Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 7 Kitab Sutji (JAV)

Urip iku abot

7:1-21

1. “Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang,etungane umure kaya dinane wong buruh?

2. Kaya upamane batur kang kapengin marang panggonan eyub,utawa kaya buruh nganti-anti marang buruhane,

3. iya mangkono anggonku ginanjar pirang-pirang sasi kebak cilaka,sarta pirang-pirang bengi kebak pekewuh.

4. Samangsa aku mapan turu pangucapku:Besuk apa aku bakal bisa tangi?Mangka bengine mulur dawa,gawe sayah anggonku ngolang-ngaling nganti tumeka wayah repet-repet.

5. Awakku ketutupan set lan kokot-bolot,kulitku pating prentul, kang banjur mecah metu jitahe.

6. Dina-dinaku rikate ngungkuli troponging tenunan,ilange tanpa ninggal pangarep-arep.

7. Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih gesang kawula punika namung abab kemawon,sarta mripat kawula boten badhe ningali ingkang sae malih.

8. Tiyang ingkang ningali kawula sapunika, benjing sampun boten badhe ningali malih.Paduka mirsani kawula, nanging kawula sampun boten wonten.

9. Kadosdene mega ingkang lebur lajeng sirna,inggih makaten tiyang ingkang mandhap dhateng ing jagading tiyang pejah boten badhe mentas malih.

10. Boten wangsul mantuk dhateng ing griyanipun malih,boten badhe kasumerepan dening papan padununganipun malih.

11. Milanipun kawula boten badhe mekak cangkem kawula,kawula badhe matur ing salebeting karibedanipun nyawa kawula,saha badhe sesambat salebeting pait-getiringkang wonten ing manah kawula.

12. Punapa kawula punika saganten utawi naga,dene Paduka ngantos ngawontenaken pajagen tumrap kawula?

13. Manawi kawula manah: Paturonku bakal aweh panglipur marang aku,tuwin ambenku bakal ngenthengake pasambatku,

14. kawula lajeng Paduka kagetaken sarana impensarta Paduka damel giris kalayan rerupen salebeting tilem,

15. temahan kawula langkung remen dipun tekak,lajeng pejah katimbang ngraosaken kasisahan kawula.

16. Kawula sampun jeleh, kawula boten sagah gesang ing salaminipun.Kawula mugi Paduka eculaken,awit gesang kawula punika namung kados abab kemawon.

17. Manungsa punika punapa ta, dene ngantos Paduka anggep ageng,saha Paduka gatosaken,

18. Paduka tuweni saben enjing,sarta saben-saben Paduka cobi?

19. Benjing punapa anggen Paduka boten badhe migatosaken kawula malih,saha ngeculaken kawula, satemah kawula saged ngulu idu kawula?

20. Manawi kawula damel dosa, Paduka sampun kawula punapakaken,dhuh Allah, ingkang njagi manungsa?Kadospundi dene kawula Paduka dadosaken lesan,ngantos ngrekaos anggen kawula ngrembat badan kawula piyambak?

21. Saha punapa sababipun dene Paduka boten karsa ngapunten kalepatan kawula,tuwin boten karsa ngicali duraka kawula?Amargi mangke kawula badhe tilem wonten ing siti,sarta Paduka lajeng badhe madosi kawula, nanging kawula sampun boten wonten malih.”