benyamin iku pangandikane:“Iku kekasihe Sang Yehuwah, kang tentrem pamanggone ana ing ngarsane. Sang Yehuwah kang tansah ngayomi sarta dedalem ana ing ereng-erenging gununge.”

13. Tumrap Yusup, pangandikane:“Nagarane muga kaberkahana dening Sang Yehuwah kalawan pepethingan saka ing langit; kalawan ebun lan banyuning samodra agung kang saka ing dhasaring bumi;

14. saka adi-adining pametune srengenge, lan kalawan pepethinganing kang diwetokake dening rembulan;

15. kalawan adi-adining pametune gunung-gunung kang saka wiwitan mula, kalawan pepethinganing pametune punthuk-punthuk kang wus maabad-abad anane;

16. sarta kalawan pepethingane bumi saisine; apadene sih-kadarmane Kang dedalem ana ing grumbul eri. Kabeh iku tumuruna ing sirahe Yusup, iya ing embun-embune kang pinunjul dhewe ana ing antarane para sadulure.

17. Pambareping sapine kang dadi kaluhurane, lan sungune kaya sungune bantheng; iku bakal digawe nyundhang bangsa-bangsa ing salumahing bumi, saka ing poncot tekan ing poncot. Yaiku wong Efraim kang puluhan ewu lan wong Manasye kang ewon.”

18. Tumrap Zebulun pangandikane:“He Zebulun, bungah-bungaha marga saka laku-lakumu, lan kowe Isakhar marga saka tarub-tarubmu;

19. bangsa-bangsa bakal diundang menyang gunung; ana ing kono bakal padha nyaosake kurban sembelehan kang bener, awit bakal padha nesep kaluberaning sagara lan raja-brana kang kapendhem ana ing jero pawedhen.”

20. Tumrap Gad pangandikane:“Pinujia Panjenengane kang maringi omber marang Gad. Pamanggone Gad iku kaya singa wadon lan nyempal bau, malah tekan balung cumplung pisan.

21. Gad milih bagean kang becik dhewe, marga ana ing kono panyimpene bageane para senapati: nuli nekani para panggedhene bangsa iku; sarta nindakake kaleresane Sang Yehuwah apadene pangadilane bebarengan karo wong Israel.”

22. Tumrap Dhan pangandikane:“Anadene Dhan iku anak singa kang mlumpat metu saka ing Basan.”

23. Tumrap Naftali pangandikane:“Naftali iku kawaregan ing sih-kamirahane Sang Yehuwah lan kaluberan ing berkahe; tlaga lan tlatah kidul iku ebekana!”

24. Tumrap Asyer pangandikane:“Asyer iku binerkahana ana ing antarane para putra, dadia kakasihe para sadulure, lan nyelupna sikile ing lenga.

25. Wesi lan tembaga dadia slaraking lawangmu, lan kasantosanmu lestaria sajege uripmu.

26. Ora ana kang madhani Gusti Allah, he Yesyurun. Kang nenitih nglangkungi langit mitulungi kowe, lan ngagem kaluhurane ngambah ing mega.

27. Gusti Allah kang langgeng iku dadi pangaubanmu, lan ing ngisormu ana bau-bau kang langgeng. Panjenengane nundhungi mungsuh saka ing ngarepmu, sarta ngandika: Tumpesen!

28. Kalawan tentrem pamanggone Israel, sumbere Yakub lestari, ora kareridhu ana ing nagara kang kadunungan gandum lan anggur, malah langite nurunake ebun.

29. Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”