Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 12 Kitab Sutji (JAV)

Para pandhereke Sang Prabu Dawud ana ing Ziklag

12:1-22

1. Iki para wong kang padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Ziklag, sasuwene panjenengane sumingkir marga saka Sang Prabu Saul bin Kisy. Iku uga padha kagolong para prawira kang mbiyantu panjengane ana ing peperangan.

2. Iku padha sikep gegaman panah, kang bisa mbalangake watu lan nglepasake panah saka ing gendhewa nganggo tangan tengen utawa tangan kiwa. Wong-wong iku padha sadherek tunggal taler karo Sang Prabu Saul, kegolong wong Benyamin:

3. Sang Akhiezer, tetindhihe, lan Sang Yoas, para putrane Sang Semaa wong Gibea; Sang Yeziel lan Sang Pelet, para putrane Sang Azmawet, Sang Berakha lan Sang Yehu, wong Anatot;

4. Sang Yismaya, wong Gibeon, sawijining gegedhug ing antarane wong telung puluh kasebut ing ngarep, kang manggedheni wong telung puluh; Sang Yirmiya, Yehaziel, Yohanan lan Sang Yozabad, wong Gedera;

5. Sang Eluzai, Yerimot, Bealya, Semarya lan Sang Sefaca, wong Harufi;

6. Sang Elkana, Yisia, Azariel, Yoezer lan Sang Yasobam, para wong Korakh;

7. Sang Yoela lan Sang Zebaja, para putrane Sang Yeroham, saka ing Gedor.

8. Panunggalane wong Gad uga ana kang misah lan sowan ing ngarsane Sang Dawud ana ing beteng ing pasamunan, yaiku para prawira kang gagah prakosa, wong kang sembada ing perang, kang pinter olah tameng lan tumbak sarta rupane kaya singa lan cukat kaya kidang ing pagunungan.

9. Sang Ezer, tetindhihe, Sang Obaja, wong kang angka loro; Sang Eliab, wong kang katelu;

10. Sang Mismana, wong kang angka papat; Sang Yirmiya, wong kang kalima;

11. Sang Atai, wong kang angka nenem; Sang Eliel, wong kapitu;

12. Sang Yohanan, wong kang kawolu; Sang Elzabad, wong kang kasanga.

13. Sang Yirmiya, wong kang angka sapuluh; Makhbani, wong kang kasewelas.

14. Iku padha panunggalane bani Gad, padha dadi tetindhihing wadya-bala; wong siji kang cilik dhewe keconggah nglawan wong satus, dene kang gedhe dhewe keconggah nandhingi wong sewu.

15. Iya wong-wong iku kang nyabrang ing bengawan Yarden ing sasi kapisan, sanadyan bengawan iku luber sarta iya wong-wong iku kang nglungakake sakehe wong kang padha manggon ing sisih wetan lan sisih kulon.

16. Bani Benyamin lan bani Yehuda ana saperangan kang sowan ing ngarsane Sang Dawud ana ing beteng mau,

17. Sang Dawud tumuli miyos methukake para wong mau. Pangandikane marang wong-wong mau mangkene: “Manawa anggonmu padha marani aku iki kanthi sedya kang becik, arep mbiyantu aku, aku bakal saeka-praya kalawan kowe kabeh, nanging manawa sedyamu arep padha ngulungake aku marang satruku kalawan paekan, mangka aku ora tumindak daksiya, muga Gusti Allahe leluhur kita nguningani bab iku lan maringana paukuman marang kowe kabeh.”

18. Ing kono Sang Roh banjur menuhi Sang Amasai, tetindhihe wong telung puluh mau, temah unjuke:Kawula punika sami kagem paduka, dhuh Sang Dawud,saha sami ndherek paduka, dhuh putranipun Sang Isai!Tentrem-rahayu, tentrem-rahayu wontena ing padukasaha tentrem rahayu wontena ing pambantu paduka,sabab ingkang mitulungi paduka punika Gusti Allah paduka!Wong-wong mau banjur padha didadekake tetindhihing wadya-bala dening Sang Prabu Dawud.

19. Saka panunggalane Manasye uga ana kang padha mbalik mbiyantu Sang Prabu Dawud, nalika panjenengane bebarengan karo wong Filisti merangi Sang Prabu Saul. Lugune panjenengane iku ora sida mitulungi wong Filisti, sabab para ratu ing kutha-kuthane wong Filisti iku sawuse mutus, banjur ngesahake panjenengane, awit rembage mangkene: “Saged ugi mangke mbalik dhateng Saul, gustinipun, kalayan ngulungaken sirah kita.”

