Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 4 Kitab Sutji (JAV)

Bab kurban pangruwating dosa

4:1--5:13

1. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa mangkene:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong kang nerak wewalere Pangeran Yehuwah ora klawan dijarag, dadi pancen nglakoni salah sawijining larangan mau,

3. lan saupama kang gawe dosa mau imam kang kajebadan, temah bangsane katut kaluputan, iku nyaosna sapi lanang nom siji kang tanpa cacad, minangka kurban pangruwating dosa konjuk marang Pangeran Yehuwah.

4. Sapi mau diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngareping lawange Tarub Pasewakan, tangane katumpangna ing endhase sapi, lan sapine banjur kasembeleha ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

5. imam kang jinebadan iku nuli njupuka getihe sapi mau sawetara digawa mlebu menyang ing Tarub Pasewakan,

6. sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.

7. Sawuse mangkono getih mau salong dileletna ing sungune misbyah padupan racikan bumbu-bumbu, kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan.

8. Dene sakehe gajihe sapi lanang kurban pangruwating dosa iku dijupuka gajihe kang nasabi jeroan lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,

9. sarta ginjele loro pisan sagajihe kang kraket ing kono, yaiku kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau,

10. padha kaya anggone njupuk saka sapi kurban slametan, banjur diobonga dening imam ana ing misbyah kurban obaran.

11. Anadene lulange lan sakehe daginge sapi lanang mau, endhase lan pupune, jeroane lan tlethonge,

12. dadi sapi lanang mau kabeh digawaa metu menyang sajabane palereban, ing panggonan kang ora ana najise, iya ing papan pambuwangan awu, banjur diobonga nganti entek ana ing geni kayu ing papan pambuwangan awu.

13. Manawa kang gawe dosa ora kanthi kajarag iku sagolongane umat Israel kabeh, mangka pasamuwan ora rumangsa padha nglakoni salah sawijining bab kang dadi wewalere Pangeran Yehuwah, satemah padha dadi kaluputan,

14. samangsa dosa kang dilakoni iku kaweruhan, nuli pasamuwan nyaosna sapi lanang nom siji minangka kurban pangruwating dosa. Sapi mau diladekna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan.

15. Para pinituwane pasamuwan nuli padha numpangna tangane ana ing endhase sapi mau ana ngarsane Sang Yehuwah, sarta sapine disembeleha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

16. Imam kang kajebadan tumuli nggawaa getihe sapi mau sawatara menyang ing Tarub Pasewakan,

17. sarta nyelubna drijine ing getih iku lan dipyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ing sangarepe geber.

18. Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.

19. Dene gajihe sapi iku kabeh dijupuka lan diobonga ana ing misbyah.

20. Sapine lanang mau digawea padha karo sapi lanang kang kanggo kurban pangruwating dosa, kaya mangkono panggarape sapi mau. Kanthi patrap mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong akeh mau, temah bakal padha kaparingan pangapura.

21. Anadene sapi lanang iku digawaa menyang ing sajabane palereban lan diobonga nganti entek padha kaya anggone ngobong sapi lanang kang dhisik. Iku kurban pangruwating dosa kanggo pasamuwan.

22. Manawa kang gawe dosa iku sawijining panggedhe kang kalawan ora kajarag nerak salah sawijining wewalering Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, temah dadi kaluputan,

23. manawa dosa kang dilakoni iku disumurupake marang wong mau, dheweke tumuli nggawaa wedhus berok siji lanang kang tanpa cacad kanggo kurbane.

24. Tangane nuli ditumpangna ing endhase wedhus iku, wedhuse nuli kasembeleha ana ing papan kang lumrahe kanggo nyembeleh kurban obaran ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, iku dadi kurban pangruwating dosa.

25. Imam banjur njupuka getihe kurban pangruwating dosa iku sathithik nganggo driji, kaleletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran.

26. Nanging gajihe kabeh kudu diobong ana ing misbyah, padha kaya gajihe kurban slametan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun, temah wong mau banjur kaparingan pangapura.

27. Manawa kang gawe dosa kang ora kajarag mau wong saka rakyat lumrah, nerak salah sawijining wewalere Pangeran Yehuwah, temah iku nandhang kaluputan,

28. manawa dosa kang dilakoni mau wus disumurupake, banjur nggawaa wedhus wadon kang tanpa cacad kanggo kurbane, marga saka dosa kang wus ditindakake mau,

29. tangane banjur katumpangna ing endhase kurban pangruwating dosa mau, nuli wedhuse disembeleha ana ing papan kurban obaran.

30. Imam tumuli ndulita getihe sathithik dileletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, getih turahane banjur diesokna kabeh ana ing sikile misbyah kurban obaran.

31. Nanging gajihe kabeh dijupuka padha kaya njupuk gajihe kurban slametan, nuli diobonga dening imam ana ing misbyah, minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau, temah banjur kaparingan pangapura.

32. Nanging saupama kang digawa minangka sesaosan kanggo kurban pangruwating dosa iku wedhus gembel, iku kudu wadon lan tanpa cacad,

33. tangane ditumpangna ana ing endhasing kurban pangruwating dosa iku, wedhuse banjur disembeleha dadi kurban pangruwating dosa ana ing panggonan kang kanggo nyembeleh kurban obaran.

34. Imam nuli ndulita getihe kurban pangruwating dosa mau sathithik, kaleletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, lan getih turahane kaesokna ana ing sikile misbyah.

35. Nanging gajihe kabeh didhewekna, padha kaya gajihe wedhus gembel kurban slametan, nuli diobanga dening imam ana ing misbyah patrap kaya kurban sesaosan kang digeneni kagungane Sang Yehuwah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau tumrap dosa kang wus dilakoni; temah bakal kaparingan pangapura.