Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 15 Kitab Sutji (JAV)

Bab taun lunasing utang

15:1-11

1. “Saben pendhak pitung taun kowe nganakna palunasan utang.

2. Mungguh carane palunasan iku mangkene: Saben wong kang motangake iku nglilakna apa kang diutangake marang pepadhane, aja nganti nagih marang pepadhane utawa sadulure, marga wus ana undhang-undhang bab palunasan kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah.

3. Tumrap wong bangsa liya iku kena koktagih, nanging kang kokutangake marang sadulurmu iku lilakna.

4. Dadi ing antaramu aja nganti ana wong miskin, marga Sang Yehuwah mesthi bakal ngluberake berkahe marang kowe ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi tanah-pusakamu;

5. anggere kowe padha nggatekake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan temen-temen, lan nglakoni kalawan temen-temen sakehing angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.

6. Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus mberkahi kowe, kaya kang wus dadi dhawuhe marang kowe, temah kowe bakal motangake marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal golek utangan, sarta bakal nguwasani bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal dikuwasani.

7. Saupama ing antaramu ana wong miskin panunggalane sadulurmu ana ing salah sawijining panggonanmu, ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ing kono kowe aja nganti ora maelu utawa mung sedhakep tangan bae ana ing ngarepe sadulurmu kang miskin mau,

8. nanging tanganmu malah egarna kang amba lan utangana kalawan blaba, cukup kanggo kabutuhane.

9. Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.

10. Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.

11. Awitdene mungguh wong miskin iku salawase bakal tansah ana bae ing nagara kono; mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingkrangan lan kang miskin ana ing nagaramu.”

Mardikakake batur tukon Ibrani

15:12-18

12. “Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.

13. Dene samangsa koklilani mardika, aja koklungakake kalawan legeh bae,

14. sangonana kanthi loma saka pepanthaning wedhusmu lan saka panutonmu sarta saka pamipitanmu anggur, cundhuk karo berkahing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

15. Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.

16. Nanging saupama baturmu mau duwe atur marang kowe: Kula boten badhe medal nilar panjenengan! -- marga wus tresna marang kowe lan brayatmu, sarta wus kepenak ana ing panggonanmu,

17. nuli kowe njupuka uncek, kacoblosna ing godhohing kupinge tumempel ing lawang, temah dadi baturmu salawase. Dene baturmu wadon iya kagawea kaya mangkono uga.

18. Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”

Bab pembareping raja-kaya

15:19-23

19. “Sadhengah pembarep lanang kang lair ana ing antarane sapimu lan wedhusmu, iku kasengkera kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; pembarepe sapimu aja kokanggo magawe, lan pembarepe wedhusmu aja kokbathili.

20. Daginge iku panganen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saben taun, iya kowe dalah brayatmu ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah.

21. Nanging manawa ana cacade pincang utawa picak, utawa sadhengah cacad kang ala, iku aja nganti koksaosake marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

22. Iku kena kokpangan daginge ana ing panggonanmu, wong najis karo kang ora najis padha bae dipadha kaya yen mangan daging kidang utawa daging menjangan.

23. Mung getihe aja kokpangan; iku esokna ing bumi kaya banyu.”