Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 11 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ing Israel

11:1-3

1. Kabeh wong Israel banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron lan matur: “Kauningana, kawula sadaya punika sami tunggil balung tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.

2. Nalika Sang Prabu Saul ngasta paprentahan, sampun lami anggen paduka mimpin mobah-mosikipun tiyang Israel. Sarta Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, sampun ngandika dhateng paduka: Sira kang kudu ngengon umatingSun Israel, lan iya sira iku kang dadi ratuning umatingSun Israel.”

3. Sakahe para tetuwane Israel tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Nata ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud banjur nganakake prajanjian karo wong-wong mau ana ing Hebron ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Sang Prabu Dawud nuli jinebadan dadi ratu ing Israel, kayadene kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Samuel.

Sang Prabu Dawud ngrebat Yerusalem lan akadhaton ana ing kono

11:4-9

4. Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang Yerusalem, yaiku Yebus, kadherekake dening wong Israel kabeh; anadene kang padha manggon ana ing nagara kono iku wong Yebus.

5. Iku padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Paduka boten badhe saged mlebet mriki.” Nanging Sang Prabu Dawud banjur ngrebat beteng ing Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.

6. Sang Prabu wus ngandika: “Sapa sing dhisik dhewe ngalahake wong Yebus, iku bakal dadi panggedhe lan pemimpin.” Kang banjur maju dhisik dhewe iku Yoab anake Zeruya, mulane nuli kaangkat dadi panggedhe.

7. Sang Prabu Dawud tumuli akadhaton ana ing beteng kono, mulane iku banjur katelah jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud.

8. Sang Prabu nuli nyantosani kutha mau ing saubenge, wiwit saka ing Milo, malah ing saubenge kabeh, dene saluwihe kutha iku dibangun maneh dening Sang Yoab.

9. Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.

Para gegedhuge Sang Prabu Dawud

11:10-47

10. Iki para panggedhe para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud, kang padha nyaosi pambiyantu akeh marang panjenengane, bebarengan karo wong Israel kabeh, ing bab anggone nggayuh kalenggahan ratu, kaya kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap Israel.

11. Iki daftare para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud: Sang Yasobam bin Hakhmoni, tetindhihe prawira telung puluh, iku kalawan ngolahake tumbake bisa nyirnakake mungsuh telung atus ing sajroning nempuh perang sapisan.

12. Nuli Sang Eleazar bin Dhodho wong Ahohi; iki klebu gegedhug kang telu cacahe.

13. Nalika wong Filisti padha pacak baris ana ing Pas-Damim, Sang Eleazar pinuju ndherek Sang Prabu Dawud ana ing kono; ing kono ana pategalan, kang kebak tetanduran sair; bareng wadyabala lumayu saka ing ngarepe wong Filisti,

14. gegedhug telu mau ngadeg ana ing tengahe pategalan kono lan padha bisa ngukuhi tanah iku, malah banjur bisa ngalahake wong Filisti. Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan kang ngleluwihi.

15. Ing sawijining dina panunggalane tetindhih telung puluh mau ana telu kang munggah ing gunung parang sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing sacedhake guwa Adulam; nalika iku wadya-balane wong Filisti makuwon ana ing lebak Refaim.

16. Sang Prabu Dawud ing nalika samana pinuju ana ing beteng gunung, dene wadya-bala Filisti ing nalika iku ngejegi Betlehem.

17. Sang Prabu Dawud nuli katuwuhan pepenginan, pangandikane: “Ah, bok ya ana wong sing menehi ngombe aku banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura.”

18. Wong telu mau banjur nrobos ing patarubane wong Filisti, tumuli nimba banyu ing sumur Betlehem kang ana ing sacedhake gapura, nuli diangkat lan digawa marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, banyune kacaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban unjukan,

19. pangandikane: “Tumindak ingkang makaten punika, dhuh Allah, mugi tinebihna saking kawula. Punapa pantes kawula ngombe rahing toh-nyawanipun tiyang-tiyang punika? Amargi anggenipun sami mbekta toya punika kalayan ngetohaken nyawanipun.” Panjenengane ora karsa ngunjuk. Iku kang ditindakake dening gegedhug telu mau.

