Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 19 Kitab Sutji (JAV)

Ayub yakin, yen Gusti Allah bakal ngrencangi dheweke

19:1-29

1. Ing kono Ayub banjur mangsuli, pangucape:

2. “Nganti pira lawase anggonmu padha nglarakake atikulan ngremuk aku kalawan tetembungan?

3. Saiki wus kaping sapuluh anggonmu ngremehake aku,kok ora isin nganiaya aku.

4. Manawa aku iki pancen kesasar,rak aku dhewe kang nanggung anggonku kesasar iku.

5. Manawa kowe nyata-nyata arep ngegung-ngegungake dhiri ana ing ngarepku,lan cacadku kokgawe bukti tumrap aku,

6. padha sumurupa, yen Gusti Allah wus tumindak ora adil marang aku,sarta aku dikrukub kalawan jaringe.

7. Lah aku nguwuh-uwuh: “Daksiya!” nanging ora ana kang mangsuli.Aku sesambat njaluk tulung, nanging ora ana pangadilan.

8. Dalanku dialing-alingi ing tembok, satemah aku ora bisa liwat,sarta lurung-lurungku didadekake peteng.

9. Kaluhuranku dening Panjenengane wus didhedheli,sarta makuthaku wus karampas saka ing sirahku.

10. Aku dibongkar babar pisan satemah aku sirna,tuwin pangarep-arepku dibedhol kayadene wit-witan.

11. Bebendune marang aku mulad-mulad,aku dianggep satrune.

12. Wadya-balane maju bebarengan,ngalang-alangi dalan nglawan marang aku,banjur ngepung tarubku.

13. Sadulurku padha diedohake saka ing aku,sarta kawanuhanku padha pangling babar pisan marang aku.

14. Sanak-sanakku padha ngedohtuwin mitraku padha lali marang aku.

15. Wong-wong kang tunggal saomah karo aku lan para rewang wadonpadha ngarani aku wong liya,sarta nganggep aku wong manca.

16. Rewangku dakundang, ora sumaur,ndadak kudu dirimuk kalawan tembung manis.

17. Bojoku ora betah mambu ababku,sarta ambuku bacin tumrap para sadulurku tunggal bapa biyung.

18. Dalasan bocah-bocah padha ngremehake aku;saupama aku arep ngadeg banjur diisin-isin.

19. Kabeh mitraku kang becik padha eneg ndeleng aku,sarta kang daktresnani padha ngungkurake aku.

20. Kulit lan dagingku padha kelet ing balungkumung kari gusiku kang isih.

21. Welasa marang aku, welasa marang aku, heh mitra-mitraku,amarga aku digepok dening astane Allah.

22. Yagene kowe padha ngoyak-oyak aku, kayadene Gusti Allahsarta kok ora wareg-wareg anggonmu mangan dagingku?

23. Adhuh, muga tembung-tembungku katulisanakacathetana ana ing kitab,

24. tinatahana kalawan wesi pangukir lan timbelana ing gunung parang kanggo ing salawas-lawase.

25. Nanging aku sumurup: Panebusku iku gesang,sarta ing wekasane Panjenengane bakal jumeneng ana ing lebuning bumi.

26. Uga sawise kulite badanku rusak banget,malah sanadyan tanpa dagingkuaku bakal ndeleng Gusti Allah,

27. kang bakal dakdeleng dhewe iku bakal mbelani aku;mripatku dhewe kang ndeleng, dudu wong liya;telenging atiku banget anggone cecengklungen.

28. Manawa kowe padha calathu: Aku bakal padha nuntut marang dheweke,sarta bakal nyumurupi sababing prakarane,

29. padha wedia marang pedhang,amarga kanepson iku kaukum pedhang,supaya kowe padha sumurupa yen sanyata ana pangadilan.”