Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 37 Kitab Sutji (JAV)

Kamulyaning Allah ana ing alam jembar

37:1-24

1. “Nyata iku ndadekake gumetering atikunganti njingkat saka ing panggonane.

2. Rungokna, rungokna gumludhuging swarane,gludhug kang metu saka ing tutuke.

3. Kang linepasake ing sauruting jembare langitlan uga kilate menyang ing poncot-poncoting bumi.

4. Sawuse mangkono Panjenengane kadherekake ing swara gumuruh,gumludhug swaraning kaluhurane.Manawa swara iku keprungu Panjenengane ora ngeman bledhege.

5. Gusti Allah ngedalake swara gumleger kang ngebat-ebati.Panjenengane nindakake pakaryan agung kang ora kena ginayuh ing kawruh kita,

6. awitdene salju dipangandikani: Tibaa ing bumi!Lan marang udan deres sarta udan kang gumrojog dhawuhe: Deresa!

7. Saben wong tangane katalenan lan kaparingan cap,supaya kabeh wong nyumurupi pakaryane.

8. Kewan alasan padha lumebu ing papan pandhelikanelan mapan ana ing guwa-guwane.

9. Prahara jumedhul saka ing gedhonge,lan hawa adhem saka ing lor.

10. Napasing Allah njalari dumadining es,lan lumahing banyu dadi njendhel.

11. Mega dimomoti banyu,lan mendhung mencarake kilate,

12. kilate nuli nyamber-nyamber menyang ing ngendi-endi manut ing sapitedahe,lan ana ing bumi nindakake kabeh kang kadhawuhake;

13. Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuanekagem nggebag isining bumineapa kagem mbabarake sih-susetyane.

14. Iku kabeh rungokna, heh Ayub,menenga lan nggatekna marang kaelokan-kaelokaning Allah.

15. Apa kowe sumurup kapriye anggone Gusti Allah paring tugas marang iku kabehlan anggone nyunarake cahyane saka ing mendhunge?

16. Apa kowe ngreti bab lakuning mendhung,lan bab kaelokan-kaelokane Kang Mahamirsa,

17. kowe, kang krasa marang angeting panganggo,manawa bumi meneng marga kena panasing angin saka kidul.

18. Apa kowe bisa nggubah mega dadi cakrawala kaya Panjenengane,nganti padhet kaya pangilon cithakan?

19. Aku padha kandhanana aku kudu padha munjuk apa marang Panjenengane,awit aku ora bisa munjuk apa-apa, jalaran kapetengen.

20. Apa ana kang bakal ngunjuki uninga, manawa aku arep duwe atur?Apa wong tau kandha, manawa kapengin kasirnakake.

21. Saiki pepadhang ora katon,marga kapetengan ing mendhung,nanging mengko tinempuh ing angin, banjur resik padhang.

22. Saka ing sisi lor ana sunar kang kaya emas,Gusti Allah kalimputan ing kamulyan kang nggegirisi.

23. kang Mahakwasa, kang padha ora dakmangreteni,iku gedhe pangwaose lan kaadilane;sanajan sugih kabeneran, ewasamono ora nindhes,

24. mulane diwedeni dening wong,sarta saben wong kang rumangsa wicaksana, iku ora dipreduli.”