Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 16 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Akhas, raja ing Yehuda

16:1-20

1. Ing taun kang kaping pitulase jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, Pangeran Akhas putrane Sang Prabu Yotam, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

2. Nalika jumeneng iku Sang Prabu Akhas yuswa rong puluh taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Panjenengane ora nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kayadene Sang Prabu Dawud, leluhure,

3. nanging sugenge niru pandamele para ratu ing Israel, panjenengane malah misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, kayadene panggawe nistha kang katindakake dening para bangsa kang wus kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

4. Panjenengane sesaji lan mbesmi kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan lan ing panggonan-panggonan kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit-witan kang ngrembuyung.

5. Ing nalika samana Sang Prabu Rezin, ratu ing Aram, lan Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang merangi Yerusalem, banjur ngepang Sang Prabu Akhas, nanging ora bisa nelukake panjenengane.

6. Ing nalika iku Sang Prabu Rezin, ratu ing Aram, mangsulake Elat marang Edom, wong-wong Yehuda banjur padha ditundhungi saka ing Elat. Wong Edom nuli padha menyang Elat lan padha manggon ana ing kono nganti saprene.

7. Sang Prabu Akhas tumuli ngintunake utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Tiglat-Pileser, ratu ing Asyur, kadhawuhan ngunjukake ature mangkene: “Kula punika ingkang abdi lan ingkang putra, mila mugi karsaa rawuh ngluwari kula saking ing astanipun ratu ing Aram saha saking ing astanipun ratu ing Israel, ingkang sami merangi kula.”

8. Sang Prabu Akhas banjur mundhuti selaka lan emas kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton sarta kacaosake marang Sang Prabu ing Asyur minangka pisungsung.

9. Sang Prabu ing Asyur iya karsa mirengake panyuwune lan banjur nglurug menyang ing Damsyik; Damsyik diejegi, para pendhudhuke padha diboyongi menyang ing Kir, dadi tawanan, dene Sang Prabu Rezin disedani.

10. Sawuse mangkono Sang Prabu Akhas tindak manggihi Sang Prabu Tiglat-Pileser, ratu ing Asyur, menyang ing Damsyik. Bareng Sang Prabu Akhas mirsa misbyah kang ana ing Damsyik, tumuli ngintuni marang Imam Uria ukuran lan gambar wewujudane misbyah mau, plek manut panggawene.

11. Imam Uria iya yasa misbyah kang mangkono iku, ngepleki katrangan kang dikintunake Sang Prabu Akhas saka ing Damsyik. Kaya mangkono Imam Uria anggone gawe nalika ngarepake rawuhe Sang Prabu Akhas saka ing Damsyik.

12. Bareng Sang Prabu wus kondur saka ing Damsyik, banjur mirsani misbyah mau: Sang Prabu nuli nyelaki misbyah iku, banjur minggah,

13. mbesmi kurban obaran lan kurban dhaharan, ngesokake kurbane unjuk-unjukan ing misbyah kono, sarta nyirami getih kurban keslametan ana ing misbyah iku.

14. Nanging Sang Prabu banjur dhawuh supaya misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kasingkirake saka ing ngarepe padalemaning Sang Yehuwah, saka ing antarane misbyah anyar lan padaleman mau, lan supaya kadekekna ing salore misbyah anyar.

15. Sang Prabu Akhas tumuli dhawuh marang Imam Uria: “Kurbane obaran esuk lan kurbane dhaharan sore obongen ana ing misbyah gedhe iku, uga kurban obaran lan kurbane dhaharan ratu, sarta kurbane obaran, kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjuk-unjukan rakyat sanagara kabeh; apa maneh kabeh getih kurban obaran lan kabeh getih kurban sembelehan iku sokna ana ing kono. Nanging misbyah tembaga iku urusaningsun.”

16. Imam Uria iya banjur nindakake apa sadhawuhe Sang Prabu Akhas.

17. Sawuse mangkono Sang Prabu Akhas nuli dhawuh netheli blabage tutuping kreta panuwak lan nyingkirake jembangane pasucen saka ing sadhuwure, uga kulahane diundhunake saka ing pepethan sapi tembaga kang nyangga, banjur katumpangake ing watu plesteran.

18. Sabanjure, demi Sang Prabu ing Asyur, pendhapa tutupan kanggo ing dina Sabat, kang wus kaadegake ing padalemaning Sang Yehuwah lan uga lawang lumebu kagem Sang Prabu kang ana ing sisih jaba, iku padha disingkirake.

19. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Akhas lan apa kang katindakake, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

20. Sang Prabu Akhas nuli kepareng ngaso nunggil para leluhure lan disarekake sandhing para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, dene Pangeran Hizkia, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.