Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 41 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku,lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?

2. Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet?Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.

3. Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku,bab karosane lan endahing pawakane.

4. Sapa kang bisa mbukak jubahe?Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?

5. Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme?Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.

6. Gigire awujud tameng-tameng kang santosa,kang kraket rapet kaya segel.

7. Siji lan sijine gandheng rapetnganti ora bisa klebon angin;

8. kang siji kelet karo sijinecathok-cinathok ora kena kapisah.

9. Samangsa wahing metu sunare,matane kaya pletheking bangbang wetan.

10. Cangkeme metu obore,lan nyemburake geni kang pating pletik.

11. Lenging irunge metu kukusekaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.

12. Ambekane ngobong areng,cangkeme metu genine.

13. Githoke kadunungan kakuwatan,pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.

14. Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket.kraket ing awake ora glembyar-glembyor.

15. Atine atos kaya watu,atose kaya watu landhesaning panggilingan.

16. Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeterdadi bingung jalaran wedi.

17. Manawa dipedhangora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.

18. Wesi dirasa kaya dami,tembaga kaya kayu gapuk.

19. Panah ora bisa nglungakake,bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.

20. Gada dianggep merangsarta sumiyuting towok digeguyu.

21. Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip,manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.

22. Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil,sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.

23. Tabeting lakune sumunar,satemah samodra kakira uwan dening wong.

24. Ing salumahing bumi ora ana kang madhani,iku makhluk kang ora kadunungan wedi.

25. Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku,iku dadi ratune sakehing kewan galak.”