20. Sang Abisai, rayine Sang Yoab, iku kang dadi tetindhihing wong telung puluh iku. Lan iya panjenengane iku kang kalawan ngolahake tumbake bisa mateni mungsuh telung atus; mulane banjur dadi kondhang ana ing antarane wong telung puluh mau.

21. Ing antarane wong telung puluh iku, panjenengane kang kajen dhewe, la wong iya dadi tetindhihe, ewa samono ora bisa madhani gegedhug telu mau.

22. Nuli Sang Benaya bin Yoyadha, turune wong gagah prakosa, kang gedhe lelabuhane, kang asale saka Kabzeel. Iku bisa mateni gegedhug Moab loro. Panjenengane iya tau lumebu ing gampeng lan mateni ing nalika dina tekaning salju.

23. Kejaba iku iya tau mateni wong Mesir, kang dhuwure limang asta, mangka wong Mesir iku nyekel tumbak kang kaya giliganing tenunan, nanging wong mau banjur diparani kalawan nggawa teken, tumbake direbut saka ing tangane wong Mesir mau, kang banjur dipateni kalawan tumbake dhewe.

24. Iku kang ditindakake dening Sang Benaya bin Yoyadha. mulane dadi kondhang ana ing antarane gegedhug telung puluh mau.

25. Pancen ana ing antarane wong telung puluh mau, panjenengane kang kajen dhewe, nanging iya ora bisa madhani gegedhug telu kasebut ing ngarep. Sang Benaya iku kaangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening prajurit pengawale Sang Nata.

26. Sabanjure para prawira kang gagah prakosa liyane yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, nuli Sang Elhanan bin Dhodho saka Betlehem:

27. Sang Samot, wong Harod; Sang Heles, wong Peloni;

28. Sang Ira bin Ikesy, wong Tekoa; Sang Abiezer, wong Anatot;

29. Sang Sibkhai, wong Husa; Sang Ilai, wong Ahohi;

30. Sang Maharai, wong Netofa; Sang Heled bin Baaha, wong Netofa;

31. Sang Itai bin Ribai, saka ing Gibea, wong Benyamin; Sang Benaya, wong Piraton;

32. Sang Hurai saka ing lebak-lebak Gaas; Sang Abiel, wong Bet-Araba;

33. Sang Azmawet, wong Bahurim; Sang Elyakhba, wong Saalbon;

34. Sang Hasyem, wong Gizon; Sang Yonatan bin Sage, wong Harari;

35. Sang Abiam bin Sakhar, wong Harari; sang Elifal bin Ur;

36. Sang Hefer, wong Mekherati; Sang Ahia, wong Peloni;

37. Sang Hezro, wong Karmel; Sang Naarai bin Ezbai;

38. Sang Yoel, sadulure Natan; Sang Mibhar bin hagri;

39. Sang Zelek, wong Amon; Sang Maharai, wong Beerot, kang ngampil dedamele Sang Senapati Yoab, putrane Sang Zeruya;

40. Sang ira, wong Yetri; Sang Gareb, wong Yetri;

41. Sang Uria, wong Het; Sang Zabad bin Ahlai;

42. Sang Adina anake Ziza, wong Ruben, tetindhihe para wong Ruben, bebarengan wong telung puluh;

43. Sang Hanan bin Maakha; Sang Yosafat, wong Mitni;

44. Sang Uzia, wong Azytarot; Sang Syama lan Sang Yeiel, para putrane Sang Hotam wong Aroer;

45. Sang Yediael bin Simri, lan Sang Yoha, sadhereke, wong Tizi;

46. Sang Eliel, wong Mahawim; Sang Yeribai lan Sang Yosawya, para putrane Sang Elnaam; Sang Yitma, wong Moab;

47. Sang Eliel, Obed lan Sang Yaasiel, wong Mezobaya.