Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 2 Kitab Sutji (JAV)

Para tedhak-turune Rama Yehuda

2:1-55

1. Iki para putrane Rama Israel: Rama Ruben, Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Zebulon,

2. Dhan, Yusup, Benyamin, Naftali, Gad lan Asyer.

3. Para putrane Rama Yehuda yaiku Er, Onan lan Syela, dadine telu, iku miyos saka putrane putri Sang Syua, priyayi Kanaan. Nanging Er, putrane Rama Yehuda kang pambajeng, iku ora becik ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane banjur dipejahi dening Pangeran Yehuwah

4. Ibu Tamar, mantune Rama Yehuda, peputra Peres lan Zerakh. patutan karo panjenengane. Dadine putrane Rama Yehuda iku kabeh ana lima.

5. Para putrane Rama Peres yaiku Hezron lan Hamul.

6. Para putrane Rama Zerakh yaiku Zimri, Etan, Heman, Kalkol lan Dara, kabeh lima.

7. Turune Rama Karmi yaiku Akhar, kang gawe cilakane wong Israel, amarga ora ngugemi marang dhawuh ing bab barang-barang kang kabengkas.

8. Turune Rama Etan yaiku Azarya.

9. Para putrane Rama Hezron yaiku Yerakhmeel, Ram lan Khelubai.

10. Rama Ram peputra Aminadab, lan Rama Aminadab peputra Nahason, panggedhene bani Yehuda.

11. Rama Nahason peputra Salma lan Ram Salma peputra Boas.

12. Rama Boas peputra Obed lan Rama Obed peputra Isai.

13. Rama Isai peputra Eliab, iku pambajenge, banjur Aminadab, panggulune, Simea, kang angka telu,

14. Netaneel, kang angka papat, Radai kang angka lima.

15. Ozem, kang angka nem, tumuli Sang Prabu Dawud, putra kang angka pitu.

16. Anadene para sadhereke estri yaiku Zeruya lan Abigail. Para putrane Ibu Zeruya yaiku Abisai, Yoab lan Asael, dadi telu.

17. Ibu Abigail peputra Amasa, dene ramane Amasa iku Yeter, wong Ismael.

18. Rama kaleb bin Hezron peputra Yeriot, patutan karo Ibu Azuba, garwane; dene para putrane putri yaiku Yesyer, Sobab lan Ardon.

19. Bareng Ibu asuba wus seda, Rama kaleb krama oleh Ibu Efrat kang peputra Hur.

20. Rama Hur peputra Uri, lan Rama Uri peputra Bezaleel.

21. Sawuse mangkono Rama Hezron krama oleh putrane estri Rama Makhir, ramane Gilead. Nalika krama oleh wanita iku, panjenengane wus yuswa sawidak taun. Iku banjur peputra Rama Segub.

22. Rama Segub peputra Yair, kang ndarbeni padesan telulikur ana ing tanah Gilead.

23. Nanging Hawot-Yair banjur karebut dening Gesur lan Aram, samano uga Kenat lan desa-desa kang klebu ing wewengkone kono, gunggung padesan sawidak. Iku kabeh para turune Rama Makhir, ramane Gilead.

24. Sawuse Rama Hezron seda, Rama Kaleb tumuli nggarwa Ibu Efrata -- garwane Rama Hezron -- Ibu Efrata iku banjur peputra Asyhur, ramane Tekoa.

25. Para putrane Rama Yerahmeel, putrane pambajeng Rama Hezron, yaiku Ram, iki kang pambajeng, banjur Buna, Oren, Ozem lan Ahia.

26. Nanging Rama Yerahmeel kagungan garwa liyane kang asma Atara, iku peputra Onam.

27. Para putrane Rama Ram, putrane pambajeng Rama Yerahmeel, yaiku Maas, Yamin lan Eker.

28. Para putrane Rama Onam yaiku Samai lan Yada, dene Rama Samai peputra Nadab lan Abisur.

29. Garwane Rama Abisur asma Abigail, kang peputra Akhban lan Molid.

30. Para putrane Rama Nadab yaiku Seled lan Apaim; Rama Seled seda ora peputra.

31. Rama Apaim peputra Yesei, dene Rama Yesei peputra Sesan, sarta Rama Sesan peputra Akhlai.

32. Rama Yada, rayine Rama Samai peputra Yeter lan Yonatan. Rama Yeter seda ora peputra.

33. Para putrane Rama Yonatan yaiku Pelet lan Zaza. Iku para turune Rama Yerahmeel.

34. Putrane Rama Sesan ora ana kang kakung, kabeh putri, nanging Rama Sesan kagungan abdi lanang, wong Mesir, jenenge Yarha.

35. Rama Sesan nuli maringake putrane marang Yarha, abdine mau, dadi somahe, iku banjur peputra Atai.

36. Rama Atai peputra Natan, lan Rama Natan peputra Zabad.

37. Rama Zabad peputra Eflal lan Rama Eflal peputra Obed.

38. Rama Obed peputra Yehu, lan Rama Yehu peputra Azarya

39. Rama Azarya peputra Heles, lan Rama Heles peputra Elasa.

40. Rama Elasa peputra Sismai, lan Rama Sismai peputra Salum.

41. Rama Salum peputra Yekamya lan Rama Yekamya peputra Elisama.

42. Para turune Rama Kaleb, rayine Rama Yerahmeel, yaiku Mesa, pambajenge, ramane Zif, lan para putrane Rama Maresa, ramane Hebron.

43. Para putrane Rama Hebron yaiku Korakh, Tapuah, Rekem, lan Sema.

44. Rama Sema peputra Raham, ramane Yorkeam, dene Rama Rekem peputra Samai.

45. Putrane Rama Samai yaiku Maon, lan Rama Maon iku peputra Bet-Zur.

46. Ibu Efa, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Haran, Mosa lan Gazes; Rama Haran peputra Gazes.

47. Para putrane Rama Yohdai yaiku Regem, Yotam, Gesan, Pelet, Efa lan Saaf.

48. Ibu Maakha, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Seber lan Tirhana.

49. Ibu Maakha uga peputra Saaf, ramane Madmana lan Sewa, ramane Makhbena lan ramane Gibea. Putrane Rama Kaleb kang putri asma Akhsa.

50. Iku kabeh turune Rama Kaleb.Para putrane Rama Hur, putra pambajenge Ibu Efrata, yaiku Sobal, ramane Kiryat-Yearim,

51. Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.

52. Turune Rama Sobal, ramane Kiryat-Yearim, yaiku Haroe lan saparone wong Menukhot.

53. Anadene kang kagolong gotrah Kiryat-Yearim yaiku wong Yetri, wong Puti, wong Sumati lan wong Misrai lan iya saka iku asale wong Zora lan wong Esytaol.

54. Turune Rama Salma yaiku Betlehem, wong Nefota, Atarot-Bet-Yoab lan saparone wong Manakhti yaiku wong Zori.

55. Anadene gotrah-gotrahe para ahli tulis kang padha manggon ing Yabes, yaiku wong Tirati, wong Simati lan wong Sukhati. Iku kabeh padha wong Keni turune Hamat, leluhure bani Rekhab.