Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 6 Kitab Sutji (JAV)

Tresna marang Gusti Allah iku dhawuh kang utama

6:1-25

1. “Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,

2. supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.

3. Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.

4. He Israel, ngrungokna, Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kita, Pangeran Yehuwah iku siji.

5. Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.

6. Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,

7. lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.

8. Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,

9. apadene padha tulisana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuramu.

10. Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, -- kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,

11. sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu --, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,

12. nuli dingati-ati aja nganti lali marang Sang Yehuwah kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.

13. Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.

14. Aja ngetut-buri allah liya-liyane, panunggalane allah-allahe para bangsa kang ana ing saubengmu;

15. awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.

16. Kowe aja nyoba marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya anggonmu wus padha nyoba marang Panjenengane ana ing Masa.

17. Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;

18. karomaneh kowe nglakonana apa kang bener lan kang becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya kowe ginanjara slamet, sarta lumebu lan ngejegi nagara kang becik kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu,

19. kalawan nundhungi sakehe mungsuhmu saka ing ngarepmu, kaya kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah.

20. Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,

21. nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa.

22. Pangeran Yehuwah nindakake pratandha lan kaelokan kang nggegirisi lan gawe cilaka tumuju marang ing tanah Mesir, marang Sang Prabu Pringon lan sabrayate kabeh kang padha kita sipati,

23. nanging kita banjur padha dientasake saka ing kono bakal diirid lumebu, prelu diparingi nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhur kita.

24. Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.

25. Dene manawa kita padha nglakoni sakehe pepakon iku kalawan temen-temen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kaya anggon kita padha didhawuhi, iku bakal kaetung dadi kabeneran kita.”