Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 14 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa:

2. “Iki kang kudu dadi angger-angger tumrap wong kang nandhang memala saraat samangsa kabirat najise, wonge kudu kagawa marang ing ngareping imam,

3. lan imam iku kudu metu menyang ing sajabane palereban. Manawa miturut papriksane imam, wong kang nandhang lara saraat mau wus waras,

4. imam nuli mrentahna marang wong kang arep dibirat najise iku supaya ngladekna manuk kang isih urip lan kalal loro, karo kayu eres, kain jingga lan isop.

5. Imam mrentahna nyembeleh manuk kang siji kaungkulna ing wadhah grabah kang ana banyune mili.

6. Nanging manuk kang isih urip iku kajupuka bareng karo kayu eres, kain jingga lan isop iku mau, nuli kabeh iku dalah manuk mau dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh nganggo diungkulake ing banyu mili mau.

7. Sawuse mangkono imam banjur ngepyurna getih mau rambah kaping pitu marang awake wong kang arep dibirat najise mau, temah ditetepna resik; nuli manuk kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara.

8. Anadene wong kang bakal kabirat najise iku banjur ngumbaha sandhangane, kacukura rambute kabeh sarta adusa, temah birat najise. Sawuse mangkono kena lumebu ing palereban, nanging lereba ana ing sajabane tarube lawase pitung dina.

9. Ing pitung dinane kacukura maneh rambute nganti resik kabeh, rambut sirah, jenggot, alis, malah dalah wuluning badan kabeh kacukura, sandhangane kakumbaha, awake kaedusana, temah birat najise.

10. Ing wolung dinane wong mau njupuka wedhus gembel lanang loro kang tanpa cacad, lan wedhus gembel wadon siji kang umur sataun iya kang tanpa cacad, glepung kang becik dhewe telung prasepuluh efa diwori lenga kanggo kurban dhaharan, karomaneh lenga sa-log.

11. Anadene imam kang nindakake pambirating najis iku banjur mrenahna wong kang bakal kabirat najise iku dalah sakabehing pisungsung ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

12. Imam tumuli njupuka wedhus gembel lanang kang siji, sarta kasaosna minangka kurban dhendha karo lengane sa-log mau, nganggoa padha digoyang dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

13. Sawuse mangkono wedhus gembel lanang mau disembeleha ana ing panggonan nyembeleh kurban pangruwating dosa lan kurban obaran, ana ing papan kang suci, awit kurban dhendha mangkono uga kurban pangruwating dosa, iku dadi pandumane imam; iku panduman kang suci pinunjul.

14. Imam banjur njupuka getihe kurban dhendha mau sathithik dileletna marang wong kang bakal kabirat najise mau ing godhohing kupinge kang tengen ing jempolaning tangan tengen lan ing jempolaning sikil tengen.

15. Sarta maneh lenga sa-log mau kajupuka sathithik, kaesokna ana ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa;

16. imam banjur nyelupna drijine kang tengen ing lenga kang ana ing epek-epeke kiwa iku sarta ngepyurna lengane klawan drijine rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

17. Kekarene lenga kang ana ing tangane iku salong kaleletna dening imam marang godhohing kupinge tengen wong iku, ing jempolane tangan tengen lan ing jempolane sikile kang tengen, tumumpang ing getihe kurban dhendha mau.

18. Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau diusapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

19. Karomaneh imam iya nyaosna kurban pangruwating dosa lan kalawan mangkono nganakake pirukun tumrap wong kang bakal kabirat najise lan sawuse iku nyembeleha kurban obaran.

20. Wasana imam nyaosna kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun tumrap wong iku, temah birat najise.

21. Nanging manawa wonge iku miskin ora bisa nganakake iku kabeh, iku mung njupuka wedhus gembel lanang siji bae minangka kurban dhendha kang kanggo pisungsung goyangan kagawe nganakake karukunan tumrap wong mau, karomaneh glepung pilihan saprasepuluh efa kaolah dicampuri lenga kanggo kurban dhaharan kanthi lenga sa-log.

22. Apamaneh manuk deruk loro utawa manuk dara loro, endi kang dibisani, siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran.

23. Ing dina kaping wolune wong mau ngladekna barang-barang mau kabeh marang imam ana ing lawangane Tarub Pasewakan ing ngarsane Pangeran Yehuwah, minangka pambirating najise.

