Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 14 Kitab Sutji (JAV)

Kraton lan brayate Sang Prabu Dawud

14:1-7

1. Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, ngintunake utusan marang Sang Prabu Dawud kalawan nggawa kayu Eres, tukang-tukang batu lan tukang-tukang kayu arep yasa kadhaton kagem Sang Prabu.

2. Ing kono Sang Prabu Dawud mangertos, manawa Pangeran Yehuwah wus netepake anggone jumeneng ratu ing Israel, awit drajating paprentahane kaluhurake marga saka Israel umate.

3. Sang Prabu Dawud mundhut garwa maneh sawetara ana ing Yerusalem, lan banjur kagungan putra maneh kakung lan putri.

4. Iki asmane para putra kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Syamua, Sobab, Natan, Suleman,

5. Yibkhar, Elisua, Elpelet,

6. Nogah, Nefeg, Yafia,

7. Elisama, Beelyada lan Elifelet.

Sang Prabu Dawud ngawonake wong Filisti

14:8-17

8. Bareng wong Filisti krungu, manawa Sang Prabu Dawud wus kajebadan dadi ratu ing saindenging Israel, wong Filisti kabeh banjur tumandang arep nyekel Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud mireng bab iku, tumuli tindak methukake.

9. Nalika wong Filisti padha teka lan nempuh lebak Refaim,

10. Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Punapa kawula kapareng tumandang nglawan tiyang Filisti punika saha punapa Paduka badhe masrahaken tiyang-tiyang punika dhateng ing tangan kawula?” Paring wangsulane Sang Yehuwah: “Mangkata, Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tanganira.”

11. Sang Prabu Dawud nuli bidhal menyang ing Baal-Perazim; wong Filisti padha kagecak ana ing kono. Sang Prabu Dawud ngandika: “Gusti Allah wus nrobos mungsuhku lumantar aku kaya panrobosing banyu.” Mulane panggonan kono banjur kaaranan Baal-Perazim.

12. Wong Filisti padha ninggal allah-allahe ana ing kono, lan awit saka dhawuhe Sang Prabu Dawud iku padha kaobongan nganti tapis dening wong Israel.

13. Nalika wong Filisti padha nempuh lembah iku maneh,

14. Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah banjur paring wangsulan, pangandikane: “Sira aja nempuh saka ing burine, nanging sira ngubengana wong-wong iku, supaya kena sira tempuh saka ing wit-witan baka.

15. Lan manawa sira krungu swara kaya ana kang lumaku ing pucuking wit-wit baka mau, sira nuli metua majua perang, sabab Gusti Allah wus miyosi perang ana ing ngarepira lan bakal ngawonake wadya-balane wong Filisti.”

16. Sang Prabu Dawud tumuli nglampahi sadhawuhing Allah marang panjenengane, wadya-bala Filisti kagecak, wiwit saka ing Gibeon nganti tekan ing Gezer.

17. Asmane Sang Prabu Dawud banjur misuwur ana ing sakehing nagara, sarta Pangeran Yehuwah ndhatengake rasa giris marang panjenengane ana ing atine sakehe bangsa.