Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 40 Kitab Sutji (JAV)

Ayub katantang dening Gusti Allah

40:1-9

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene:

2. “Mara rumantia dikaya wong lanang;“Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan.

3. Apa sira arep ngorakake pangadilaningSunnyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe?

4. Apa tanganira kaya astaning Allah,lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane?

5. Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran,sira ngrasuka kaagungan lan prabawa!

6. Esokna nepsunira kang mulad-mulad;awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna,

7. awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna.Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!

8. Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu,kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,

9. temah Ingsun bakal ngalembana marang sira,amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”

Rumpakan bab jaran Nil

40:10-19

10. “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira.Iku mangan suket kaya sapi.

11. Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempengekakuwatane kang ana ing ototing wetenge!

12. Anggone ngencengake buntute kaya wit eres,otot-ototing pupune bebuletan,

13. Balung-balunge kaya pipa tembaga,ragangane kaya lantakan wesi.

14. Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah,makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;

15. gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane;kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.

16. Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate,ingaling-alingan ing glagah lan rawa.

17. Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane,sarta ingubengan ing wit truntum.

18. Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter;sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme,atine iya enak-enak bae.

19. Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”

Rumpakan bab baya

40:20--41:25

20. “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing,utawa njiret ilate nganggo tali?

21. Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge,utawa nyublesake gantholan ing uwange.

22. Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira,utawa bisa calathu alus marang sira?

23. Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira,temah banjur sira dadekake batur ing salawase?

24. Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk,sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?

25. Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak,utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang?

26. Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok,utawa endhase kalawan cempuling?

27. Tanganira sira tumpangna ing endhase!Elinga marang anggone tarung! --Sira ora bakal nindakake mangkono maneh!

28. pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi.Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk.