Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 4 Kitab Sutji (JAV)

Elifas nutuh Ayub

4:1--5:27

1. Ing kono Elifas wong Teman mangsuli, pangucape:

2. “Manawa ana wong nyoba guneman karo kowe, apa ndadekake gelaning atimu?Nanging sapa kang bisa ngampet pitutur?

3. Lan wus akeh wong kang padha kokwulang,tangan kang jimpe wus kokkuwatake,

4. wong kang kajengklok wus kokjejegake sarana pituturmu,dhengkul kang nyleyor wus kokkukuhake,

5. mangka bareng kowe dhewe wiwit ginepok, kowe banjur ngenes,bareng ketaman, ruhara atimu.

6. Rak pangabektimu marang Gusti Allah kang minangka andel-andelmu,lan katemenane lakumu kang dadi pangarep-arepmu?

7. Rasakna ta: Ngendi ana wong resik kang nemu karusakan,utawa wong temen kang tinumpes?

8. Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda,iya iku uga kang diundhuh.

9. Padha tumpes dening napasing Allah,lebur dening bantering bebendune.

10. Singane nggero, singane nggereng,untune singa nom padha rampal.

11. Singa tua mati marga kekurangan memangsan,sarta anake singa wadon padha buyar.

12. Aku wus binisikan pitutur,tembung kang dibisikake iya wus tinampan dening kupingku,

13. sajrone ngrasak-ngrasakake impen-impen ing wayah bengi,ing wektune wong kecandhak ing turu kepati,

14. aku ketaman ing wedi lan geter,kang njalari balung-balungku gumeter.

15. Nuli ana roh liwat ing ngarepku,temah wulune awakku mengkorog kabeh.

16. Nalika mandheg ana ing ngarepku, aku ora bisa niteni rupane.Ana kang cumetha ing pandelengku, aku nuli krungu swara mbisiki mangkene:

17. Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah,apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?

18. Lah ta Gusti Allah ora pitados marang para abdine,malah sanadyan para malaekate iya kapirsan anggone kesasar,

19. apa maneh para kang manggon ing omah lempung,kang tinalesan lebu, kang padha diidak-idak nganti mati kaya renget.

20. Ing antarane esuk lan sore padha diidek-idek,lan tanpa rinasa padha sirna salawase.

21. Apa tamparing tarube ora dipedhot?Padha mati nanging tanpa kawicaksanan.