Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 2 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Elia minggah ing swarga

2:1-18

1. Kacarita nalika Nabi Elia bakal kasengkakake menyang ing swarga dening Pangeran Yehuwah ing satengahe lesus, Nabi Elia mau pinuju tindak saka ing Gilgal kadherekake dening Elisa.

2. Nabi Elia ngandika marang Elisa: “Kowe keria ing kene, sabab Pangeran Yehuwah ngutus aku menyang Betel.” Nanging Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Dadine banjur padha tindak menyang Betel.

3. Ing nalika samana nuli ana nabi ing Betel sapantha kang padha methukake Elisa sarta padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih ing dinten punika bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Sang Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wus mangreti, padha menenga bae!”

4. Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho.

5. Ing nalika iku ana nabi ing Yerikho sapantha kang padha nyedhaki Elisa lan padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Pangeran Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wis ngreti, padha menenga bae!”

6. Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake.

7. Pepanthan nabi mau ana seket kang padha ndherekake, nanging tumuli padha mung ngadeg lan ngawasake saka ing kadohan bae, nalika kekalihe padha jumeneng ing sapinggire bengawan Yarden.

8. Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.

9. Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”

10. Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.”

11. Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus.

12. Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro,

13. sarta banjur ngukup ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba tuwin nuli mangkat mulih lan ngadeg ana ing sapinggire bengawan Yarden.

14. Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang.

15. Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi,

16. kalawan matur: “Sumangga kula aturi mirsani. Panunggilanipun para ingkang abdi punika wonten tiyang jaler seket ingkang kendel-kendel. Tiyang-tiyang punika kajengipun sami kesah ngupadosi bendara panjenengan, mangke panjenenganipun gek dipun angkat dening Rohipun Sang Yehuwah lajeng kauncalaken dhateng ing nginggiling salah satunggalipun redi utawa dhateng salah satunggaling lembah.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aja padha kongkonan!”

17. Nanging bareng padha adreng panyuwune nganti ndadekake lingsem, Nabi Elisa nuli ngandika: “Iya wis padha kongkonana!” Tumuli padha kongkonan wong seket. Wong iku padha nggoleki nganti telung dina suwene, nanging ora ketemu.

18. Bareng padha bali menyang ing ngarsane Nabi Elisa, kang isih lereb ana ing kutha Yerikho, padha dipangandikani mangkene: “Aku rak wus kandha: Aja padha mangkat!”

Nabi Elisa damel tawaning banyu ing Yerikho

2:19-22

19. Wong kang manggon ing kutha kono nuli padha matur marang Nabi Elisa: “Sumangga kula aturi mirsani! Kitha punika dunungipun sae, kados ingkang kapirsanan dening bendara kula, nanging toyanipun boten sae tuwin ing nagari punika asring wonten bayi ingkang lair keluron!”

20. Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aku jupukna pinggan anyar, iku isenana uyah.” Iku iya nuli dicaosake.

21. Nabi Elisa banjur tindak menyang ing etuking banyu, tumuli dicemplungi uyah mau kalawan ngandika: “Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Banyu iki wus Sundadekake tawa, sarta bakal ora kelakon maneh ana kang mati utawa bayi kang lair keluron marga saka iku.”

22. Temahan banyune dadi tawa nganti ing dina iki nocogi pangandika kang wus kawedharake dening Nabi Elisa mau.

Bocah-bocah ing Betel padha moyoki Nabi Elisa

2:23-25

23. Nabi Elisa tumuli tindak saka ing kono menyang ing Betel. Nalika panjenengane tindak minggah, ana bocah-bocah kang padha metu saka ing kutha kono kang banjur padha moyoki panjenengane kalawan nguwuh: “He buthak, munggaha; munggaha, he buthak!”

24. Nabi Elisa banjur mengo, lan bareng mirsa bocah-bocah mau, banjur padha diipati-ipati dhemi asmaning Pangeran Yehuwah. Tumuli ana bruwang loro kang metu saka ing alas, kang nyempal-nyempal panunggalane bocah-bocah mau patang puluh loro.

25. Saka ing kono Nabi Elisa banjur tindak menyang ing gunung Karmel lan saka ing kono wangsul menyang ing Samaria.