Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 11 Kitab Sutji (JAV)

Sang Putri Atalya kasedanan lan Pangeran Yoas jumeneng ratu

11:1-20

1. Kacarita bareng Sang Putri Atalya, ibune Sang Prabu Ahazia, mirsa, manawa putrane wus seda, banjur tumandang numpes sakehe turune Sang Prabu.

2. Nanging Sang Putri Yoseba, putri putrane Sang Prabu Yoram, sadhereke putri Sang Prabu Ahazia, nuli mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kakesahake saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang arep padha disedani iku, kalebetake ing gedhong pasimpenan pasarean, bebarengan karo inyane, sarta didhelikake saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora katut disedani.

3. Nem taun lawase anggone ndhelik ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, bebarengan karo wong wadon mau, ing sajrone Sang Putri Atalya ngasta paprentahan ing nagara.

4. Ing taun kang kaping pitune Sang Yoyadha nglempakake para opsir penatus, saka panunggalane wong Kari lan saka wadya-bala panjaga. Iku padha ditimbali marang ing ngarsane ana ing padalemaning Sang Yehuwah, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah ana ing padalemaning Sang Yehuwah, nuli padha dituduhi putrane Sang Prabu.

5. Sawuse mangkono Sang Yoyadha dhawuh marang para prajurit mau: “Iki kang kudu koktindakake: panunggalanmu kang wus rampung anggone nglakoni kuwajibane ing dina Sabat ana ing kene, iku sapratelon padha jagaa ana ing kraton,

6. sapratelon maneh anaa ing gapura Sur, lan sapratelon anaa ing gapura ing saburine wadya-bala panjaga. Kang jaga ana ing kraton, kudu tetep ana ing kono.

7. Dene panunggalanmu kang rong golongan, yaiku sakehe wong kang kawajibane ana ing kene ing dina Sabat lan jaga ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah,

8. iku kawajiban njaga Sang Prabu ana ing saubenge nganti temu gelang, kalawan nyekel gegaman, lan sapa kang nyedhaki barisan, kudu dipateni. Sabanjure manawa Sang Prabu miyos utawa lumebet kudu didherekake.”

9. Para opsir penatus iku padha tumindak ngetrepi dhawuhe Imam Yoyadha. Siji-sijine padha nggawa wonge, kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat, bebarengan karo wong kang padha lumebu ing dina iku, banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Yoyadha.

10. Sang Imam tumuli maringi marang para opsir penatus mau tumbak lan tameng kagungane Sang Prabu Dawud kang kasimpen ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

11. Para prajurit mau banjur padha mapan ana ing sakiwa tengene padaleman kalawan sikep gegaman, lan ing saubenge misbyah sarta padaleman, padha rumeksa marang Sang Prabu.

12. Sawuse mangkono Imam Yoyadha tumuli ngajak miyos Sang Raja-Putra, kang banjur diagemi makutha lan diaturi ngasta Kitab Toret. Sang Raja-Putra kajumenengake ratu sarta jinebadan, kalawan keplok-keplok wong-wong tumuli padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu!”

13. Bareng Sang Putri Atalya mireng swaraning para prajurit panjaga lan rakyat, banjur tindak menyang ing padalemaning Sang Yehuwah, murugi rakyat mau.

14. Sang Putri nuli mirsa Sang Prabu jumeneng ing sacedhake saka kaya adate kang wus kelakon, kaayap ing para panggedhe lan para kang padha nggawa kalasangka. Rakyat ing nagara padha abungah-bungah kabeh kambi ngunekake kalasangka. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan nguwuh: “Kiyanat, kiyanat!”

15. Nanging Imam Yoyadha tumuli dhawuh marang para opsir penatus, yaiku kang padha manggedheni wadya-bala, pangandikane: “Putri iku gawanen metu saka ing pabarisan! Sing sapa mbelani iku, patenana kalawan pedhang!” Sabab sadurunge Sang Imam wus ngandika: “Aja disedani ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah!”

16. Sang Putri banjur dicepeng. Nalika lumebet ing kedhaton, bareng tekan ing dalan kang kanggo liwat jaran, Sang Putri disedani ana ing kono.

17. Imam Yoyadha tumuli damel prajanjian ing antarane Pangeran Yehuwah kalawan Sang Prabu lan rakyat, yaiku manawa kabeh padha dadi umate Sang Yehuwah; uga antarane Sang Prabu lan rakyat.

18. Sawuse mangkono rakyat ing nagara padha lumebu menyang ing omah kabuyutane Baal kabeh, kang banjur dibubrah. Misbyah-misbyah lan reca-reca padha diremuki; Matan, imame Baal dipateni ana ing ngarepe misbyah-misbyah mau. Imam Yoyadha nuli ngangkat wong kang padha rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah.

19. Sawuse mangkono panjenengane banjur ngajak para opsir penatus, para wong Kari lan wadya-bala panjaga sarta rakyat ing nagara kabeh, kaajak ndherekake miyose Sang Prabu saka ing Padalemaning Sang Yehuwah, tumuli padha lumebu ing kedhaton ngliwati gapura kang kanggo para prajurit. Sang Prabu nuli lenggah ing dhamparing karajan.

20. Rakyat ing nagara padha bungah-bungah kabeh, kutha ing kono kaanane banjur tentrem, bareng Sang Putri Atalya wus disedani kalawan pedhang ana ing kedhaton.

Sang Yoas ratu ing Yehuda

11:21--12:21

21. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Yoas yuswa pitung taun.