Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 15 Kitab Sutji (JAV)

Pethi kaboyong menyang ing Yerusalem

15:1--16:6

1. Sang Prabu Dawud yasa gedhong-gedhong kagem panjenengane piyambak ana ing kuthane Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur cecawis panggonan kanggo pethining Allah lan kadamelake tarub.

2. Nalika iku Sang Prabu Dawud ngandika:“Aja ana wong kang ngusung pethining Allah, kejaba wong Lewi, amarga wong-wong iki kang pinilih dening Pangeran Yehuwah supaya ngusung pethining Yehuwah lan kang rumeksa nganti ing salawas-lawase.”

3. Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud tumuli nimbali wong Israel kabeh menyang ing Yerusalem, kadhawuhan mboyong pethining Yehuwah menyang ing Panggonan kang wus kacawisake.

4. Sang Prabu Dawud ngempalake bani Harun lan wong Lewi:

5. Saka bani Kehat: Sang Uriel, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong satus rong puluh;

6. saka bani Merari: Sang Asaya, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong rong atus rong puluh;

7. Saka bani Gersom: Sang Yoel, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong satus telung puluh;

8. Saka bani Elizafan: Sang Semaya, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong rong atus;

9. saka bani Hebron: Sang Eliel, sawijining pemimpin, lan para sadhereke sakulawangsa: wong wolung puluh;

10. saka bani Uziel: Sang Aminadab, sawijining pemimpin, lan para sadhereke sakulawangsa: wong satus rolas.

11. Sang Prabu Dawud banjur nimbali Imam Zadhok lan Imam Abyatar, sarta para wong Lewi, yaiku Sang Uriel, Sang Asaya, Yoel, Semaya, Eliel lan Sang Aminadab;

12. iku padha dipangandikani mangkene: “Heh, sira padha panggedhening kulawangsane wong Lewi, sira padha sesucia, iya sira kabeh dalah para sadulurira sakulawangsa, banjur padha mboyonga pethining Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, menyang panggonan kang wus suncawisake.

13. Marga saka nalika kapisanan sira padha ora ana, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, banjur ndhawahake bebendu ana ing satengah kita, awit kita ora nyuwun pitedah kaya samesthine.”

14. Mulane para Imam lan para wong Lewi tumuli padha sesuci, marga arep mboyong pethining Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

15. Sawuse mangkono bani Lewi banjur ngusung pethining Allah nganggo pikulan katumpangake ing pundhake, ngetrepi dhawuhe Nabi Musa lan cocog karo pangandikaning Yehuwah.

16. Sang Prabu Dawud dhawuh marang para tetindhihing wong Lewi, supaya para sadulure sakulawangsa padha dikona ngadeg, yaiku para juru ngidung kalawan nggawa pirantine musik, kayata slukat, clempung lan kecer, sarta supaya padha ngunekake lagu-lagu gembira kang sora.

17. Para wong Lewi nuli akon ngadeg marang Heman bin Yoel, lan marang para sadulure sakulawangsane: Asaf bin Berekhya; saka bani Merari, para sadulure sakulawangsane; Etan bin Kusaya;

18. sarta bebarengan karo dheweke kabeh para sadulure pangkat loro: Zakharya, Yaaziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Benaya, Maaseya, Matica, Elifele, Mikneya, lan Obed-Edom sarta Yeiel, para jaga gapura.

19. Para juru ngidung yaiku Heman, Asaf lan Etan kadhawuhan ngunekake lagu nganggo kecer.

20. Zakharya, Aziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Maaseya, Benaya kadhawuhan ngunekake slukat mawa swara dhuwur,

21. dene Matica, Elifele, Mikneya, Obed-Edom, Yeiel lan Azazya kadhawuhan ngunekake clempung kang wolung tataran swara luwih endhek kanggo ngiringi kekidungan.

22. Kenanya tetindhihing wong Lewi, kawajiban usung-usung. Iku dadi kepalane pengangkutan, awit ngreti bab iku.

23. Berekhya lan Elkana iku dadi tukang jaga lawanging pethi;

24. lan Sebanya, Yosafat, Netaneel, Amasai, Zakharya, Benaya lan Eliezer, kabeh dadi imam, iku kang ngunekake kalasangka ana ing ngarepe pethining Allah, dene Obed-Edom lan Yehia iku dadi tukang jaga lawanging pethi mau.

25. Sang Prabu Dawud, para tetuwaning Israel lan para panggedhening wadya-bala sewu banjur padha budhal arep mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah mau saka ing omahe Obed-Edom kalawan bingah.

26. Sarta ing sarehne Gusti Allah paring pitulungan marang para wong Lewi kang padha mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah iku, mulane banjur padha ngunjukake sapi lanang pitu lan wedhus lanang pitu.

27. Sang Prabu Dawud ngagem jubah lena alus, lan uga para wong Lewi kang mboyong pethi mau, lan para juru kidung, lan Kenanya kang manggedheni pengangkutan lan para juru kidung. Sang Prabu Dawud uga ngagem kotang Efod lena.

28. Wong Israel kabeh padha nggotong pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah mau kalawan diiringi surak lan unining kalasangka, nafiri tuwin kecer, kalawan ngunekake dolanan slukat lan clempung.

29. Bareng pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah tekan ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal, putri putrane Sang Prabu Saul, nginguk ing cendhela, wasana banjur mirsani Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa. Mulane sajroning panggalih ngremehake Sang Prabu Dawud.