Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 23 Kitab Sutji (JAV)

Wong Lewi padha kaperang-perang lan kaparingan kawajiban

23:1-32

1. Kacarita bareng Sang Prabu Dawud wus ngangkat sepuh lan wus akeh banget yuswane, banjur njumenengake Pangeran Suleman dadi ratu ing Israel.

2. Para panggedhening Israel lan uga para imam sarta para wong Lewi padha diklempakake.

3. Para wong Lewi kang umur telung puluh taun munggah padha kaetung cacahe, pangetunge siji-siji, gunggunge ana telung puluh wolu ewu.

4. -- “Wong iki kang patlikur ewu padha ngawat-ngawatana pagawean ing padalemaning Pangeran Yehuwah; kang nem ewu dadia tetindhih lan hakim;

5. kang patang ewu dadia jaga gapura; lan kang patang ewu gaweane memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan migunakake piranthi-piranthi musik kang wus sunyasa kanggo ngrepekake kekidungan,” mangkono pangandikane Sang Prabu Dawud.

6. Wong mau uga padha kaperang-perang dening Sang Prabu Dawud dadi golongan-golongan manut para putrane Rama Lewi, yaiku Gerson, Kehat lan Merari.

7. Kang kagolong wong Gerson yaiku Ladan lan Simei.

8. Para putrane Rama Ladan yaiku Yehiel, sawijining lelurah, lan Zetam sarta Yoel, gunggung wong telu.

9. Para putrane Rama Simei yaiku Selomit, Haziel, lan Haran, gunggung wong telu; wong iki kang padha dadi leluhure kulawangsa Ladan.

10. Para putrane Rama Simei yaiku Yahat, Ziza, Yeusy lan Beria;iku para putrane Rama Simei, gunggunge papat.

11. Rama Yahat iku kang dadi lurah, dene Rama Ziza iku wong kang angka loro, nanging Rama Yeusy lan Rama Beria putrane ora akeh, mulane mung dadi sakulawangsa lan kalungguhane mung siji.

12. Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel, gunggung papat.

13. Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.

14. Para putrane Nabi Musa, Abdining Allah, digolongake suku Lewi.

15. Para putrane Nabi Musa yaiku Gerson lan Eliezer.

16. Rama Gerson nurunake Sebuel, sawijining lelurah.

17. Rama Eliezer nurunake Rehabya, sawijining lelurah; Rama Eliezer ora peputra liyane, nanging putrane Rama Rehabya iku kehe ngedab-edabi.

18. Rama Yizhar nurunake Selomit, sawijining lelurah.

19. Putrane Rama Hebron yaiku Yeria, sawijining lelurah, Amarya, putra kang angka loro, Yahaziel, putra kang angka telu lan Yekameam, putra kang angka papat.

20. Para putrane Rama Uziel yaiku Mikha, sawijining lelurah, lan Yisia, putra kang angka loro.

21. Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Para putrane Rama Mahli yaiku Eleazar lan Kisy.

22. Bareng Rama Eleazar seda, ora tilar putra kakung, nanging mung putra putri; iki banjur padha digarwa dening para putrane Rama Kisy, sadhereke nak-sanak.

23. Para putrane Rama Musi yaiku Mahli, Eder lan Yeremot, gunggung telu.

24. Yaiku bani Lewi manut kulawangsane, para leluhure kulawangsane, nalika padha didaftar siji-siji cundhuk karo wilangane jenenge, urut-urutan, kang umur rong puluh taun munggah, iku kang kawajiban nindakake pagawean ing bab tata-pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

25. Amarga Sang Prabu Dawud wus ngandika: “Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wus ngganjar kaslametan marang umate, sarta Panjenengane dedalem ana ing Yerusalem ing salawas-lawase.

26. Dadine wong Lewi wus ora usah ngusung padaleman suci maneh lan sakehing piranti kang kanggo nindakake pangibadah ana ing kono.”

27. Saba miturut dhawuhe Sang Prabu Dawud kang kari, kabeh kang kadaftar iku para turune Rama Lewi kang umur rong puluh taun munggah.”

28. “Anadene kawajibane yaiku mbiyantu para turune Rama Harun nindakake tatapangibadah ana ing padalemane Pangeran Yehuwah, rumeksa marang plataran, kamar-kamar sarta ing bab njaga resike sakehe barang kang suci apadene nindakake pagawean kang gegayutan karo tatapangibadah ing padalemaning Allah.

29. Uga kawajiban nyawisake roti sesaosan lan glepung kang becik dhewe kanggo kurban dhaharan, roti tipis tanpa ragi, apa kang kapanggang ing piranti pamanggangan, apa kang kaubleg lan sakehe takeran lan ukuran.

30. Sabanjure iya kawajiban ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah ing saben esuk, sarta uga ing saben sore

31. apadene ing nalika ngunjukake sakehe kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, ing dina Sabat, ing sasi anyar lan ing dina gedhe, miturut cacahe kang cocog karo pranatan kang tumindak kanggo wong-wong mau, minangka kawajiban kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

32. Wong-wong mau uga kawajiban rumeksa marang Tarub Suci lan papan suci sarta mbiyantu para tedhake Rama Harun, yaiku para sadulure, ing bab anggone nindakake tata pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.”