20. Nalika tindak menyang ing Ziklag suku Manasye ana saperangan kang mbalik marang ing panjenengane, yaiku: Sang Adnah, Yozabad, Yediael, Mikhael, Yozabad, Elihu lan Sang Siletai, para tetindhihe wadya-bala sewu saka suku Manasye.

21. Iku padha mbiyantu Sang Dawud nglawan grombolan, amarga kabehe padha prawira lan gagah prakosa sarta dadi tetindhihing wadya-bala.

22. Ing saben dina ndalidir tekane wong kang padha sowan ing ngarsane Sang Dawud sumedya mbiyantu panjenengane, satemah banjur dadi wadya-bala gedhe, kaya wadya-balaning Allah.

Wadya-balane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron

12:23-40

23. Iki cacahe wadya-bala kang sikep gegamaning perang kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron, prelu ngunjukake kalenggahan ing ratu Sang Prabu Saul marang Sang Prabu Dawud, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah.

24. Bani Yehuda kang sikep tameng lan tumbak nem ewu wolung atus, kang siyaga ing perang.

25. Saka bani Simeon para prawira kang gagah prakosa sembada ing perang ana pitung ewu satus.

26. Saka bani Lewi ana patang ewu nem atus,

27. kawuwuhan Sang Yoyadha, pemimpining gotrah Harun lan bebarengan karo panjenengane ana telung ewu pitung atus,

28. sabanjure Sang Zadhok, sawijining prawira enom kang gagah prakosa, kalawan pemimpin ing kulawangsa rolikur.

29. Saka bani Benyamin, para sadhereke Sang Prabu Saul tunggal suku, ana telung ewu, nganti tumeka dhek samana wong-wong mau isih akeh kang tetep sumuyud marang kulawangsane Sang Prabu Saul.

30. Saka bani Efraim rong puluh ewu wolung atus, para prawira kang gagah prakosa wong kang kondhang ana ing antarane para kulawangsane.

31. Saka separone suku Manasye ana wolulas ewu kang katuding kalawan kasebutake jenenge, supaya mangkat lan njumenengake Sang Prabu Dawud dadi ratu.

32. Saka bani Isakhar para wong kang duwe kawruh bab wektu-wektu kang trep, satemah padha nyumurupi apa kang prayoga katindakake dening wong Israel: rong atus, padha dadi kepala karo sakehe sadulure tunggal suku kang dadi reh-rehane.

33. Saka Zebulon wong kang padha sembada ing perang kang bisa ngempakake gegaman warna-warna: seket ewu kang sumanggem nyaosi pambiyantu ora kalawan mangro tingal.

34. Saka Naftali wong sewu, padha dadi pemimpin bebarengan karo wong telung puluh pitu ewu kang asikep tameng lan tumbak.

35. Saka Dhan para wong kang siyaga ing perang: wolu likur ewu nem atus.

36. Saka Asyer para wong kang sembada lan pinter ing perang: patang puluh ewu.

37. Saka ing sabrange bengawan Yarden, yaiku saka suku Ruben, Gad lan separone suku Manasye liyane, para wong kang sikep gegamaning perang warna-warna: satus rong puluh ewu.

38. Kabeh mau, prajurit, wong kang padha nggolong dadi sabarisan kang siyaga ing perang; kaya mangkono anggone padha sowan menyang Hebron sumedya njumenengake Sang Prabu Dawud dadi ratu ing saindenging Israel kabeh kalawan tulusing ati; sakehe wong Israel liyane pancen iya wus padha saiyeg arep njumenengake Sang Prabu Dawud dadi ratu.

39. Anggone ana ing kana, tetunggilan karo Sang Prabu Dawud, suwene telung dina, padha ndherek dhahar lan ngunjuk, awit para sadulure kang nganakake pasugatan.

40. Uga para wong kang manggon ing sacedhake, malah saka bani Isakhar, Zebulon lan Naftali, padha seba nyaosake bahan pangan kalawan kaemotake ing kuldi, unta, bihal lan sapi, yaiku olah-olahan glepung, kuwih woh anjir lan kuwih kismis, anggur lan lenga, sapi lan wedhus, nganti akeh banget, awit ing Israel ana kabungahan.