Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6 Kitab Sutji (JAV)

Wadung kang kumambang

6:1-7

1. Ing sawijining dina ana nabi sagelengan kang matur marang Nabi Elisa: “Cobi kula aturi mirsani, papan ingkang sami kula enggeni celak panjenengan punika kerupeken.

2. Kula sami keparenga kesah dhateng benawi Yarden lan sami badhe mendhet balok nyatunggal saking ngrika, lajeng sami badhe damel griya.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Iya mangkata!”

3. Ana siji kang nuli matur: “Panjenengan mugi karsaa tindak sesarengan kaliyan para abdi panjenengan punika.” Paring wangsulane: “Iya becik, aku dakmelu.”

4. Dadine iya banjur tindak nyarengi wong-wong mau. Bareng wis padha tekan ing bengawan Yarden, nuli padha negori wit-witan.

5. Tumuli kelakon, nalika panunggalane ana siji kang negor wit, wadunge kecemplung ing banyu. Banjur sesambat: “Adhuh bendara kula, punika barang sambutan!”

6. Nanging abdining Allah ngandika: “Ana ngendi tibane?” Wong iku nuli nuduhake prenahe. Nabi Elisa tumuli ngethok kayu, diuncalake mrono, temah wadunge kumambang.

7. Panjenengane banjur ngandika: “Wis, jupuken!” Wong mau nuli mulung tangane njupuk wadunge.

Apa kang katindakake Nabi Elisa ing sajroning perang nglawan nagara Aram

6:8-23

8. Kacarita ratu ing nagara Aram pinuju perang nglawan Israel. Nalika rembagan karo para punggawane, ngandika mangkene: “Ingsun bakal makuwon ana ing panggonan kono utawa ing kana.”

9. Nanging abdining Allah utusan wong sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel, kadhawuhan matur: “Ingkang ngatos-atos, sampun ngantos langkung ing panggenan punika, amargi tiyang Aram sampun sami mandhap mriku.”

10. Awit saka iku Sang Nata ing Israel dhawuh supaya wong padha menyang ing panggonan kang dipangandikakake dening abdining Allah. Mangkono anggone Nabi Elisa ngengetake panjenengane, supaya kang ngatos-atos, iku ora mung ping pisan ping pindho.

11. Ing kono panggalihe Sang Nata ing Aram banjur bingung banget, nuli nimbali para punggawane, padha dipangandikani: “Apa sira ora padha bisa caos katrangan marang ingsun, panunggalan kita iku sapa ta kang sakuthon karo ratu ing Israel?”

12. Nanging salah sawijining punggawane munjuk: “Boten, dhuh gusti kawula Sang Prabu, namung kemawon Nabi Elisa, Nabi ingkang wonten ing Israel, punika ingkang ngaturi uninga dhateng ratu ing Israel bab pangandika ingkang kalairaken dening gusti kawula wonten ing kamar pasarean dalem.”

13. Sang Nata ngandika: “Sira lungaa, golekana panggonane, supaya ingsun bisa utusan nyekel wong iku.” Nuli padha matur: “Wonten ing Dotan.”

14. Sang Prabu banjur ngintunake bala jaranan lan bala kretan sarta wadya-bala gedhe. Tekane ing wayah bengi, nuli ngepung kuthane.

15. Bareng rencange abdining Allah esuk uthuk-uthuk tangi lan metu menyang ing jaba, katon ana wadya-bala jaranan lan kretan kang ngepung kutha iku. Rencange mau tumuli matur marang panjenengane: “Adhuh, bilai bendara kula! Kadospundi punika sakecanipun?”

16. Paring wangsulane: “Aja wedi, amarga kang nunggal karo kita iku kehe ngungkuli kang padha nunggal karo wong-wong iku.”

17. Nabi Elisa banjur ndedonga: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun, supados piyambakipun sumerep.” Pangeran Yehuwah tumuli mbikak mripate batur mau, satemah bisa sumurup. Gununge katon kebak prajurit jaranan lan kretan kang murub, kang ana ing sakubenge Nabi Elisa.

18. Bareng wong Aram padha mudhun marani, Nabi Elisa ndedonga marang Sang Yehuwah: “Mugi Paduka karsaa micakaken tiyang-tiyang punika.” Pangeran Yehuwah iya banjur micakake mripate wong-wong mau, nocogi pandongane Nabi Elisa.