24. Imam sawuse nampani wedhus kurban dhendha lan lenga sa-log mau, banjur nyaosake iku kabeh minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

25. Sawuse iku tumuli wedhuse kurban dhendha kasembeleha, sarta imam njupuka getihe sathithik kaleletna ing godhohing kupinge kang tengen wong iku lan ing jempolane tangane tengen apadene ing jempolane sikile kang tengen.

26. Sarta maneh lenga mau kaesokna sathithik dening imam ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa,

27. banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

28. Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.

29. Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau kausapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise, kagawe nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

30. Banjur deruke utawa piyike dara, endi kang disaosake dening wong mau manut kakuwatane,

31. kang siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran kanthi kurban dhaharan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong kang bakal kabirat najise.

32. Iku mau angger-angger bab pambirate najise wong kang nandhang memala saraat kang sekeng.”

33. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa lan Imam Harun:

34. “Samangsa sira wus padha lumebu ing tanah Kanaan kang bakal Sunparingake dadi ebekira, mangka ana ing tanah bakal ebekira iku ana omah kang Sunganjar memala saraat,

35. wong kang duwe omah iku kudu nemoni lan matur marang imam: Sajakipun ing griya kula kados wonten memalanipun saraat.

36. Imam banjur prentaha nyuwungake omah mau sadurunge mriksa tandha-tandha saraat iku, supaya aja nganti ndadekake najise samubarang kang ana ing jero omah kono. Sawuse mangkono imam tumuli tekaa mriksa omahe.

37. Manawa miturut papriksane imam, ing temboke omah iku, ana legok-legokan kang warnane semu ijo utawa semu abang, sawangane luwih jero tinimbang raening tembok liyane,

38. imam banjur metua saka ing omah iku menyanga ing ngarep lawang, sarta akona ngunci omah mau lawase pitung dina.

39. Ing pitung dinane imam balia maneh, manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ing tembok sandhinge,

40. imam banjur mrentahna njugili temboke kang kadunungan cacad iku, padha kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

41. Apamaneh omahe dikerukana ing sisih jero mubeng, dene kerukane iku kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

42. Sawuse mangkono wong-wong banjur padha njupuka watu liyane kaetrapna ing tilas panggonan watu lawas, lan njupuka labur kagawe nglepa omahe.

43. Nanging manawa tandha-tandha mau thukul maneh ana ing omah iku sawuse batane dijugili lan omahe wus dikeruki tuwin malah wus dilepa maneh,

44. imam tumuli balia mrono lan manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ana ing omahe, omah iku kena ing memala saraat kang ganas, omahe iku dadine najis.

45. Omah kaya mangkono iku kudu dibubrah, batane, kayune dalah labure omah kabeh, iku padha kagawaa metu menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

46. Lan sing sapa lumebu ing omah iku sasuwene dikunci, iku dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.

47. Sarta wong kang turu ana ing omah kono, ngumbaha sandhangane, mangkono uga wong kang manggon ana ing omah kono, iya ngumbaha sandhangane.

48. Nanging manawa imam mrono, mangka miturut papriksane tandha-tandha mau ora mremen sawuse dilepa maneh, imam banjur netepna omah iku ora najis, marga memalane wus ilang.

49. Sawuse mangkono kanggo mbirat najise omah iku, njupuka manuk loro, kayu eres, kain jingga lan isop.

50. Manuke kang siji disembeleha nganggo diungkulake ing banyu mili kang ana ing wadhah grabah.

51. Kayu eres lan lawe jingga sarta isop dalah manuke kang isih urip iku banjur padha dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh lan ing banyu mili mau, sarta omahe dikepyurana rambah kaping pitu.

52. Mangkono anggone imam mbirat najise omah iku srana getihe manuk, banyu kang mili, sarta manuk kang isih urip apadene klawan kayu eres, isop lan kain jingga mau.

53. Dene manuke kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara ing sajabane kutha. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap omah iku, temah dadi resik.

54. Iku mau angger-angger kang tumrap ing sadhengah memala saraat, memala borok,

55. tumrap memala saraat ing sandhangan lan ing omah,

56. bab plenthung, merkutuk lan belang,

57. minangka pituduh bab najis lan bab ora najis. Iku angger-angger bab memala saraat.”