Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 3 Kitab Sutji (JAV)

Bab kurban slametan

3:1-17

1. “Manawa sesaosane arupa kurban slametan, mangka kang kasaosake iku arupa sapi, dadia lanang utawa wadon, iku kudu kang tanpa cacad kang disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

2. Wonge banjur numpangna tangane ing endhasing kurbane, sapi iku nuli disembeleha ana ing sangarepe lawanging Tarub Pasewakan, sarta getihe disiramna ing sakubenge misbyah dening para imam anake Harun.

3. Sawuse mangkono kurbane slametan iku salong dijupuka dadi kurban kang kasaosake marang Sang Yehuwah sarana digeneni, yaiku gajihe kang nasabi jeroan lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,

4. karomaneh ginjele loro pisan sagajihe, kang ana ing lempeng lan ing gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau.

5. Iku banjur diobonga ana ing misbyah dening para anake Harun, katumpangna ing kurban obaran kang lagi kaobong ing geni; iku dadi kurban genenan, kang gandane damel renaning Yehuwah.

6. Manawa kang kanggo kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah iku arupa wedhus, dadia lanang utawa wadon, iku kudu kang tanpa cacad.

7. Saupama wedhus gembel kang disaosake dadi kurban, iku diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

8. Wonge numpangna tangane ing endhase kurban, wedhus iku banjur disembeleha ana ing ngarepa Tarub Pasewakan, sarta getihe banjur disiramna ing sakubenge misbyah dening para anake Harun.

9. Sawuse mangkono kurbane slametan iku salong kajupuka diladekna dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, iya iku gajihe lan buntute kabeh, kapotonga mepet ing ula-ulane, lan gajih kang nutupi jeroan apamaneh sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,

10. karomaneh ginjele loro pisan sagajihe kang kraket ing kono, apadene gembelaning ati, dijupuka bareng karo ginjele mau.

11. Iku banjur diobonga dening imam ana ing misbyah minangka dhaharan awujud kurban genenan kasaosake marang Pangeran Yehuwah.

12. Dene manawa kurbane arupa wedhus berok, iku diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

13. Wonge numpangna tangane ana ing endhase wedhus, nuli wedhuse disembeleha ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, sarta getihe disiramna ing sakubenge misbyah dening para anake Harun.

14. Banjur salong disaosna dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, yaiku gajih kang nasabi jeroan, lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,

15. sarta ginjele loro pisan sagajihe, kang kraket ing kono, kang ana ing lempeng apadene gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau.

16. Iku nuli diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka dhaharan awujud kurban genenan, kang gandane ngremenake. Sakehe gajih iku dadi kagungane Pangeran Yehuwah.

17. Iki pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing ngendi-endia dunungira: poma sira aja pisan-pisan mangan gajih lan getih.”