Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 12 Kitab Sutji (JAV)

Ayub ngakoni, yen Gusti Allah iku kwaos lan wicaksana

12:1-25

1. Ayub tumuli mangsuli, pangucape:

2. “Lah iya kowe iku kang jeneng manungsa,manawa kowe padha mati,kawicaksanan iya mati bebarengan karo kowe.

3. Aku iya duwe pikiran kaya kowe,aku ora kalah karo kowe;sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?

4. Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku,aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani,wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.

5. Saka panemune wong kang tentrem uripe,wong kang sangsara iku pantese dicacad,iku rinasa kaya gebug tumrap wong kang sikile kajengklok.

6. Tarube wong kang ngrusak padha tentremsarta wong kang memungu dukaning Allah padha ngalami katentreman,samono uga para wong kang arep nggegem Gusti Allah ana ing tangane.

7. Nanging takona ta marang kewan, iku mesthi padha mangretekake kowe,sarta takona ta marang manuk ing awang-awang,mesthi kowe disumurupake,

8. utawa tutura marang bumi, iku mesthi bakal aweh piwulang marang kowe,dalasan iwak ing sagara bakal carita marang kowe.

9. Panunggalane iku kabeh sapa kang ora sumurup,manawa astane Gusti Allah kang nindakake iku;

10. manawa nyawane kabeh kang kumeliplan napase saben manungsa iku dumunung ana ing astane?

11. Kuping apa ora nguji tembung-tembung,kayadene cethak anggone ngrasakake pangan?

12. Apa dudu para wong tuwa kang padha kadunungan kawicaksanan,sarta wong kang wus akeh umure iku kang duwe pangreten?

13. Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos.Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.

14. Manawa panjenengane mbebongkar, ora ana kang bisa mbangun maneh.Manawa Panjenengane nangkep wong, ora ana kang bisa ngluwari.

15. Manawa Panjenengane mbendung banyu, banjur asat kabeh.Manawa Panjenengane marengake mili maneh, banjur ngelebi bumi.

16. Panjenengane ngasta pangwaos lan kaunggulaniya kang nguwaosi wong kang kesasar lan wong kang nasarake.

17. Panjenengane kang nggiring lan nglukari para mentri,sarta kang damel bodhoning para hakim.

18. Panjenengane kang nguculi blenggu kang dietrapake dening para raja,kang banjur padha tinalenan bangkekane kalawan tali pangiket.

19. Panjenengane kang nggiring lan nggledhah para imam,lan nggolingake wong kang santosa.

20. Panjenengane kang mbungkem cangkeme para wong kang dipracaya,sarta para wong tuwa padha diilangi nalare.

21. Panjenengane kang ngesoki cecamah para wong luhursarta kang nguculi sabuke para wong kang santosa.

22. Panjenengane kang miyak wewadining pepetenglan ndhatengake peteng ndhedhet ana ing pepadhang.

23. Panjenengane kang ndadosake tangkar-tumangkare lan tumpesing para bangsa,sarta kang damel ngambra-ambrane banjur kaboyongan.

24. Panjenengane kang damel para pemimpining jagad padha koncatan akalsarta kesasar ana ing pasamunan kang ora ana dalane,

25. padha gagap-gagap ana ing pepeteng kang ora ana pepadhange;apadene padha kadamel gloyoran kaya wong mendem.”