19. Nabi Elisa tumuli ngandika marang wong-wong iku: “Dudu iki dalane lan dudu iki kuthane. Mara melua aku, kowe bakal padha dakterake menyang ing panggonane wong kang padha kokgoleki.” Nuli padha diterake menyang ing Samaria.

20. Bareng wus padha tekan ing Samaria, Nabi Elia munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun tiyang-tiyang punika, supados sami saged ningali.” Pangeran Yehuwah iya nuli mbikak mripate, temahan padha bisa ndeleng, sarta padha kaeraman, dene padha ana ing satengahing kutha Samaria.

21. Sang Nata ing Israel banjur ndangu marang Nabi Elisa, nalika mirsa wong-wong mau: “Punapa tiyang-tiyang punika prayoginipun sami kula pejahi, rama?”

22. Nanging atur wangsulane: “Sampun! Punapa panjenengan dalem adatipun inggih mejahi ingkang panjenengan dalem tawan kaliyan pedhang saha kaliyan jemparing dalem? Sami panjenengan dalem paringi nedha tuwin ngombe, supados sami nedha lan ngombe, saha lajeng kajengipun sami wangsul dhateng ing gustinipun.”

23. Wong-wong mau nuli padha disuguh gedhen-gedhen, lan padha mangan tuwin ngombe. Sawuse mangkono banjur padha diparengake mundur, bali menyang ing ngarsane gustine. Wiwit nalika iku ora ana grombolane wong Aram maneh kang lumebu ing nagara Israel.

Kang katindakake Nabi Elisa, nalika Samaria kakepung

6:24--7:20

24. Kacarita sawuse mangkono Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram nglumpukake sabalane kabeh, banjur nglurug sarta ngepung Samaria.

25. Samaria temah katempuh ing pailan gedhe ing sasuwene kakepung iku, nganti endhas kuldi siji regane wolung puluh sekel selaka lan telek dara saprapat kab rega limang sekel selaka.

26. Kacarita nalika Sang Nata ing Israel tindak-tindak ing dhuwur balowarti, ana wong wadon kang ngaturake kaanane marang Sang Prabu, unjuke: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!”

27. Wangsulane: “Manawa Yehuwah ora mitulungi sira, apa kang ingsun paringake marang sira? Apa saka panuton utawa saka ing pamipitan anggur?”

28. Sang Prabu nuli ndangu: “Ana apa, ta?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Tiyang estri punika cariyos dhumateng kawula: Anakmu lanang iku wenehna, supaya ing dina iki aku padha bisa mangan, dene sesuk genti padha mangan anakku lanang.

29. Dadosipun kawula sami ngolah lan nedha anak kawula. Nanging sareng ing dinten candhakipun kawula cariyos dhateng piyambakipun: Anakmu genti wenehna, padha dipangan, anakipun dipun dhelikaken.”

30. Bareng Sang Nata midhanget ature wong wadon iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan ing sajrone tindak-tindak ana ing dhuwur balowarti iku, wong akeh padha ndeleng anggone mangagem bagor tumempel ing sarirane. Sang Prabu tumuli ngandika:

31. “Ingsun muga kaparingana paukuman mangkene dening Gusti Allah, malah muga ngluwihana kang mangkono iku, manawa ing dina iki sirahe Elisa bin Safat isih dumunung ing badane.”

32. Anadene Nabi Elisa lelenggahan ana ing daleme karo para pinituwa. Sang Nata utusan wong ndhisiki panjenengane, nanging sadurunge kang kautus mau tekan ing ngarsane Nabi Elisa, Nabi Elisa wus ngandika marang para pinituwa iku: “Apa kowe padha sumurup, si tukang mateni iku kongkonan wong ngethok guluku? Padha sing awas, manawa kongkonan iku teka, banjur enggal-enggal inebana lawang sarta wonge iku dedelen ing lawang, supaya ora bisa lumebu. Swaraning tindake gustine rak wus keprungu ana ing buri?”

33. Nalika lagi ngandika mangkono marang wong-wong mau, Sang Nata rawuh manggihi panjenengane. Pangandikane Sang Prabu: “Lah bilai punika dhatengipun saking Pangeran Yehuwah. Damelipun punapa kula ngantos-antos dhumateng Sang Yehuwah malih?”