Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 15 Kitab Sutji (JAV)

Wong lanang lan wong wadon kang najis

15:1-33

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:

2. “Sira pratelaa marang wong Israel lan padha sira tuturana: Manawa ana wong lanang kang ngetokake umbel saka ing kawirangane, iku dadi najis marga saka umbel mau.

3. Mangkene gegayutane kanajisane karo umbel iku: manawa wetune umbel saka ing kawirangane iku lumintu utawa kapathet, nganti ora metu, yaiku kanajisane.

4. Sadhengah papan kang dituroni dening wong kang ngetokake umbel iku dadi najis, lan samubarang kang dilungguhi iya dadi najis uga.

5. Sapa kang nggepok paturone, iku ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

6. Sing sapa lungguh tilas kang dilungguhi wong kang ngetokake umbel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

7. Sing sapa nggepok wong kang mangkono iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

8. Manawa wong kang mangkono iku ngidoni wong kang ora najis, wong kang diidoni mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

9. Lan sadhengah lapak kang dilungguhi wong kang mangkono iku, dadi najis.

10. Sing sapa nggepok sadhengah apa kang mentas kaungkulan badane wong mau, dadi najis tumeka suruping srengenge. Dene sapa wong kang ngusung iku, ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

11. Karodene saben wong kang didemek dening wong kang mangkono iku, ora nganggo wisuh tangane dhisik, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

12. Wadhah grabah kang kagepok dening wong kang mangkono iku, karemuka, nanging yen wadhah kayu, kaisahana.

13. Anadene wong kang ngetokake umbel mau samangsa wus mari, nuli ngetunga pitung dina engkas, supaya kapratelakna wus birat najise, banjur ngumbaha sandhangane, adusa banyu kang mili, temah dadi ora najis.

14. Bareng wolung dinane njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, banjur sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, lan masrahna manuk mau marang imam.

15. Iku banjur kapisungsungna dening imam, kang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan sijine minangka kurban obaran. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, jalaran saka wetuning umbele.

16. Karodene maneh manawa ana wong lanang kang kemeton kamane, iku adusa sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

17. Sadhengah sandhangan lan lulang kang kena kama iku mau, iya kakumbaha lan bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

18. Mangkono uga wong wadon manawa awor turu karo wong lanang kang mangkono mau, karo-karone padha adusa lan bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

19. Manawa ana wong wadon kang ngetokake barang kang ajer, mangka iku getih kang metu saka ing kawirangane, iku anggone jember lawase pitung dina, sing sapa nggepok wong wadon mau, dadi najis tumeka suruping srengenge.

20. Sadhengah apa kang dituroni salawase jember iku, dadi najis, mangkono uga sadhengah apa kang dilungguhi iya dadi najis.

21. Lan sing sapa nggepok paturone wong wadon kang kaya mangkono mau, ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge.

22. Karomaneh sing sapa nggepok sabarang kang mentas dilungguhi, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge.

23. Uga manawa kagepok ing samubarang kang mentas sumeleh ing paturone utawa sadhengah apa kang mentas dilungguhi wong wadon mau, iya dadi najis tumeka surupe srengenge.

24. Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon mau, mangka nganti kelepetan ing jejembere, wong iku dadi najis nganti pitung dina lawase, lan sadhengah paturon kang dituroni iya dadi najis.

25. Manawa ana wong wadon kang nganti pirang-pirang dina ngetokake jer-jeran, yaiku getih, mangka ora pinuju nggarap-sari, utawa manawa kliwat saka adat sabene, iku ing sajrone ngetokake jer-jeran kang najis iku, dadia padha kaya samangsa lagi nggarap-sari, dadi iya najis.

26. Saben paturon kang dituroni salawase ngetokake getih, iku dadia padha kaya kang dituroni nalika nggarap-sari, sarta samubarang kang dilungguhi dadi najis, iya kaya najise samangsa lagi nggarap-sari.

27. Sing sapa nggepok barang-barang iku mau, dadi najis, mulane ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis nganti tumeka surupe srengenge.

28. Nanging samangsa wus mari nggrajage, banjur ngetunga pitung dina engkas, sawuse mangkono lagi dadi ora najis.

29. Ing dina kang kaping wolune njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, padha diladekna marang imam ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

30. Imam banjur misungsungake manuk kang siji minangka kurban obaran; kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, marga saka wetune getih kang najis mau.

31. Kaya mangkono anggonira nyingkirake wong Israel saka ing kanajisane, supaya aja nganti padha mati ing sajrone kanajisane, marga padha najisake Tarub SuciningSun kang ana ing tengahe iku.”

32. Iku mau angger-angger tumrap wong lanang kang nandhang lara ngetokake umbel lan kemeton kamane, temah njalari najise,

33. sarta maneh tumrap wong wadon kang nggarap-sari, lan tumrap saben wong kang ngetokake sadhengah apa, dadia lanang utawa wadon, apadene wong kang awor turu karo wong wadon kang mbeneri najis.