Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 2 Kitab Sutji (JAV)

Bab kurban dhaharan

2:1-16

1. “Manawa ana wong kang arep nyaosake kurban arupa kurban dhaharan marang Pangeran Yehuwah, kurbane iku kudu rupa glepung pilihan nganggo diesoki lenga sarta ditumpangi menyan,

2. kurban mau banjur digawaa menyang ngarepane para imam anake Harun. Iku nuli njupuka glepung sagegem karo lengane lan menyane kabeh, banjur diobonga dening imam mau ana ing misbyah, minangka pisungsung pangenget-enget, dadi kurban genenan, kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah,

3. turahane kurban dhaharan iku dadia pandumane Harun lan para anake, dadi sengkeran suci pinunjul saka kurban genenan, sumaos marang Pangeran Yehuwah.

4. Manawa kurban kang arep sira saosake iku kurban dhaharan kang kaolah ana ing panggangan roti, iku kang digawe kudu glepung pilihan, arupa roti bunder tanpa ragi kang diolah diwori lenga, utawa roti tipis tanpa ragi, kang dioser-oseri lenga.

5. Manawa sesaosanira arupa kurban dhaharan kang dipanggang ing panggangan, iku kang digawe kudu glepung kang becik dhewe diwori lenga, tanpa ragi,

6. banjur diiris-iris lan sira esokana lenga; iku dadi kurban dhaharan.

7. Menawa sesaosanira arupa kurban dhaharan kang diolah ing wajan, iku kudu glepung pilihan diwori lenga.

8. Kurban dhaharan kang patrap pangolahe kaya mangkono mau, iku sira saosna marang Pangeran Yehuwah, diladekna marang imam, iku kang ngajokake menyang ing misbyah.

9. Kurban dhaharan iku banjur kajupuka sawatara dening imam minangka pisungsung pangenget-enget, kaobonga ana ing misbyah, dadi kurban genenan, kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.

10. Turahane kurban dhaharan iku dadia pandumane Harun lan para anake, dadi sengkeran suci pinunjul saka kurban genenan sumaos marang Pangeran Yehuwah.

11. Sarupane kurban dhaharan kang sira saosake marang Pangeran Yehuwah iku pangolahe aja nganggo ragi, awitdene kang mawa ragi utawa madu iku ora kena sira obong dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.

12. Sira kepareng ngunjukake marang Pangeran Yehuwah saka wiwitaning undhuh-undhuhan minangka sesaosan, mung bae aja diladekake ana ing misbyah minangka ganda kang damel renane.

13. Sarupane sesaosanira kurban dhaharan iku sira bumbonana uyah; kurbanira dhaharan aja nganti sepi uyahing prasetyane Gusti Allahira; sadhengah kurbanira iku sira kanthenana sesaosan uyah.

14. Anadene manawa wiwitaning pametune bumi kang arep kasaosake dadi kurban dhaharan marang Pangeran Yehuwah, iku kudu arupa wulen gandum, kapanggang ing geni, iya iku emping gandum anyar, minangka kurban dhaharan saka wiwitaning panen gandumira.

15. Iku sira kanthenana lenga lan sira tumpangana menyan, iku dadi kurban dhaharan.

16. Nuli kang arupa emping gandum lan lengane sarta menyane iku salong diobonga dening imam minangka pisungsung pangenget-enget, dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.”