Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 4 Kitab Sutji (JAV)

Lengane sawijining randha

4:1-7

1. Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”

2. Paring wangsulane Nabi Elisa: “Apa ta kang bisa daktindakake kanggo kapreluanmu? Coba tutura marang aku, kowe duwe apa ana ing omah?” Wong wadon mau matur: “Kula punika boten gadhah punapa-punapa wonten ing griya, kejawi namung lisah sagendul alit.”

3. Nabi Elisa nuli ngandika: “Lungaa, njaluka wadhah marang sakehing tanggamu ing jaba, wadhah-wadhah kang kothong, aja nganti kesithiken.

4. Tumuli lumebua ing omah, sawise kowe lan anak-anakmu padha lumebu, lawange kancingen, lengane banjur isokna ing sakehing wadhah mau. Endi sing wis kebak, iku singkirna!”

5. Wong wadon iku nuli mundur saka ing ngarsane; sawuse lumebu ing omah karo anak-anake, lawange banjur dikancing; anak-anake padha nyedhakake wadhah-wadhah marang ibune, dene ibune terus bae anggone ngiseni.

6. Bareng wadhah-wadhahe wus kebak, wong wadon iku celathu marang anake: “Aku wenehana wadhah maneh!” Nanging wangsulane: “Sampun boten wonten wadhah malih.” Lengane banjur pampet.

7. Wong wadon mau nuli lunga ngaturi uninga bab iku marang abdining Allah; iku tumuli ngandika: “Lungaa, lenga iku dolen, utangmu saurana sarta turahane anggonen urip saanak-anakmu!”

Wong wadon ing desa Sunem lan anake

4:8-37

8. Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak menyang ing desa Sunem. Ing kono ana wong wadon sugih kang ngaturi rawuh dhahar marang panjenengane. Lan kaping pira bae anggone tindak langkung ing kono, panjenengane mesthi mampir dhahar.

9. Wong wadon mau tutur marang bojone: “Sajatosipun kula sampun mangretos, manawi tiyang ingkang temtu mampir mriki punika abdining Allah ingkang suci.

10. Bok mangga kita damelaken kamar tembok alit wonten ing nginggil lan kita sukani pasarean kagem panjenenganipun, kaliyan meja satunggal, kursi satunggal. Mangke manawi mampir mriki, kita aturi lumebet mriku.”

11. Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak mrono lan banjur lumebet ing kamar dhuwur iku sarta sare ana ing kono.

12. Tumuli ngandika marang Gehazi, abdine: “Wong wadon ing Sunem iku konen mrene.” Wong wadon mau banjur ditimbali lan ngadeg ana ing ngarepe Gehazi.

13. Nabi Elisa maune wus ngandika marang Gehazi: “Kandhaa marang wong wadon iku: Kula sampun sami panjenengan gumatosi kalayan kangelan ngantos samanten punika; punapa ingkang badhe kula walesaken dhateng panjenengan? Punapa wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhumateng Sang Prabu utawi dhateng pangagenging wadya-bala tumrap panjenengan?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Kula punika manggen wonten ing satengahing bangsa kula.”

14. Nabi Elisa nuli ngandika: “Manawa mangkono apa ta kang kena daktindakake kanggo kapreluane wong iku?” Ature Gehazi: “Ah, piyambakipun boten gadhah anak, mangka semahipun sampun sepuh.”

15. Nabi Elisa tumuli ngandika: “Undangen wong iku!” Bareng wus katimbalan, wong wadon iku ngadeg ana ing lawang.

16. Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”

17. Wong wadon iku banjur ngandheg lan duwe anak lanang ing pendhake mangsa iku uga, ing taun candhake, cocog karo pangandikane Nabi Elisa marang dheweke.

18. Bareng bocah mau wus gedhe, ing sawijining dina lunga marani bapakne ana ing satengahe para wong kang padha derep.

19. Dumadakan banjur njerit ana ing ngarepe bapakne: “Adhuh sirah kula, sirah kula!” Bapakne nuli prentah marang batur: “Gendhongen bocah iki, parakna marang ibune!”

20. Bocahe banjur digendhong, digawa mulih diparakake marang ibune. Tumuli lungguh ing pangkone ibune nganti wayah tengange, nanging sawuse iku nuli tinggal donya.

21. Wong wadon mau tumuli munggah, bocahe diturokake ing pasareane abdining Allah. Lawange diinebake lan sawuse mangkono wong wadon iku banjur lunga, dadine mung bocahe thok kang ana ing jero kamar.

22. Bojone nuli diceluk pangucape: “Kula aturi ngintuni salah satunggaling rencang kaliyan mbekta kuldi estri; kula enggal-enggal badhe kesah dhateng ing ngarsaning abdinipun Gusti Allah saha lajeng badhe wangsul.”

23. Bojone celathu: “Sabab apa kowe kok arep mrana ing dina iki? Saiki iki rak ora pinuju tanggal sapisan utawa dina Sabat.” Wangsulane kang wadon: “Sampun kuwatos.”

24. Kuldine tumuli diabah-abahi lan bature diprentahi: “Kuldine tuntunen lan lakokna kang rikat sarta sajrone lumaku aja nganggo mandheg, manawa ora dakkon.”

