Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 12 Kitab Sutji (JAV)

Angger-angger bab wong wadon kang mentas nglairake anak

12:1-8

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Samangsa ana wong wadon nglairake anak, metu lanang, iku dadi najis lawase pitung dina, iya padha lawase kaya anggone dadi najis samangsa nggarap-sari.

3. Lan ing wolung dinane bayi iku katetakana ikute.

4. Sawuse mangkono wong wadon mau tetepa ana ing omahe bae lawase telung puluh telu dina nganti birating najise getih, lan ore kena nggepok sadhengah apa kang suci lan ora kena lumebu ing pasucen, nganti tumeka ganeping dinane anggone kasucekake.

5. Balik manawa nglairake anak wadon, banjur dadi najis lawase rong minggu, najise padha kaya samangsa nggarap-sari. Sawuse mangkono tetepa ana ing omahe bae lawase sawidak nem dina nganti birating najise getih.

6. Dene manawa wus genep dinane anggone kasucekake, tumrap anak lanang utawa wadon, tumuli ngajokna wedhus gembel kang umur setaun kanggo kurban obaran lan piyik dara utawa manuk deruk siji kanggo kurban pangruwating dosa, diladekna marang imam menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

7. Dene imam iku kang banjur nyaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah sarta nganakake pirukun kanggo wong wadon mau. Kaya mangkono wong wadon mau anggone kasucekake saka anggone ngetokake getih. Iku angger-angger tumrap wong wadon kang nglairake anak lanang utawa wadon.

8. Nanging manawa wonge ora bisa nganakake wedhus berok utawa wedhus gembel, kena ngladekake manuk deruk loro utawa manuk dara loro, siji kanggo kurban obaran, sijine kanggo kurban pangruwating dosa; dene imam nuli nganakna pirukun kanggo wong wadon iku, temah bakal birat najise.”