Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 8 Kitab Sutji (JAV)

Rama Harun lan para putrane katetepake ing kalenggahane

8:1-36

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira ngajaka Harun lan para anake lan njupuka panganggone lan lenga jebad, apadene sapi lanang kurban pangruwating dosa, wedhus gibas lanang loro, sarta kranjang kang isi roti tanpa ragi,

3. nuli sira nglumpukna sapepake pasamuwan ana ing sangarepe Tarub Pasewakan.”

4. Nabi Musa tumuli ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah. Pasamuwan banjur nglumpuk ana ing ngareping Tarub Pasewakan.

5. Pangandikane Nabi Musa marang pasamuwan: “Iki pangandika kang didhawuhake dening Sang Yehuwah supaya katindakna.”

6. Nabi Musa banjur dhawuh marang Rama Harun lan para putrane supaya maju, banjur padha disirami banyu.

7. Sawuse mangkono tumuli diagemi kemejan lan sabuk apadene jubah, diagemi kotang efod tuwin dipaningseti nganggo sabuk efod,

8. karomaneh diagemi tutup dhadha, kang dietrapi Urim lan Tumim.

9. Tumuli diagemi serban, lan ing sadhuwure serban kapara ngarep kaetrapan jamang mas suci, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

10. Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut lenga jebad, kaagem njebadi Tarub Suci lan saisine kabeh padha disucekake.

11. Misbyahe iya dikepyuri lenga jebad iku sathithik rambah kaping pitu dalah sapirantine kabeh, karodene padasan satadhahane iya disucekake kanthi patrap mangkono.

12. Lenga jebad iku diesokake sathithik ing mustakane Rama Harun, nuli panjenengane dijebadi supaya suci.

13. Nabi Musa iya ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya maju, tumuli dianggoni kemejan, disabuki lan dianggoni serban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

14. Sapine lanang kurban pangruwating dosa banjur diajokake, Rama Harun lan para putrane padha numpangake astane ing endhase sapi kurban pangruwating dosa mau,

15. sapine nuli disembeleh, Nabi Musa banjur mundhut getihe dileletake klawan driji ana ing sungu-sunguning misbyah mubeng, kanthi patrap mangkono misbyah mau dadi kasucekake saka dosa; getih turahane diesokake ana ing sikile misbyah. Misbyahe dadine kasucekake kalawan patrap mangkono iku lan kaolehake pirukun.

16. Sakehe gajih kang tumemplek ing jeroan, gembelaning ati, ginjele karo pisan sagajihe, padha dijupuki nuli diobong dening Nabi Musa ana ing misbyah.

17. Nanging sapi lanang mau lan lulange, daginge lan tlethonge diobong ana ing sajabane palereban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

18. Sawuse mangkono wedhus gibas lanang kang kanggo kurban obaran kaajokake, Rama Harun lan para putrane padha numpangake astane ana ing endhase wedhus lanang mau.

19. Wedhuse banjur disembeleh; Nabi Musa tumuli nyiramake getihe ing sakubenge misbyah.

20. Wedhuse banjur ditengkel-tengkel miturut katemtuan, endhase lan perangan-perangane apadene gajihe tumuli diobong dening Nabi Musa.

21. Nanging jeroan lan sampile dikumbah, wedhus iku diobong dening Nabi Musa kabeh ana ing misbyah; iku kurban obaran, kang gandane gawe rena, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Sawuse mangkono Nabi Musa dhawuh ngajokake wedhus gibas lanang sijine, iya wedhus kang kanggo kurban wisudhan. Rama Harun lan para putrane banjur padha numpangake astane ana endhasing wedhus mau;

23. wedhuse tumuli disembeleh, Nabi Musa mundhut getihe sathithik dileletake ing godhohing talingane Rama Harun kang tengen, jempolane asta tengen, lan jempolane sampeyan kang tengen.

24. Nabi Musa banjur ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya padha maju, nuli ngleletake getih mau sathithik ing godhohe kupinge kang tengen, jempolane tangan tengen lan jempolane sikil tengen, getih turahane disiramake ing sakubenge misbyah,

25. tumuli mundhut gajihe, buntute sarta gajihe kang tumempel ing jeroane, gembelaning atine, ginjele karo pisan sagajihe apadene sampile kang tengen.

26. Sabanjure uga mudnhut roti bunder siji tanpa ragi lan roti bunder siji kang dioseri lenga, roti tipis siji, saka ing kranjang kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha katumpangake ing sakehe gajih lan ing sampil kang tengen mau,

27. kabeh iku nuli kadekek ing astane Rama Harun lan para putrane sarta kasaosake minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

28. Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut sakabehe mau saka ing epek-epeke astane Rama Harun lan para putrane, sarta diobong ana ing misbyah kurban obaran dadi kurban wisudhan, minangka ganda kang gawe rena, kurban genenan kang kasaosake marang Sang Yehuwah.

29. Nabi Musa banjur mundhut andhemane wedhus mau, kasaosake minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, andheman iku dadi pandumane Nabi Musa saka wedhus kurban wisudhan, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30. Karodene Nabi Musa iya mundhut lenga jebad mau sathithik lan getih kang ana ing misbyah sathithik, dikepyurake ing sarira lan pangagemane Rama Harun dalah para putrane. Dadi Rama Harun lan pangagemane, para putrane dalah pangagemane padha kasucekake kalawan patrap mangkono iku.

31. Dhawuhe Nabi Musa marang Imam harun lan marang para putrane: “Daging iku olahen ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan; banjur padha panganen ana ing kono karo roti kang ana ing kranjang kang kanggo kurban wisudhan, kaya kang wis dakprentahake mangkene: Kakang Harun lan para anake kang padha mangan.

32. Nanging sapira turahe daging lan roti iku obongen nganti entek.

33. Sarta sajroning pitung dina kowe aja lunga-lunga saka ing lawangane Tarub Pasewakan, nganti sarampunging karamean wisudhan, amarga karamean wisudhan iku suwene pitung dina.

34. Pangeran Yehuwah paring dhawuh supaya ing tembe kowe padha nganakake karukunan kanggo kowe kabeh, kaya kang tumindak ing dina iki.

35. Kowe padha tugura ana ing ngarepe lawanganing Tarub Pasewakan pitung dina pitung bengi, lan padha netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Pangeran Yehuwah kanthi temen-temen, supaya aja nganti padha mati, awit mangkono iku kang kadhawuhake marang aku.”

36. Rama Harun lan para putrane nuli iya padha ngestokake apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.