Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 27 Kitab Sutji (JAV)

Bab ngluwari punagi

27:1-34

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel lan sira tutura: Manawa ana wong nglairake punagi mligi marang Yehuwah tumrap manungsa, iku pangajine mituruta sapantese,

3. kanggo wong lanang kang umure rong puluh taun tekan sawidak taun, iku sira ajenana seket sekel salaka, ditimbang miturut sekel suci.

4. Manawa tumrap wong wadon ajenana telung puluh sekel,

5. sarta kang umur limang taun tekan rong puluh taun, manawa lanang sira ajenana rong puluh sekel, manawa wadon sepuluh sekel.

6. Dene tumrap kang umur sesasi tekan limang taun, manawa lanang sira ajenana limang sekel salaka, manawa wadon telung sekel salaka.

7. Karodene tumrap kang umur sawidak taun utawa luwih, manawa lanang sira ajenana limalas sekel, manawa wadon sepuluh sekel.

8. Nanging saupama wonge mau mlarat banget, nganti ora bisa mbayar pangajine wong kang dipunageni, iku nuli diajokna marang ngarepe imam, supaya imam nemtokna pangajine; dene imam anggone nemtokake ajine miturut kakuwatane wong kang nglairake punagi mau.

9. Manawa punagine iku tumrap raja-kaya kang kena kagawe kurban sumaos marang Pangeran Yehuwah, sadhengaha kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, iku kudu suci.

10. Iku ora kena diijoli utawwa dilironi, dadi kang becik diijoli kang ala, utawa kang ala dilironi kang becik. Ewasamono manawa kewan diijoli kewan liyane, kang diijoli lan kang kalirokake kudu suci.

11. Manawa iku kewan kang karam, kang ora kena kagawe saos kurban marang Pangeran Yehuwah, kewan iku diajokna marang ngarepe imam,

12. banjur direganana dening imam, mawa-mawa ala-becike. Dene sapira putusane imam, iya tetepa samono.

13. Lan manawa kewan mau arep ditebus, pangajine mau ditambahana sapralimane.

14. Manawa ana wong kang nyengker omahe, kagawe sengkeran sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku direganana dening imam, mawa-mawa ala-becike. Dene sapira putusane imam, iya tetepa samono pangajine.

15. Nanging manawa kang nyengker mau arep nebus omahe, pangajine omah dipunjulana sapralimane, sawuse mangkono omah mau dadi darbeke maneh.

16. Manawa ana wong kang nyengker saperangane palemahane sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku pangajine kudu cundhuk karo wiji kang disebar, yaiku: wiji sair sagomer kang disebar direganana seket sekel salaka.

17. Manawa anggone nyengker palemahane mau wiwit ing Taun Yobel, pangajine tetep samono.

18. Nanging manawa anggone nyengker mau sawuse Taun Yobel, imam anggone ngetung pangajine mituruta kehe taun kang kari tekan ing Taun Yobel candhake, lan iku kanggo nyuda pangajine.

19. Anadene manawa kang nyengker palemahan iku nyata-nyata arep nebus, wong mau kudu mbayar dhuwit pangajine dipunjulana sapralimane, sawuse mangkono bali dadi darbeke maneh.

20. Nanging manawa palemahane mau ora ditebus, utawa malah wus diedol marang wong liya, iku ora kena ditebus maneh,

21. nanging sauwale ing Taun Yobel, palemahan iku dadi suci tumrap Pangeran Yehuwah, kaya dene tanah bengkasan, iku imam kang mesthi ndarbeni.

22. Anadene manawa kang disengker sumaos marang Pangeran Yehuwah iku palemahan mentas olehe tuku, lan ora kagolong palemahan duweke dhek biyen,

23. imam anggone ngregani ngetunga nganti tekan Taun Yobel; ing dina iku uga wong mau nyaosna dhuwit pangajine, iku minangka pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah.

24. Ing Taun Yobel palemahan mau kudu bali marang kang ditukoni dhisik, yaiku wong kang sakawit ndarbeni palemahan mau.

25. Sakehe reregan iku mituruta sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gera.

26. Anadene mungguh pambarepe raja-kaya kang pancen wus dadi hake Yehuwah saka ing antarane kewan-kewan, iku ora kena disengker dening sapa bae; dadia sapi, dadia wedhus gembel utawa wedhus berok iku pada kagungane Yehuwah.

27. Nanging manawa iku kewan kang karam, iku ditebusa miturut pangajine, nganggo dipunjuli sapralimane, lan manawa ora ditebus, iku diedola miturut pangajine.

28. Balik mungguh samubarang kang dimligekake dening sawijining wong sumaos marang Yehuwah saka saperangane darbeke, dadia manungsa, dadia raja-kaya, utawa palemahane, iku ora kena diedol lan iya ora kena ditebus, marga samubarang kang wus dimligekake iku suci pinunjul kagem Sang Yehuwah.

29. Saben wong kang dimligekake, bakal katumpes, iku ora kena ditebus, mesthi diukum pati.

30. Mangkono uga sakehe pisungsung prasepuluhan saka pametune palemahan, dadia kang disebar ing lemah utawa saka pametune kitri, iku kagungane Pangeran Yehuwah, iku pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.

31. Ewadene manawa ana kang arep nebus pisungsunge prasepuluhan iku dipunjulana sapralimane.

32. Mungguh sakehe pisungsung prasepuluhan saka sapi lan wedhus iku saka sakehe kewan kang liwat ing sangisore tekene pangon nalika dietung, iku saprasepuluhe dadia pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.

33. Ora kena dipilih endi kang becik utawa endi kang ala, iya ora kena diijoli; ewadene saupama meksa diijoli, kewan kang diijoli lan kang diijolake iku kabeh dadi sengkeran, ora kena ditebus.”

34. Iku mau pepakon-pepakon kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai tumrap wong Israel.