Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 18 Kitab Sutji (JAV)

Pengasilane para imam lan wong Lewi

18:1-8

1. “Anadene para imam wong Lewi lan sakehe talere Lewi kabeh aja padha melu nduweni panduman tanah-pusaka bebarengan karo wong Israel; kang dadi bageane iya iku kurban genenan kang konjuk marang Sang Yehuwah lan apa kang dadi sengkeran kagungane.

2. Aja nduweni panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Sang Yehuwah piyambak kang dadi ebeke, kaya kang wus dijanjekake.

3. Mungguh kang dadi wewenange para imam tumrap rakyat yaiku anggone nampani saka para umat kang padha ngladekake kurban sembelehan, dadia sapi utawa wedhus, iku mangkene: imam iku diaturana sampil ngarep siji, uwange loro apamaneh babate.

4. Wiwitaning panenanmu gandum lan anggur sarta lenga apadene wiwitaning bathilane wedhusmu iku iya aturna.

5. Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus milih wong iku saka ing antarane sakehe talermu, supaya tansah ngladeni Sang Yehuwah lan nganakake pangibadah, iya dheweke lan para anake salawas-lawase.

6. Manawa ana wong Lewi teka saka ing salah sawijining kutha kang kalebu tlatah Israel, iya panggonane neneka, sarta kanthi karepe dhewe nekani panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah,

7. lan banjur nganakake pangibadah atas asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, padha kaya sadulure wong Lewi kang padha ngladeni Sang Yehuwah ana ing kono,

8. iku cadhonge kagawea racak padha, iku kajaba pepayone anggone ngedol barang warisane saka leluhure.”

Bab juru tenung lan juru petung

18:9-22

9. “Samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, kowe aja banjur sinau nglakoni jejember kang ditindakake dening bangsa-bangsa ing kono.

10. Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,

11. kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.

12. Awitdene sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan iya marga saka jejember iku para bangsa mau padha katundung metu saka ing ngarepmu dening Pangeran yehuwah, Gusti Allahmu.

13. Uripmu ditanpa cacad ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

14. Sabab para bangsa kang tanahe arep kokejegi iku padha neges marang juru tenung lan juru pethek, nanging kowe iku ora diparengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nindakake kang kaya mangkono mau.

15. Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.

16. Cocog karo apa kang koksuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing biyen ana ing gunung Horeb, mbeneri kumpulan pangibadah, aturmu: Sampun ngantos kula mireng sabdanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, kula malih, sarta sumerep latu ageng punika, supados kula sampun ngantos nemahi pejah.

17. Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: Apa kang diucapake iku becik.

18. Nabi kang saka ing antarane pada kadange kaya sira iku bakal Sunangkat kanggo wong-wong iku, sarta pangandikaningSun bakal Sundekek ing lesane, sarta apa kang Sunprentahake iku bakal dilairake marang wong-wong mau.

19. Sapa wong kang ora ngestokake ing pangandikaningSun kang bakal dilairake dening nabi iku demi asmaningSun, iku mesthi Sunpundhut tanggung-jawabe.

20. Nanging nabi kang kuwanenen ngucapake pitutur atas asmaningSun, mangka dudu Ingsun kang ndhawuhi ngucapake, utawa kang duwe pitutur atas jenenge allah liyane, nabi kaya mangkono iku poma kaukuma pati.

21. Saupama kowe duwe osik ing sajroning atimu: Kapriye bisaku ngerti marang pitutur kang dudu dhawuhe Sang Yehuwah.

22. Iku mangkene: Endi kang diucapake dening nabi atas asmane Sang Yehuwah, mangka tembunge iku ora kelakon lan ora netes, iku pitutur kang dudu dhawuhe Pangeran Yehuwah; nabi mau kuwanenen anggone ngucapake, aja wedi karo wong kang kaya mangkono iku.”