Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 26 Kitab Sutji (JAV)

Ayub mangsuli: Sapa kang mangreti marang kamulyaning Allah?

26:1-14

1. Ayub mangsuli, pangucape:

2. “Becik banget anggonmu mitulungi marang wong apes,sarta anggonmu mbiyantu wong kang tangane tanpa daya.

3. Becik banget pituturmu marang wong kang ora kadunungan kawicaksananlan kawruh kang kokwulangake nganti mbludag!

4. Anggonmu ngucapake tembung-tembung iku adhedhasar panemune sapa,lan pikirane sapa kang koklairake iku?

5. Para kang wus mati padha gumetermangkono uga banyu dalah saisine.

6. Jagade wong mati ngegla ana ing ngarsaning Allah,lan papaning pati iya ora ana tutupe.

7. Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung,lan nggantung bumi tanpa canthelan.

8. Banyu kabuntel ing mendhunge,ewasamono mendhunge ora suwek.

9. Dhampare tinutupan dadi ora kena sinawangmarga kaaling-alingan ing mendhunge.

10. Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengannganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng.

11. Saka-sakaning langit padha gonjang-ganjingkaget marga saka bebendune.

12. Sagara disirepake sarana pangwasane,sarta sarana kawicaksanane anggone nggecak marang Rahab.

13. Sarana napase langit kadadekake terang,tuwin naga kang cukat tinuwek dening astane.

14. Lah iku kabeh mau lagi mung poncot-poncoting margine,saiba ta lirihe sabawane kang kita rungu saka ing Panjenengane!Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?”