Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 14 Kitab Sutji (JAV)

Yen wus mati, wus ora ana pangarep-arep maneh

14:1-22

1. “Manungsa ingkang lair saking tiyang estri,celak umuripun, tuwuk ing kasisahan,

2. mekar kadosdene sekar lajeng alum,icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun.

3. Punapa inggih Paduka badhe karsa mirsani tiyang ingkang kados makaten punikasaha badhe Paduka tarik dhateng ing pangadilan Paduka?

4. Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember?Satunggal kemawon temtu boten wonten!

5. Ingkang punika sarehning umuripun manungsa sampun kapesthekaken watesipun,tuwin cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken, punapa dene wates-watesipun sampun Paduka tetepaken, satemah boten saged kalangkahan,

6. mila Paduka mugi karsa nilar mengo, supados piyambakipun saged aso,satemah saged ngraosaken nikmating dintenipun kados tiyang berah.

7. Amargi tumraping wit-witan taksih wonten pangajeng-ajengipun;manawi kategor, medal trubusipun malih,ingkang nunten gesang ing salajengipun.

8. Sanadyan oyodipun dados sepuh wonten ing salebeting siti,sarta tunggakipun ngantos pejah dumunung ing lebu,

9. ewasemanten angger mambet toya,mesthi semi sarta medal pangipun ingkang dados taneman enggal.

10. Nanging manawi tiyang nemahi pejah sampun boten gadhah daya kakiyatan malih;manungsa manawi sampun pejah,tiyang wau lajeng wonten ing pundi?

11. Kadosdene toyanipun tlaga ingkang nguwabtuwin lepen ingkang asat saha pejah,

12. makaten ugi manungsa inggih ambruk, saha boten tangi malih,ngantos dumugi sirnanipun langit sami boten tangi utawi ginugah anggenipun tilem.

13. Iba begja kawula saupami Paduka karsa ngumpetaken kawula wonten ing teleng palimengan;manawi Paduka karsa ngaling-alingi kawula ngantos sasirepipun bebendu Padukasarta saupami Paduka karsa paring wangenan lajeng Paduka enget dhumateng kawula!

14. Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih?Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan,ngantos dumugi ing giliran kawula.

15. Paduka lajeng badhe nimbali kawula, saha kawula badhe ngunjuki wangsulan;Paduka badhe kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.

16. Paduka lajeng boten badhe nggatosaken dosa kawula,sanadyan Paduka mical jangkah kawula,

17. panerak kawula lajeng sami kalebetaken ing kanthong ingkang kasegel,sarta Paduka badhe nutupi rapet kalepatan kawula.

18. Nanging kadosdene redi ingkang jugrug lajeng ajur,saha parang ingkang pindhah panggenan,

19. tuwin kadosdene toya ingkang nggripisaken sela,sarta santering ilinipun ngentiraken lebuning siti,inggih kados makaten anggen Paduka nglebur pangajeng-ajenging manungsa.

20. Manungsa Paduka wisesa salaminipun lajeng kesah,Paduka ewahi rainipun lajeng Paduka tundhung;

21. boten nyumerepi anggening anakipun sami angsal kadrajatan,utawi sami dhawah ing kanisthan inggih boten dipun mangretosi.

22. Namung badanipun ingkang njalari piyambakipun nandhang perih,saha margi saking piyambakipun piyambak, nyawanipun nandhang sedhih.”