Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 33 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Allah anggone paring pangandika marang manungsa iku kanthi patrap warna-warna

33:1-33

1. “Dene saiki, he Ayub, rungokna kandhaku,lan tilingna pangrungumu marang tembung-tembungku.

2. Sumurupa, aku wus mbukak cangkemku,ilatku ngucap ana ing sangisoring cethakku.

3. Atiku nglairake tembung kalawan jujur,lan lambeku mratelakake kalawan cetha apa kang disumurupi.

4. Aku katitahake dening Rohing Allah,lan napase Kang Mahakwasa njalari aku urip.

5. Manawa kowe bisa, aku wangsulana,mapana arep-arepan karo aku.

6. Satemene tumraping Allah aku karo kowe iku padha bae,aku iya diwangun saka lempung.

7. Mulane kowe aja giris ana ing ngarepku,ora abot anggonku bakal menet marang kowe.

8. Nanging kowe wus calathu ing sacedhake kupingku,lan aku wus krungu anggonmu ngucap mangkene:

9. Aku iki resik aku sepi ing panerak,aku suci tanpa kaluputan.

10. Nanging Panjenengane manggih alasan kanggo nglawan marang aku,aku dianggep mungsuhe.

11. Sikilku dibelok,satindakku tansah dipirsani.

12. Wangsulanku marang kowe: Ing bab iku kowe ora bener,awit Gusti Allah iku ngungkuli manungsa.

13. Yagene kowe kok madoni Panjenengane,awit ora paring wangsulan marang sakehing tembungmu?

14. Amarga Gusti Allah anggone paring pangandika sarana patrap siji loro,nanging wong ora nggatekake.

15. Sajroning pangimpen, sajroning wahyu ing wayah bengi,manawa wong turu kepati,manawa leyeh-leyeh ing paturon;

16. ing kono Panjenengane mbikak kupinging manungsalan nggatekake wong-wong mau kalawan panyaruwe-panyaruwe,

17. minangka pepalang tumrap pratingkahelan kanggo ngilangi gumunggunge,

18. temah nyawane kasingkirna saka ing kuburlan uripe saka ing penempuhing tumbak.

19. Wong kelakon kapredi kalawan nandhang lara ing paturon,ing sajroning balung-balunge tansah ana crah kang tanpa kendhat.

20. Nganti wetenge bosen roti,ilang kekarepane mangan kang enak-enak.

21. Daginge susut nganti ora katon,balung-balunge kang maune ora katon,banjur padha pating pendhosol.

22. Nyawane wus nyedhaki kubur,sarta uripe nyedhaki pati.

23. Manawa ana malaekat ing sandhinge,kang dadi panengah, siji ing antarane sewu,kang kadhawuhan mratelakake kabeneraning manungsa,

24. ing kono Gusti Allah bakal paring kawelasan pangandikane:Uculna wong iku, supaya aja nganti mudhun marang ing kubur,Ingsun wus oleh panebus.

25. Wong mau banjur kasegerake awake kaya wong nom,dadi kaya nalika isih nom.

26. Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake,temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena,lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa.

27. Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene:Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake,ewadene aku ora kawales.

28. Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur,lan uripku bakal weruh pepadhang.

29. Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allahkang ping pindho, ping telu tumanduk marang manungsa,

30. karsane mbalekake nyawane saka ing kubursatemah kasorotan ing cahyaning urip.

31. He Ayub, gatekna, rungokna aku,menenga, aku kang guneman.

32. Manawa ana kang bakal kokkandhakake, wangsulana aku:kandhaa, awit aku kapengin bisa mbenerake kowe.

33. Manawa ora, rembugku rungokna;kowe menenga, aku arep nyumurupake kawicaksanan marang kowe.”