Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 22 Kitab Sutji (JAV)

Bab kasucening pangibadah

22:1-33

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira dhawuha marang Harun lan para anake, supaya padha ngati-ati tumrap sesaosan-sesaosan suci kang padha disengker wong Israel kagem marang Ingsun, supaya aja nganti padha nerak marang kasucening asmaningSun kang suci; Ingsun iki Yehuwah.

3. Padha sira tuturana: Saben wong panunggalanira turun-tumurun, yaiku saka ing antarane sakehe turunira, kang seba nyaosake pisungsung kang disengker dening wong Israel kagem marang Yehuwah, mangka lagi mbeneri najis, wong kang mangkono iku katumpesa saka ing ngarsaningSun; Ingsun iki Yehuwah.

4. Panunggalane turune Harun kang nandhang memala saraat, utawa kang ngetokake umbel, iku poma aja mangan pisungsung sengkeran iku, sadurunge mari najise. Mangkono uga kang nggepok sadhengah kang najis marga saka jisim utawa kang mentas kemeton manine,

5. utawa sapa kang nggepok sadhengah kewan rumangkang nlosor utawa gumremet kang ndadekake najise, utawa salah sawijining wong kang najisake, marga saka kanajisan apa bae, dheweke dadi najis,

6. sapa kang nggepok salah sijine iku mau, bakal dadi najis tumeka suruping srengenge lan ora kena mangan pisungsung sengkeran iku, sadurunge adus.

7. Manawa wus surup srengenge, lagi mari najise; sawuse mangkono nuli kena mangan pisungsung sengkeran iku, marga iku kang dadi pepancening pangane.

8. Bathang lan sisane kewan galak, aja dipangan, supaya aja ndadekake najise marga saka kang mangkono iku; Ingsun iki Yehuwah.

9. Kang iku para imam kudu padha netepi apa kang dadi kawajibane marang Ingsun, supaya aja nganti padha nandhang dosa marga saka iku, temah padha mati, awit ngremehake kasucening kuwajibane; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake.

10. Umum aja mangan pisungsung sengkeran, mangkono uga wong neneka kang mondhok ana ing panggonane imam lan wong buruh.

11. Nanging manawa ana wong kang wus dituku dening imam sarana dhuwite banjur dadi bature tukon, iku kalilan padha melu mangan, mangkono uga kang padha lair ana ing omahe.

12. Manawa anake wadon imam sesomahan karo wong umum, iku aja melu mangan pisungsung-mligi saka sabarang pisungsung sengkeran.

13. Nanging manawa anake wadon iku wus randha utawa pegat lan ora duwe anak sarta wus mulih menyang ing omahe bapakne kaya nalika isih prawan, iku kalilan melu mangan pangane bapakne; balik wong umum aja ana kang melu mangan iku.

14. Saupama ana wong kang mangan pisungsung suci tanpa kajarag, iku nglironana marang imam nganggo diimbuhi sapralimane.

15. Para imam aja nganti nyawiyah pisungsunge sengkeran wong Israel kang padha dipisungsungake marang Yehuwah,

16. marga tindak kaya mangkono iku nekakae kaluputan marang wong Israel kang kudu katebus, yen ngantia padha mangan pisungsunge kang suci iku mau; awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

18. “Sira ndhawuhana marang Harun lan anak-anake sarta sakehe wong Israel, iku padha sira tuturana: Sapa bae ing antarane umat Israel lan para wong kang mondhok ana ing Israel, samangsa nyaosake pisungsunge, dadia kang arupa pisungsung punagi utawa pisungsung manasuka, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran,

19. supaya ndadekake keparenge Sang Yehuwah, pisungsung iku kudu tanpa cacad, iku kudu sapi kang lanang tanpa cacad, wedhus gibas utawa wedhus berok.

20. Apa kang ana cacade aja sira pisungsungake, awitdene iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.

21. Karodene samangsa ana wong nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah arupa sapi utawa wedhus kanggo ngluwari punagi kang mligi utawa minangka pisungsung manasuka, iku kudu kang tanpa cacad, supaya ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, awake aja ana cacade sathithik-thithika.

22. Kewan kang picak utawa kang tugel balunge, kang tatu utawa kang wudunen, kang korengen utawa gudhigen, iku aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah; kewan kang kaya mangkono iku aja sira ladekake dadi kurban genenan ana ing misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah.

23. Nanging sapi utawa wedhus kang kedawan utawa kecendheken gegelitaning badane, iku kena sira saosake kanggo kurban manasuka, nanging manawa kanggo kurban punagi, Pangeran Yehuwah mesthi ora rena marang sira.

24. Kewan kang dikebiri srana diremuk, digecak, diremed utawa dikethok, aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah. Sira aja nindakake mangkono ana ing nagaranira,

25. lan saka tangane bangsa liya sira iya aja padha nyaosake sadhengah iku mau, minangka dhaharane Allahira, marga iku kabeh wus padha rusak lan cacad; Pangeran Yehuwah ora bakal rena marang sira marga saka sesaosan iku.”

26. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

27. “Manawa ana pedhet utawa cempe gibas sarta cempe wedhus berok lair, iku awora karo embokne pitung dina lawase, nanging wiwit dina kang kaping wolune lan sabanjure manawa kagawe kurban genenan kagem Pangeran Yehuwah, iku ndadekake keparenge.

28. Sapi utawa wedhus berok utawa wedhus gembel iku aja sira sembeleh bebarengan tunggal dina karo anake.

29. Karodene samangsa sira nyaosake kurban pamuji sokur konjuk marang Pangeran Yehuwah, iku anggonira nyembeleh dinganti ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.

30. Poma kurban iku dipangana ing dina iku uga; aja ana kang sira ngengehake tumeka esuke; Ingsun iki Yehuwah.

31. Kang iku sira padha nggatekna ing pepakoningSun lan padha sira lakonana; Ingsun iki Yehuwah.

32. Sira aja padha nerak marang kasucening asmaningSun kang suci, supaya Ingsun kasucekake ana ing satengahe wong Israel; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira kabeh,

33. iya kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah.”