Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nabi Elisa nuli ngandika: “Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Sesuk kira-kira wayah mangkene glepung kang becik dhewe saseah bakal rega sasekel lan sair rong seah bakal rega sasekel ana ing gapuraning Samaria.”

2. Nanging panggedhening prajurit, kang dadi ajudane Sang Nata, mangsuli marang abdining Allah, ature: “Sanadyan Sang Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, punapa saged ingkang makaten punika?” Paring wangsulane abdining Allah: “Lah kowe bakal nyumurupi iku kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”

3. Kacarita ing ngarep gapura ana wong papat kang padha lara budhugen. Kang siji celathu marang sijine: “Apa prelune aku padha linggihan ana ing kene nganti mati?

4. Manawa kandha: Ayo padha lumebu ing kutha, kutha lagi katempuh ing pailan, aku bakal padha mati ana ing kana. Dene manawa ana ing kene, iya bakal padha mati. Mulane saiki ayo padha mbalik bae menyang ing pabarisane wadya-bala Aram. Manawa aku padha ditogake bae, aku iya bakal padha urip, dene manawa dipateni, iya padha mati.”

5. Bareng wis repet-repet tumuli padha ngadeg lan padha lumebu menyang ing pabarisane wong Aram. Nanging nalika tekan ing pinggiring papan pabarisane wong Aram, ing kono wus ora ana wonge.

6. Sabab Pangeran Yehuwah wus damel wadya-bala Aram padha krungu swaraning kreta, jaran lan wadya-bala gedhe, satemah padha sapocapan: “Lah ratu ing Israel wus mundhut tulung kalawan nyaosi atur-atur marang para ratune wong Het lan para ratune wong Mesir supaya padha nempuh marang kita.”

7. Mulane tumuli mak nyat padha ngadeg lan ing wayah repet-repet iku padha lumayu; tarub-tarube, jaran-jarane, kuldi-kuldine lan pakuwone padha ditinggal mangkono bae, padha lumayu ngungsi urip.

8. Bareng wong kang padha lara saraat mau tekan ing pinggiring pakuwon, tumuli padha lumebu ing sawijining tarub lan banjur mangan sarta ngombe. Sawuse mangkono, nuli padha njupuki saka ing kono emas lan selaka tuwin sandhangan banjur lunga ndhelikake barang-barang mau kabeh. Nuli padha bali, lumebu ing tarub liyane sarta uga ngangkati barang-barang saka ing kono, lan sawuse mangkono banjur padha lunga ndhelikake barang-barang mau.

9. Tumuli padha sapocapan: “Kang padha daklakoni iki ora becik. Iki dina becik, nanging aku kok padha meneng-menengan bae. Manawa aku padha ngenteni nganti wayah raina, aku mesthi bakal padha tampa paukuman. Mulane saiki ayo padha sowan ngunjuki uninga bab iki menyang ing kedhaton.”

10. Wong mau nuli padha mangkat lan banjur nguwuh-uwuh marang para kang jaga gapuraning kutha lan nyaritakake marang wong-wong iku, tembunge: “Kula sampun sami lumebet ing pakuwonipun tiyang Aram, jebul ing ngriku sampun boten wonten tiyang saha sampun boten kepireng swaraning tiyang, ingkang wonten namung kapal kaliyan kuldi cancangan; tarub-tarub sami dipun tilar mekaten kemawon.”

11. Wong kang jaga gapura mau banjur padha celuk-celuk lan martakake bab iku menyang ing kraton.

12. Sanadyan isih bengi, Sang Nata uga nuli wungu lan ngandika marang para punggawane: “Sira padha dakpituturi, apa karepe wong Aram iku tumrap kita. Wong iku padha sumurup, manawa kita iki padha nandhang kaluwen, mulane padha metu saka ing pakuwone lan padha ndhelik ana ing teba kalawan mikir: Manawa wong Israel metu saka ing kutha, bakal padha dakcekel urip-uripan, aku nuli padha lumebu ing kutha.”

13. Salah sawijining punggawane munjuk: “Sumangga kita sami mendhet kapal gangsal saking kekantunanipun ingkang taksih wonten ing kitha punika; badhenipun rak sami kaliyan sakathahing tiyang Israel, ingkang sampun sami tiwas pejah punika! Punika kemawon sumangga kita lampahaken, lajeng sami ngyektosaken kawontenanipun.”

14. Sawuse mangkono banjur padha njupuk kreta loro sajarane; Sang Nata nuli dhawuh marang wong-wong mau supaya nglari parane wadya-bala Aram, pangandikane: “Padha mangkata, satitekna!”

15. Banjur padha nututi nganti tekan ing bengawan Yarden, lah saurute dalan iku katon kebak sandhangan lan piranti kang padha dibuwang dening wong Aram nalika padha gugup lumayu. Para utusan nuli bali lan munjuk bab iku marang Sang Prabu.

16. Para wong kang manggon ing kutha tumuli padha metu njarah rayah papan pakuwone wong Aram. Marga saka iku glepung kang becik dhewe rega sasekel saseahe, lan sair rong seah regane sasekel, nocogi pangandikane Sang Yehuwah.

17. Anadene panggedhe prajurit kang dadi ajudane Sang Prabu mau kadhawuhan njaga ana ing gapura, nanging iku tumuli kapidak-pidak dening rakyat ana ing kono nganti mati, laras karo pangandikane abdining Allah, kang kaucapake nalika Sang Nata rawuh manggihi panjenengane.

18. Sabanjure kelakon uga apa kang diaturake abdining Allah marang Sang Prabu: “Benjing-enjing watawis ing wanci makaten punika wonten ing sakethenging kitha Samaria sair kalih seah badhe regi sasekel saha glepung ingkang sae piyambak saseah badhe regi sasekel.”

19. Nalika iku panggedhening prajurit mau matur marang abdining Allah: “Sanadyan Pangeran Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, bab punika kados pundi sagedipun kalampahan?” Nanging Nabi Elisa ngandika: “Lah kowe bakal sumurup kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”

20. Mangkono tinemune wong mau: Rakyat ngidak-idak dheweke ana ing gapura nganti mati.