Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 28 Kitab Sutji (JAV)

Dhawuh piwelinge Sang Prabu Dawud marang Pangeran Suleman bab mbangun Padaleman Suci

28:1-21

1. Kacarita Sang Prabu dawud nglempakake sakehing panggedhe Israel, yaiku para tetindhihing suku, para panggedhening golongan kang ngladeni Sang Prabu, para panggedhening wadya-bala sewu lan panggedhening wadya-bala satus, sarta para kang padha nglurahi raja-brana lan raja-kayane Sang Prabu lan para putrane; karodene para punggawa kraton lan para prawira tuwin sakehe gegedhug kang gagah parkosa.

2. Sang Prabu Dawud banjur jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, heh para saduluringsun lan bangsaningsun! Ingsun kagungan karsa arep yasa dalem pangasoan kanggo pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah lan kagem ancik-anciking sampeyane Gusti Allah kita; ingsun uga wus cecawis kanggo kapreluan iku.

3. Nanging Gusti Allah wus ngandika marang ingsun:Sira ora bakal yasa padaleman kagem asmaningSun, amarga sira iku prajurit lan wus ngwutahake getih.

4. Anadene Pangeran Yehuwah, Gustu Allahe Israel, wus kepareng milih ingsun saka ing antarane sakehe kulawangsaningsun kadadekake ratu ing Israel kanggo ing salawas-lawase; amarga Panjenengane wus milih Yehuda dadi pemimpin, lan kulawangsaningsun saka ing antarane bani Yehuda, sarta saka ing antarane para putrane ramaningsun, Panjenengane kepareng njumenengake ingsun dadi ratu ing saindenging Israel.

5. Sabanjure saka ing antarane putra-putraningsun kabeh -- amarga Pangeran Yehuwah wus paring ganjaran anak akeh marang ingsun -- Panjenengane wus milih putraningsun Suleman supaya nglenggahi dhampar paprentahaning Pangeran Yehuwah ana ing Israel.

6. Panjenengane wus ngandika marang ingsun: Suleman, anakira, iku kang bakal yasa padalemaningSun lan plataraningSun, sabab iku wus Sunpilih Sundadosake putraningSun sarta Ingsun bakal dadi ramane.

7. Karodene Ingsun bakal nyantosakake karajane nganti ing salawas-lawase, uger dheweke tansah nindakake sakehing dhawuh lan pranataningSun kayadene saiki iki.

8. Mulane saiki, kanthi kasumurupan ing Israel kabeh, iya pasamuwaning Sang Yehuwah iki, sarta kalawan kapiyarsakake dening Gusti Allah kita, ingsun mangandikani sira kabeh: Sira padha netepana lan marsudia marang sakehe dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, supaya sira padha lestaria ngenggoni nagara kang becik iki lan marisake marang anak-putunira ing sapungkurira nganti ing salawas-lawase.

9. Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.

10. Wigatekna saiki, sabab Pangeran Yehuwah wus milih sira kakarsakake yasa padaleman kanggo pasucen. Disantosa atinira sarta iku sira lakonana.”

11. Sang Prabu banjur masrahake marang Pangeran Suleman, kang putra, rancangan cengkoronganing pandhapane Padaleman suci dalasan gedhong-gedhonge, gedhong pasimenan, kamar-kamar ndhuwur lan kamar-kamar ing jero sarta kamar kanggo tutup-pangruwatan.

12. Sateruse uga rancangan samubarang kang wus digalih bab plataraning padalemane Pangeran Yehuwah lan kamar-kamar ing sakubenge, bab prabot-praboting padalemane Gusti Allah sarta pasimpenaning barang-barang sengkeran;

13. bab golongan-golonganing para imam lan para wong Lewi tuwin bab sakehing ajaran kang tumuju marang pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah apadene sakehing barang kang kanggo ing pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

14. Sang Nata uga maringake emas sabobote kang kabutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah; sarta iya maringake salaka sabobote kang dibutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah,

15. yaiku emas kanggo padamaran emas, bobote sapira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine padamaran lan damare, lan salaka kanggo gawe padamaran salaka, bobote sapira kang dibutuhake kanggo saben padamaran lan damare, cundhuk karo panganggone saben padamaran ing sajroning pangibadah.

16. Sawuse mangkono uga maringi emas kanggo gawe meja roti sesaosan kanggo siji-sijine meja, tuwin salaka kanggo gawe meja salaka;

17. sateruse uga emas murni kanggo gawe porok; lan bokor panyiraman sarta kendhi, uga kanggo gawe tuwung emas, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung, apadene salaka kanggo gawe tuwung salaka, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung;

18. uga emas kang wus kasengker kanggo gawe misbyah pangobongan dupa, bobote sepira kang dibutuhake, sarta emas kanggo gawe kreta-kretanan kanggo numpangake kerub loro-lorone, kang ngegarake swiwine kanggo ngayomi pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah.

19. Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”

20. Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.

21. Lah golonganing para imam lan para wong Lewi wus cumawis kango sakehing pangibadah ana ing padalemaning Allah, lan wus ana wong sawetara kang kanthi legawaning ati arep mbiyantu sira, kang ahli ing bab nindakake saben pagawean. Mangkono uga para pemimpin lan rakyat iki kabeh iya padha cumadhang marang apa kang sira dhawuhake.”