Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 18 Kitab Sutji (JAV)

Bab kasucening ningkah

18:1-30

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel lan padha sira tuturana: Ingsun iki Yehuwah, Allahira.

3. Sira aja tiru-tiru tingkah lakune wong ing tanah Mesir, kang sira enggoni biyen; lan solah tingkahe wong ing tanah Kanaan, kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira; iku iya aja padha sira tiru adat kalumrahane.

4. PranataningSun iku padha sira lakonana lan katetepaningSun padha sira estokna kanthi urip miturut iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

5. Poma sira padha netepana pranatan lan katetepaningSun. Sapa wong kang ngestokake mesthi bakal urip; Ingsun iki Yehuwah.

6. Aja ana wong kang kumpul karo wong kang kalebu kulit daginge kang cedhak dhewe prelu ngungkabi kawirangane; Ingsun iki Yehuwah.

7. Kawirangane bojone bapakira aja sira ungkabi, iku biyungira, kawirangane aja sira ungkabi.

8. Somahe bapakira aja sira ungkabi kawirangane, iku wewenange bapakira.

9. Kawirangane sadulurira wadon, anake bapakira utawa anake biyungira aja sira ungkabi, dadia kang laire tunggal saomah utawa ana ing liya panggonan.

10. Anake wadon anakira lanang utawa wadon, aja sira ungkabi kawirangane, amarga kanthi patrap magkono sira gawe blenthonging turunira.

11. Anake wadon somahe bapakira, kang patutan saka bapakira, dadine sadulurira wadon, iku aja sira ungkabi kawirangane.

12. Sadulure wadon bapakira aja sira ungkabi kawirangane, amarga iku kulit daginge bapakira.

13. Sadulure wadon biyungira, aja sira ungkabi kawirangane, awitdene iku kulit daginge biyungira.

14. Kawirangane bojone sadulure lanang bapakira aja sira ungkabi, bojone aja sira kumpuli, awit iku bojone sadulure bapakira.

15. Kawirangane mantunira wadon aja sira ungkabi, iku somahe anakira lanang, mulane aja sira ungkabi kawirangane.

16. Somahe sadulurira lanang aja sira ungkabi, iku wewenange sadulurira mau.

17. Sira aja ngungkabi kawirangane wong wadon dalah anake wadon, iya aja sira wayuh anake wadon saka anake lanang utawa saka anake wadon, lan diungkabi kawirangane, iku padha kalebu kulit dagingira, iku pratingkah kang nistha.

18. Sira aja mayuh padha sadulur kadadekake maru, padha diungkabi kawirangane nalika kang tuwa isih urip.

19. Sira aja ngumpuli wong wadon kang lagi nggarap-sari, iku najis manawa diungkabi kawirangane.

20. Sira aja awor turu karo somahe pepadhanira, temah dadi najis sakarone.

21. Anakira aja ana kang sira ulungake kagawe sajen marang Molokh, supaya sira aja nganti nyawiyah asmane Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

22. Sira aja padha awor turu karo padha wong lanang apatrap kaya karo wong wadon, iku pratingkah rusuh.

23. Sarta maneh sira aja laku jina karo kewan, teman ndadekake sira lan kewan iku padha najis. Karomaneh wong wadon iya aja nganti mapan ana ing ngarepe kewan supaya dijamaha, iku pratingkah rusuh.

24. Poma sira aja gawe najisira dhewe, marga saka sadhengaha pratingkah kang kaya mangkono iku, awitdene bangsa liya kang Suntundhung saka ing ngarepira iku wus padha najisake awake marga saka pratingkah mau kabeh.

25. Nagara iku wus dadi najis, sarta Ingsun wus malesake kaluputane iku marang bangsa-bangsa iku, satemah nagara iku nglepeh kang padha ngenggoni.

26. Nanging sira iku padha netepana pranatan lan katetepaningSun, sarta aja pisan-pisan nglakoni sarupane pratingkah nistha iku, sanadyan wong Israel kang asli dhewe utawa bangsa liya kang manggon ana ing satengahira,

27. -- awit wong ing nagara kono kang ndhingini sira, iku wus padha nglakoni sarupane pratingkah nistha mau, temah nagara iku wus dadi najis --

28. supaya sira aja nganti padha dilepeh dening nagara iku, samangsa sira ndadekake najis, kaya anggone wus nglepeh bangsa kang ndhingini sira.

29. Sabab sing sapa nglakoni salah sawijining kanisthan iku, wong mangkono iku mau kudu disirnakake saka ing satengahe bangsane.

30. Jalaran saka iku sira padha netepana kuwajibanira marang Ingsun, lan aja pisan-pisan nglakoni salah sijine padatan kang nistha iku, kang dilakoni sadurunge sira, lan sira aja ndadekakae najise awakira marga saka iku; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”