Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 8 Kitab Sutji (JAV)

Daftar tedhake Rama Benyamin

8:1-28

1. Rama Benyamin peputra Bela, iku pambajenge, Asybel kang angka loro, Ahrah kang angka telu,

2. Noha kang angka papat, lan Rafa kang angka lima.

3. Rama Bela peputra Adar, Gera, Abihud,

4. Abisua, Naaman, Ahoah,

5. Gera, Sefufan lan Huram.

6. Iki para turune Rama Ehud -- iku padha dadi kepala-kepalaning kulawangsa pendhudhuk Geba kang diboyong marang ing pambuwangan, menyang ing Manahat --:

7. Naaman, Ahia lan Gera padha ngangkatake wong-wong mau marang ing pambuwangan; iku nurunake Uza lan Akhihud.

8. Ana ing dhaerah Moab, Rama Saharaim sawuse nundhung Ibu Husim lan Ibu Baara, para garwane, banjur peputra.

9. Anggone peputra karo garwane, kang asma Hodesy, dene putra-putrane mau yaiku Yobab, Zibya, Mesa, Malkam,

10. Yeus, Sokhya lan Mirma, iku para putrane, padha dadi kepala kulawangsa;

11. sadurunge iku karo Ibu Husim wus peputra, yaiku Ahitub lan Elpaal.

12. Para putrane Rama Elpaal yaiku Eber, Misam lan Semed; iki kang ngedegake kutha Ono lan kutha Lod dalah sawewengkone.

13. Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.

14. Rama Ahyo, Sasak, Yeremot,

15. Zebaja, Arad, Eder,

16. Mikhael, Yispa lan Rama Yoha iku para putrane Rama Beria.

17. Rama Zebaja, Mesulam, Hizki, Heber,

18. Yismerai, Yislim lan Yobab iku para putrane Rama Elpaal.

19. Rama Yakim, Zikhri, Zabdi,

20. Elyoenai, Ziletai, Eliel,

21. Adaya, Beraya lan Rama Simrat iku para putrane Rama Simei.

22. Rama Yispan, Eber, Eliel,

23. Abdon, Zikhri, Hanan,

24. Hananya, Elam, Antotia,

25. Yifdeya lan Pnuel iku para putrane Rama Sasak.

26. Rama Samserai, Seharya, Atalya,

27. Yaaresya, Elia lan Rama Zikhri iku para putrane Rama Yeroham.

28. Iku padha dadi kepalaning kulawangsa, para kepala manut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.

Daftar tedhake Rama Saul

8:29-40

29. Nanging kang manggon ing Gibeon ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane asma Ibu Maakha.

30. Putrane pambajeng Rama Abdon, banjur Zur, Kisy, Baal, Nadab,

31. Gedor, Ahyo, Zekher

32. lan Miklot kang nurunake Simea. Iku iya padha tindak lan manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.

33. Rama Ner nurunake Kisy; Rama Kisy nurunake Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul peputra Pangeran Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Pangeran Esybaal.

34. Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.

35. Sang Mikha nurunake Piton, Melekh, Tarea lan Akhas.

36. Sang Akhas nurunake Yehoada; Yehoada nurunake Alemet, Azmawet lan Zimri; Sang Zimri nurunake Moza;

37. Sang Moza nurunake Bina; iki nurunake Rafa; iki nurunake Elasa lan iki nurunake Azel.

38. Sang Azel peputra nenem, iki asma-asmane: Azrikam, Bokhru, Ismael, Searya, Obaja lan Hanan. Iku kabeh putrane Rama Azel.

39. Para putrane Sang Esek, sadhereke, yaiku Ulam, iku pambajenge, banjur Yeusy, iku kang angka loro, lan Elifelet, kang angka telu.

40. Para putrane Sang Ulam iku wong kang kendel-kendel, wong prawira kang gagah prakosa, juru manah; putra wayahe akeh: satus seket. Iku kabeh klebu tedhake Rama Benyamin.