Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 22 Kitab Sutji (JAV)

Elifas mrayogakake Ayub supaya mratobat

22:1-30

1. Elifas, wong Teman banjur mangsuli, pangucape:

2. “Manungsa iku apa maedahi tumrap Gusti Allah?Ora, wong kang nduweni akal-budi iku mung migunani tumrap awake dhewe.

3. Manawa kowe bener apa ana paedahe tumrap Kang Mahakuwasa,utawa manawa uripmu iku utama,apa Panjenengane angsal kauntungan?

4. Apa marga saka pangabektimu anggonmu kasiksalan kaparakake marang ing pangadilan dening Panjenengane?

5. Rak marga saka gedhening pialamulan tanpa wilangan kaluputanmu?

6. Awit kalawan sawenang-wenang anggonmu nampani gadhen saka sadulur-sadulurmu,lan ngrampas sandhangane para wong miskin.

7. Wong kang ngelak ora kokwenehi ngombe,wong kang keluwen ora kokwenehi mangan,

8. nanging wong kang santosa iku kang nduweni bumi,lan wong kang luhur-luhur iku kang ngenggoni.

9. Randha-randha padha koktundhung nglenthunglan baune bocah-bocah lola padha kokremuk.

10. Mulane kowe kinalang-kalang ing kala,tuwin dadakan tinempuh ing pagiris.

11. Padhangmu dadi peteng satemah kowe ora bisa ndeleng,lan banjur kleleb ing banjir.

12. Gusti Allah rak lenggah ing langit kang dhuwur?Delengen ta lintang-lintang kang dhuwur dhewe, iba-iba dhuwure!

13. Nanging ujarmu: Gusti Allah mirsa apa?Apa Panjenengane saged ngadili saka ing sadhuwure mega-mega kang peteng?

14. Panjenengane kalimputan ing mega satemah ora bisa mirsani;Panjenengane ameng-ameng ing cakrawala.

15. Apa kowe arep tetep lumaku ing dalan kang lawas,kang diambah dening para wong ala,

16. kang wus padha sinendhal sadurunge mangsa,kang bumine larud kebanjiran,

17. kang padha duwe ujar marang Gusti Allah:Sumingkira saka ing aku,Kang Mahakuwasa bisa ngapakake aku?

18. Ewasamono iya Panjenengane iku kang ngebaki omahe kalawan samubarang kang becik --nanging rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

19. Para wong mursid padha ndeleng lan padha bungah;sarta wong kang tanpa kaluputan padha moyoki, calathune:

20. Sanyata, satruku wus tumpes,lan apa kang katinggal wus entek kamangsa ing geni.

21. Dirukun kalawan Gusti Allah supaya kowe tentrem;sarana mangkono kowe bakal oleh kabegjan.

22. Tampanana piwulanging lesane,tuwin pangandikane simpenen ing sajroning atimu.

23. Manawa kowe mratobat marang Kang Mahakuwasa lan ngesorake dhiri;manawa kowe ngedohake piala saka ing tarubmu,

24. mbuwang wiji emas ing lebuemas Ofir ing satengahing watu-watu ing kali,

25. tuwin manawa Kang Mahakuwasa iku dadi tumpukanmu emaslan salakamu kang endah,

26. ing kono kowe mesthi ngrasakake kasenengan marga Kang Mahakuwasatuwin bakal tumenga marang Gusti Allah.

27. Manawa kowe ndedonga marang Panjenengane, mesthi disembadani,sarta kowe bakal ngluwari ujarmu.

28. Manawa kowe mutus arep nindakake sawijining bab, mesthi bakal kelakon kekarepanmulan dalan-dalanmu bakal kasunaran ing cahyaning pepadhang.

29. Amarga Gusti Allah iku ngesorake wong kang angkuhnanging ngganjar karahayon marang wong kang tumungkul.

30. Wong kang ora kaluputan bakal dipitulungi,mangkono uga anggonmu kapitulungan iku marga saka resiking tanganmu.”