Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 24 Kitab Sutji (JAV)

Bab padamaran lan bab roti sesaosan

24:1-9

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Wong Israel padha sira prentahana supaya padha ngladekna lenga jaitun dheplokan kang tulen marang sira kanggo padamaran, supaya damare kena dipasang lan tansah murub.

3. Harun kudu tansah njaga damar-damar iku ana ing sangarepe geber kang ngaling-alingi papan angger-anggering Allah ing jero Tarub Pasewakan, wiwit wayah sore tumeka esuke, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun.

4. Padamaran mas murni iku damar-damare kudu tansah dijaga ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

5. Karomaneh sira njupuka glepung gandum pilihan lan kagawea roti bunder rolas iji. Roti siji rong prasepuluh efa.

6. Iku banjur katataa ana ing meja mas murni ing ngarsane Pangeran Yehuwah dadi rong tumpuk, dadi satumpuke nem iji.

7. Saben satumpuk dokokana menyan kang tulen; menyan iku dadia pangenget-enget tumrap ing roti mau, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.

8. Saben dina Sabat roti iku tansah ajega ditata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, iku tumrap Israel dadi kuwajiban prajanjian kanggo ing salawase.

9. Dene roti iku dadia bageane Harun lan para anake, sarta padha dipangana ana ing panggonan kang suci; awitdene iku panduman kang suci pinunjul, saka kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, iku dadia tatanan kang kanggo ing salawase.”

Paukumane wong kang ngipat-ipati marang asmane Pangeran Yehuwah

24:10-23

10. Kacarita ing sawijining dina ana wong lanang, embokne wong Israel, bapakne wong Mesir kang nekani tarub palerebane wong Israel. Wong mau banjur kerengan karo wong Israel ana ing palereban.

11. Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.

12. Wonge banjur ditahan karo ngenteni karampungane kang cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah.

13. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

14. “Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.

15. Karodene wong Israel padha sira dhawuhana mangkene: Sing sapa ngipat-ipati marang Gusti Allah, iku kudu nanggung kaluputane dhewe.

16. Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.

17. Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.

18. Nanging sing sapa mateni sadhengah raja-kaya, kudu ngijoli, siji padha siji.

19. Mangkono uga manawa ana wong gawe cacad sapadha-padha, iku kawalesa miturut kang dadi panggawene mau;

20. tugel diwales tugel, mripat diwales mripat, untu diwales untu; kaya dene anggone gawe cacading liyan, dheweke iya kagawea mangkono.

21. Sing sapa mateni raja-kaya, iku kudu nglironi, nanging sing sapa mateni wong, iku kaukuma pati.

22. Mung ana pranatan siji kanggo sira, dadia wong manca utawa wong Israel asli, marga Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

23. Kaya mangkono pangandika kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel; wong kang ngucapake ipat-ipat mau tumuli digawa metu saka ing palereban, sarta dibenturi watu. Dadine wong Israel padha nindakake apa kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.