Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 10 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Saul Seda

10:1-14

1. Wong Filisti perang nglawan wong Israel. Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe wong Filisti lan akeh kang mati ana ing pagunungan Gilboa.

2. Sang Prabu Saul lan para putrane padha kaoyak dening wong Filisti; Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul, padha kasedanan.

3. Peperangan iku tumrap Sang Prabu Saul saya abot. Bareng wadya-bala panahan mrangguli panjenengane, panjenengane banjur ketaton.

4. Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.

5. Bareng kang ngampil dedamele sumurup, manawa Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange, tumuli mati.

6. Dadine Sang Prabu Saul, putrane tetelu lan kulawargane kabeh padha nemahi seda.

7. Bareng sakehe wong Israel kang ana ing lebak padha sumurup, manawa wadya-balane wus padha keplayu sarta Prabu Saul dalah para putrane wus seda, wong-wong mau padha lolos saka ing kutha-kuthane lan padha lumayu uga; wong Filisti banjur padha teka lan manggon ana ing kono.

8. Esuke bareng wong Filisti padha teka mblejedi wong-wong kang mati, padha nyumurupi layone Sang Prabu Saul lan para putrane gumlimpang ana ing pagunungan Gilbea.

9. Banjur padha diblejedi, mustakane Sang Prabu Saul dalah prabote perang kajupuk, kagawa mubeng-mubeng ana ing nagarane wong Filisti kanggo aweh pawarta marang brahala-brahalane lan marang rakyat.

10. Prabote perang Sang Prabu Saul tumuli kadekek ing omahing allahe, nanging mustakane dipaku ana ing omahe Dagon.

11. Bareng wong ing Yabesy-Gilead kabeh padha krungu apa kang katandukake dening wong Filisti marang Sang Prabu Saul,

12. kabeh wong kang gagah prakosa padha tata-tata lan banjur mangkat njupuk layone Sang Prabu Saul lan layone para putrane, digawa menyang Yabesy, balung-balunge padha kapetak ana ing sangisoring wit-witan gedhe ing Yabesy. Sawuse mangkono nuli padha pasa pitung dina.

13. Kaya mangkono sedane Sang Prabu Saul, jalaran saka anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah, ora gondhelan marang pangandikane Sang Yehuwah lan marga saka anggone wus mundhut pitedah marang arwah,

14. lan ora nyuwun pitedahing Sang Yehuwah. Mulane banjur disedani dening Pangeran Yehuwah lan kalenggahaning ratu kaparingake marang Sang Dawud bin Isai.