Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 1 Kitab Sutji (JAV)

Daftar turune Rama Adam tekan Rama Abraham

1:1-27

1. Rama Adam, Set, Enos,

2. Kenan, Mahalaleel, Yared,

3. Henokh, Metusalakh, Lamekh,

4. Nuh, Sem, Kham lan Yafet.

5. Turune Rama Yafet yaiku Gomer, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Masekh lan Tiras.

6. Turune Gomer yaiku Askenas, Difat lan Togarma.

7. Turune Yawan yaiku Elisa, Tarsis, wong Kitim lan wong Rodanim.

8. Turune Rama Kham yaiku Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.

9. Turune Rama Kusy yaiku Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; turune Rama Raema yaiku Syeba lan Dhedan.

10. Rama Kusy peputra Nimrod; iki kang miwiti kwasa ana ing bumi.

11. Rama Misraim peputra wong Ludim, wong Anamim, wong Lehabim, wong Naftukhim,

12. wong Patrusim, wong Kaslukhim -- iki kang padha nurunake wong Filisti -- lan wong Kaftorim.

13. Rama Kanaan peputra Sidon, putrane kang pambajeng lan Het,

14. sarta wong Yebusi, wong Amori, wong Girgasi,

15. wong Hewi, wong Arki, wong Sini,

16. wong Arwadi, wong Semari lan wong Hamati.

17. Turune Rama Sem yaiku Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud, Aram, Us, Hul, Geter, lan Mesekh.

18. Rama Arpakhsad peputra Selah, lan Rama Selah peputra Eber.

19. Rama Eber kagungan putra kakung loro, kang siji asmane Peleg, sabab nalika jaman sugenge, bumi kabagi. Dene kang rayi asmane Yoktan.

20. Rama Yoktan peputra Almodad, Selef, Hazarmawet, Yerakh,

21. Hadoram, Uzal, Dikla,

22. Ebal, Abimael, Syeba,

23. Ofir, Hawila lan Yobab; iku kabeh putrane Rama Yoktan.

24. Rama Sem, Arpakhsad, Selah,

25. Eber, Peleg, Rehu,

26. Serug, Nahor, Terakh,

27. Abram, yaiku Rama Abraham.

Tedhak-turune Rama Abraham

1:28-33

28. Para putrane Rama Abraham yaiku Rama Iskak, lan Rama Ismael.

29. Iki para tedhak turune: Putrane pambajeng Rama Ismael yaiku Nebayot, banjur Kedar, Adbeel, Mibsam,

30. Misyma, Duma, Masa, Hadad, Tema,

31. Yetur, Nafisy lan Kedma; iku para putrane Rama Ismael.

32. Turune ibu Ketura, garwa ampile Rama Abraham: Ibu Ketura iku peputra Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah. Para putrane Rama Yoksan yaiku Syeba lan Dhedhan.

33. Para putrane Midian yaiku: Efa, Efer, Hanokh, Abida lan Eldaa. Iku kabeh padha turune Ibu Ketura.

Tedhak-turune Rama Esau

1:34-42

34. Rama Abraham peputra Rama Iskak. Rama Iskak peputra Rama Esau lan Rama Israel.

35. Para putrane Rama Esau yaiku Elifas, Rehuel, Yeusy, Yaelam lan Korakh.

36. Para putrane Rama Elifas yaiku Teman, Omar, Zefi, Gaetam, Kenas, Timna lan Amalek.

37. Para putrane Rama Rehuel yaiku Nahat, Zerah, Syama lan Miza.

38. Para putrane Rama Seir yaiku Lotan, Syobal, Zibeon, Ana, Dhisyon, Ezer lan Dhisyan.

39. Para putrane Rama Lotan yaiku Hori lan Homam; Rama Lotan kagungan rayi estri, asma Timna.

40. Para putrane Rama Syobal yaiku Alyan, Manahat, Ebal, Syefi lan Onam; para putrane Rama Zibeon yaiku Aya lan Ana,

41. kang nurunake Rama Dhisyon; para putrane Rama Dhisyon yaiku Hamran, Esyban, Yitran lan Kheran.

42. Para putrane Rama Ezer yaiku Bilhan, Zaawan lan Yaakan. Para putrane Rama Dhisyan yaiku Us lan Aran.

Para kang ngasta paprentahan ing Edom

1:43-54

43. Iki para ratu kang padha ngasta paprentahan ana ing tanah Edom, sadurunge Israel kaereh dening ratu: Sang Prabu Bela bin Beor, lan kuthane jenenge Dinhaba.

44. Bareng Sang Prabu Bela seda, Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

45. Sasedane Sang Prabu Yobab, Sang Husyam, saka ing nagarane wong Teman, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

46. Sawuse Sang Prabu Husyam seda, Sang Hadad bin Bedad jumeneng ratu nggentosi panjenengane; iya panjenengane iku kang ngawonake wong Midian ana ing dhaerah Moab, lan kuthane jenenge Awit.

47. Bareng Sang Prabu Hadad seda, Sang Samla, saka ing Masyreka jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

48. Sawuse Sang Prabu Samla seda, Sang Saul saka ing Rehobot-Kali, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

49. Sasedane Sang Prabu Saul, Sang Baal-Hanan bin Akhbor jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

50. Bareng Sang Prabu Baal-Hanan seda Sang Hadad jumeneng ratu nggentosi panjenengane, dene kuthane jenenge Pahi, kang garwa asma Mehetabeel putra putrine Sang Matred, putra putrine Sang Mezahab.

51. Sawuse Sang Prabu Hadad seda, kang dadi kepala-kepalane golongan ing Edom yaiku: Sang Timna, Alya, Yetet,

52. Oholibama, Ela, Pinon,

53. Kenas, Teman, Mibzar,

54. Magdiel lan Iram. Yaiku kang padha dadi kepala-kepala golongan ing Edom.