25. Mangkono wong wadon iku nuli mangkat, lunga menyang ing ngarsane abdining Allah ing gunung Karmel. Bareng abdining Allah mirsa dheweke saka ing kadohan, banjur ngandika marang Gehazi, abdine: “Delengen, wong wadon ing Sunem mrene!

26. Mlayua, pethukna lan takonana: Panjenengan punapa wilujeng, ingkang raka punapa wilujeng, ingkang putra punapa wilujeng?” Wangsulane wong wadon mau: “Wilujeng!”

27. Bareng wis tekan ing gunung, tumuli nyekel sampeyane abdining Allah, nanging banjur dicedhaki Gehazi arep diundurake. Nanging abdining Allah tumuli ngandika: “Cikben ta, atine lagi sedhih! Pangeran Yehuwah damel wados bab iki tumrap aku, aku ora diparingi sumurup.”

28. Wong wadon mau banjur matur: “Punapa kula nyuwun anak jaler dhateng bendara kula? Kula rak sampun matur: Kula sampun ngantos kaparingan pangajeng-ajeng ingkang tanpa isi?”

29. Nabi Elisa nuli ngandika marang Gehazi: “Sabukana, tekenku gawanen lan mangkata. Manawa kowe kepethuk wong, aja kokuluki salam lan yen ana wong kang nguluki salam marang kowe, aja kokwangsuli, tekenku iki banjur tumpangna ing dhuwure bocah iku.”

30. Nanging ibune bocah mau matur: “Dhemi Yehuwah ingkang gesang saha dhemi nyawa panjenengan piyambak, lah kula boten badhe nilar panjenengan.” Nabi Elisa tumuli jumeneng lan tindak ngetutake wong wadon iku.

31. Anadene Gehazi wus mangkat ndhisiki sekarone lan wus numpangake tekene ing dhuwure bocahe, nanging ora ana swara lan ora ana tandha-tandhane yen urip. Nuli bali methukake Nabi Elisa sarta nyaosi uninga, ature: “Larenipun boten tangi!”

32. Bareng Nabi Elisa lumebet ing omah, bocahe nyata wus mati sumeleh ing paturone.

33. Sawuse lumebet, lawange tumuli kainebake, dadine mung kari panjenengane piyambak lan bocahe kang ana ing kamar. Nabi Elisa banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.

34. Bocahe nuli dirungkebi, tutuke ditempelake ing cangkeme, lan paningale katempelake ing mripate, sarta astane katumpangake ing tangane. Sarehne bocahe dirungkebi, awake banjur dadi anget.

35. Sawuse mangkono panjenengane tumuli jumeneng maneh lan mlampah mrana-mrene sapisan ana ing kamar mau; sawuse mangkono nuli ngrungkebi bocahe maneh. Bocahe tumuli wahing nganti ping pitu, banjur melek.

36. Nabi Elisa nuli nimbali Gehazi sarta dhawuh: “Undangen wong wadon ing Sunem iku!” Sawuse ditimbali banjur marek. Nabi Elisa ngandika: “Bopongen anakmu iku!”

37. Wong wadon iku nuli marek nyungkemi sampeyane Nabi Elisa sarta sujud nyembah, raine nganti konjem ing bumi. Anake tumuli dibopong digawa metu.

Pati ing sajroning kwali

4:38-41

38. Bareng Nabi Elisa wangsul menyang ing Gilgal, nagara kono lagi ketaman ing pailan. Nalika ing sawijining dina ana nabi sapantha kang ngadep ana ing ngarsane, panjenengane ngandika marang abdine: “Numpangna kwali kang gedhe dhewe ing geni, nabi sapantha iku olahna kang dipangan.”

39. Panunggalane para nabi iku nuli ana siji kang metu, lunga menyang ing pategalan arep ramban jejanganan, banjur nemu wit sesuluran alasan, nuli methik wohe, yaiku labu alasan, kawadhahan ing jubahe, nganti saprangkul. Sawuse bali, labune diiris-iris, kacemplungake ing kwali olah-olahan mau, sabab padha ora sumurup iku woh apa.

40. Sawuse mangkono wong-wonge padha dicidhukake dipurih mangan, nanging sawuse padha mangan, banjur padha alok: “Dhuh abdining Allah, kwali punika isi ingkang mejahi!” Dadine padha ora tahan mangan.

41. Nanging Nabi Elisa tumuli ngandika: “Njupuka glepung!” Iku nuli dicemplungake ing kwali sarta banjur ngandika: “Saiki wong-wong padha cidhukna, cikben mangan!” Ing kono kwaline wus ora ana apa-apane kang mbebayani.

Paring mangan marang wong satus

4:42-44

42. Tumuli ana wong teka saka ing Baal-Salisa nggawa roti wiwitaning panenan kagem abdining Allah, yaiku roti sair rong puluh lan gandum anyar kawadhahan ing kanthong. Nabi Elisa banjur ngandika: “Iku wenehna marang wong-wong iki, cikben padha mangan.”

43. Nanging abdine matur: “Kados pundi anggen kula saged ngladosaken punika dhateng tiyang satus?” Wangsulane: “Iku wenehna marang wong-wong iku, cikben padha mangan, sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong bakal padha mangan, malah bakal turah.”

44. Wong-wong mau nuli padha diladeni lan banjur padha mangan sarta ana turahane, ngetrepi pangandikane Pangeran Yehuwah.