Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 20 Kitab Sutji (JAV)

Bab kasucening umate Pangeran Yehuwah

20:1-27

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.

3. Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku, Sunsirnakake saka ing satengahing bangsa, marga ngulungake anake salah siji marang Molokh, dadine najisake pasuceningSun, sarta nyawiyah asmaningSun kang suci.

4. Dene manawa rakyat ing nagara ethok-ethok ora weruh marang wong iku nalika ngulungake salah sijine anake marang Molokh, lan ora aweh paukuman pati marang wong iku,

5. ing kono Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku lan uga marang kulawargane, sarta wong iku bakal Suntumpes saka ing antarane bangsane, dalah sakehe wong kang padha melu bebedhangan kalawan nyembah marang Molokh iku.

6. Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.

7. Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.

8. Sarta sira padha nggatekna lan padha nindakna pranataningSun; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira.

9. Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.

10. Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.

11. Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

12. Mangkono uga manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo mantune wadon, sakarone padha kaukuma pati; dene padha nglakoni pratingkah kang rusuh; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

13. Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

14. Manawa ana wong lanang rabi loro, anak wadon lan biyunge, iku pratingkah rusuh lan nistha. Wong iku dalah somahe karo pisan diobonga, supaya aja ana pratingkah rusuh lan nistha ana ing tengahira.

15. Karomaneh manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo sadhengaha kewan, iku kaukuma pati, dalah kewane iya kapatenana uga.

16. Mangkono uga manawa ana wong wadon kang ngumpuli sadhengah kewan supaya dijamaha, wong wadon iku dalah kewane padha sira patenana; loro-lorone kudu kaukum pati; getihe tumempuh marang sakarone.

17. Manawa ana wong lanang kang ngrabeni sadulure wadon, anake bapakne utawa biyunge, dadi kang lanang weruh kawirangane kang wadon, lan kang wadon weuh kawirangane kang lanang, iku pratingkah rusuh lan nistha, wonge padha katumpesa ana ing ngarepe bangsane, awitdene wus ngungkabi kawirangane sadulure wadon.

18. Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon sajrone isih nggarap-sari, dadi ngungkabi kawirangane lan mbukak tutupe, sarta kang wadon iya ngolehake tutuping getihe kabukak, iku karo-karone padha kasirnakna saka ing tengahe bangsane.

19. Sarta maneh sira aja ngungkabi kawirangane sadulure biyungira utawa sadulure wadon bapakira; marga kang diungkapi iku kawirangane kulit dagingira dhewe, sakarone kudu padha nyangga kaluputane dhewe.

20. Manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo somahe sadulure bapakne, iku dadi nyahak wewenange sadulure bapakne, sakarone padha njalari dosane dhewe, lan bakal padha mati tanpa anak.

21. Karodene manawa ana wong lanang ngepek somahe sadulure, iku pratingkah kang nistha, awit nyahak wewenange sadulure lanang, mesthi bakal padha ora duwe anak.

22. Kang iku sira padha nggatekna sakehe pranataningSun lan sakehe katetepaningSun, sarta iku padha sira estokna, supaya tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira kang supaya sira enggoni iku, aja nganti nglepeh marang sira.

23. Lakunira aja manut adat tata-carane bangsa kang bakal padha Suntundhung saka ing ngarepanira; marga iku wus padha nglakoni kang kaya mangkono iku mau, temah padha Sunemohi.

24. Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.

25. Sira padha mbedakna kewan kang kalal lan kang karam, apadene manuk kang karam lan kang kalal, supaya awakira aja nganti sira najisake, marga saka kewan kang sikil papat lan manuk, sarta sadhengah kang rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, kang wus padha Sunpisahake supaya sira karamake.

26. Sira padha dadia suci suamos marang Ingsun, awitdene Ingsun Yehuwah iku suci, lan sira wus padha Sunpisahake saka para bangsa, supaya dadia kagunganingSun.

27. Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”