Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 24 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika jamane Sang Prabu Yoyakim iku, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi perang. Sang Prabu Yoyakim katelukake lan banjur dadi kawulane lawase telung taun, nanging ing pamburine Sang Prabu Yoyakim mbalik mbalela marang panjenengane.

2. Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake grombolan-grombolan saka ing tanah Kasdim, saka ing Aram, saka ing Moab lan grombolan-grombolan bani Amon, kang padha nglawan Sang Prabu Yoyakim. Pangeran Yehuwah kang ngutus iku kabeh supaya nglawan lan nyirnakake Yehuda, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang wus kalairake lumantar para abdine, yaiku para nabi.

3. Iki tumanduke marang Yehuda nyata-nyata cundhuk kalawan pangandikaning Sang Yehuwah anggone bakal nyingkirake wong-wong mau kabeh saka ing ngarsane marga saka dosa-dosane Sang Prabu Manasye, wis murwat karo sakehing panggawene,

4. lan marga saka getih kang ora luput kang wus kawutahake, awit Sang Nata wis damel Yerusalem kebak getihe wong kang ora luput, lan iku Pangeran Yehuwah ora karsa ngapura.

5. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoyakim lan sakehe pandamele, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

6. Sang Prabu Yoyakim tumuli kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, dene Pangeran Yoyakhin kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

7. Dene ratu ing Mesir ora miyos nglurug perang saka ing nagarane maneh, sabab ratu ing Babil wus ngrebut sakehe wewengkon kang klebu wilayahe Sang Nata ing Mesir, wiwit saka ing kali Mesir nganti tumeka ing bengawan Efrat.

Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda

24:8-17

8. Pangeran Yoyakhin nalika jumeneng ratu iku yuswane wolulas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi. Kang ibu asma Nehusta, putri putrane Sang Elnatan, saka ing Yerusalem.

9. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah padha kaya kang katindakake kang rama.

10. Ing nalika iku para abdine Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nempuh Yerusalem sarta kutha iku banjur kakepung.

11. Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, uga rawuh lan nempuh kutha iku, nalika para abdine lagi padha ngepung.

12. Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, nuli miyos manggihi Sang Nata ing Babil, panjenengane piyambak, kang ibu, para punggawane, para panggedhene lan para abdine ing kedhatone. Sang Prabu banjur kacepeng dening Sang Nata ing Babil, ing taun kang kaping wolune ing jaman paprentahane.

13. Sang Prabu Nebukadnezar nuli mundhuti sakehe barang ing pasimpenane padalemaning Sang Yehuwah lan barang-barang ing pasimpenaning kraton; emasing sakehe prabot yasane Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha diklentheki kabeh, ngetrepi apa kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

14. Sabanjure wong kang manggon ing Yerusalem padha diboyongi kabeh diparakake marang ing pambuwangan, dalah sakehe panggedhe lan prawira kang gagah prakosa; cacahe tawanan ana sepuluh ewu, mangkono uga sakehe tukang lan pandhe; ora ana kang dikarekake, kajaba mung para wong kang kagolong rakyat jembel.

15. Sang Prabu Yoyakhin kapurugake marang ing pambuwangan ing Babil, uga kang ibu, para garwane Sang Nata, para abdi ing kedhatone lan para panggedhe ing nagara kono, iku padha kaboyongan dadi wong buwangan saka ing Yerusalem menyang ing Babil.

16. Sakehe wong kang gagah prakosa, cacahe pitung ewu, para tukang lan pandhe, cacahe sewu, sakehe wong prawira kang kendel ing perang, iku kabeh padha kaboyongan dening Sang Nata ing Babil, kabuwang menyang ing Babil.

17. Sang Nata ing Babil banjur njumenengake ratu Sang Matanya, kang paman Sang Prabu Yoyakhin, nggentosi panjenengane, sarta nyantuni asmane Sang Matanya dadi Zedhekia.

Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda. Karajan Yehuda ambruk

24:18--25:21

18. Pangeran Zedhekia nalika jumeneng ratu iku yuswane selikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sewelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putri putrane Sang Yeremia, saka ing Libna.

19. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoyakim.

20. Awit marga saka dukane Pangeran Yehuwah, bab iku mau tumanduk marang Yerusalem lan Yehuda, yaiku bab anggone padha kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing pangayunane.Kacarita Sang Prabu Zedhekia mbalela marang Sang Nata ing Babil.